Sastra Daerah UNESA, uga minangka Dosen Pembimbing Akademik. 4. .... kode
saka basa Jawa menyang basa Indonesia, (2) alih kode saka basa Jawa ...
skripsi. Masalah dalam penelitian ada tiga, yaitu (1) ragam bahasa apa saja
yang.
BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR ING ADICARA “CAMPURSARI TAMBANE ATI”
SKRIPSI
Dening TAUFAN SETYAWAN 052114015
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH 2010
BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR ING ADICARA “CAMPURSARI TAMBANE ATI”
SKRIPSI
Karacik minangka sarana lan syarat antuk gelar Sarjana Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Universitas Negeri Surabaya
Dening TAUFAN SETYAWAN 052114015
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH 2010
KACA PASARUJUKAN
Usulan panaliten dening
:
Taufan Setyawan
NRM
:
052114015
Irah-irahan
:
“Basa Penyiar TVRI Jawa Timur Ing Adicara Campursari Tambane Ati”
Surabaya, 7 Januari 2010 Pembimbing,
Drs. Surana. S.S, M. Hum NIP. 19681005 199403 1 001
_____________________
KACA PANGESAHAN
Panaliten dening
:
Taufan Setyawan
NRM
:
052114015
Irah-irahan
:
“Basa Penyiar TVRI Jawa Timur Ing Adicara Campursari Tambane Ati”
Skripsi iki wis kauji dening dewan panguji nalika tanggal 14 Januari 2010
Dewan Panguji, 1. Dr. Udjang Pairin. M. Basir, M. Pd. NIP. 19570610 198403 1 003
__________________
2. Drs. Murdiyanto, M. Hum. NIP. 19550210 198503 1 002
__________________
3. Drs. Surana. S.S, M. Hum. NIP. 19681005 199403 1 001
__________________
Pangesahan, Dekan FBS Unesa
Ngawruhi, Ketua Jurusan PBSD
Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan, M.A. NIP. 19561222 198403 1 001
Drs. Sukarman, M.Si. NIP. 19641231 199002 1 003
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH Alamat : Gedung TI Kampus Lidah Wetan, Telp. 031-7522876 pswt.21 SURAT PERNYATAAN PERTANGGUNGJAWABAN PENULISAN SKRIPSI Yang bertanda tangan dibawah ini Nama : Taufan Setyawan Tempat, tanggal lahir : Trenggalek, 10 September 1985 NRM : 052114015 Program studi/angkatan : Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah/2005 Alamat : RT 01 RW 01, Ds. Dongko, Kec. Dongko, Kab. Trenggalek, Jawa Timur (66363) Menyatakan dengan sesungguhnya bahwa (1) Skripsi yang diujikan ini benar-benar hasil kerja sendiri (bukan hasil jiplakan baik sebagian maupun seluruhnya). (2) Apabila dikemudian hari terbukti skripsi ini hasil jiplakan, saya akan menanggung resiko diperkarakan oleh jurusan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Unesa. Demikian surat pernyataan yang saya buat dengan sebenar-benarnya.
Surabaya, 7 Januari 2010 Dosen Pembimbing
Yang menyatakan,
Drs. Surana. S.S, M. Hum NIP. 19681005 199403 1 001
Taufan Setyawan NRM. 052114015
Mengetahui Ketua Jurusan
Drs. Sukarman, M.Si NIP. 19641231 199002 1 003
PURWAKA
Puji syukur kunjuk ing ngarsaning Gusti Kang Maha Agung, dene kanthi rahmat lan hidayahe aku bisa ngrampungake skripsi kanthi irah-irahan “Basa Penyiar TVRI Jawa Timur ing Adicara Campursari Tambane Ati”. Skripsi iki bisa karampungake amarga ana donga pangestu lan panyengkuyung saka: 1. Prof. Dr. Haris Supratno minangka Rektor UNESA. 2. Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan, M.A minangka Dekan FBS UNESA. 3. Drs. Sukarman M. Si minangka Ketua Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah UNESA, uga minangka Dosen Pembimbing Akademik. 4. Drs. Surana, S.S, M. Hum minangka dosen Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah UNESA, uga minangka dosen pembimbing sajroning aku nggarap skripsi. 5. Bapak lan Emak kang tansah paring donga pangestu anggonku ngudi ngelmu. 6. Drs. Sugeng Adipitoyo, M. Pd ingkang tansah nyengkuyung anggonku nulis skripsi, uga paring ampilan buku. 7. Dr. Udjang Pairin M. Basir, M. Pd lan Drs. Murdiyanto M. Hum minangka dosen panguji. 8. Redaksi adicara Campursari Tambane Ati TVRI Jawa Timur. 9. Kanca-kanca 2005 kang tansah ngrewangi lan menehi panyengkuyung anggonku nulis skripsi.
Skripsi iki durung sampurna, mula saran lan kritik kang asipat konstruktif, daktampa kanthi bungah kanggo nyampurnakake skripsi iki. Muga-muga skripsi iki bisa migunani kanggo aku pribadi lan para pamaos kabeh. Wusananing atur panulis nyuwun agunging samudra pangaksami, mbok menawa ana cacat luputing racikaning tetembungan (ukara) kang kurang tata. Nuwun.
Surabaya, 7 Januari 2010
Panulis
ATUR PISUNGSUNG Skripsi iki dak aturake kanggo: Sang Hyang Widhi Wase kang tansah paring pituduh ngenani sangkan paraning dumadi. Wong tuwaku kang tansah paring donga pangestu lan sangu. Sedulurku kandhung mbak Yetik lan mas Riris, uga mas Bakti lan ndhuk Syifa kang tansah nyengkuyung anggonku ngrampungake kuliah. Mitra kinasih Dhik Ngatini “F Rahma M” kang tansah agawe reroncening uripku lan dadi inspirasi anggonku golek pangupa jiwa. Pak Mul (mantan TU Jawa) kang tansah paring pambiyantu nalika aku kuliah. Kanca-kanca angkatan 2005: Zuni, Yanti, Rina, Kristin, Difi, Putri, Mia, Ana, Serli, Sonya, Novita, Reni, Ita, Dwi, Aiz, Nana, Vina K, Vina SP, Anggra, Septi, Riska, Widya, Ria, Suntik, Anis, Itis, Icha, Nuning, Ikhfadul (Alm.) uga Bala Kurawa 2005: Hendrik, Tarto, Gilang, Fatkur, Hengki, Buyung, Deka, Kalyubi, Patrit, Vijay, lan Adi.
Kangmas lan mbakyuku kang tansah nguri-uri kabudhayan lan njaga kondhange Bharada, mas Yohan (angkatan 1998), mas Kunto (1999), mas Didik, mas Yusuf, mbak Ulfa (2001), mbak Vita, mbak Novi (2002), mas Josan, mas Romi, mas Topa (2003), mas Andika, mas Kholili, mas Agung, mas Andi, mas Ma’ruf, mas Arik, mbak Riski Sembodro, mas Amri, mas Widhi (2004), uga adhik-adhikku, Puguh Black, Latif, Nadhif, Jadmiko, Vivin, Leni (2006), Bambang, Ikhwan, Daraka, Fuad, Cimpli, Bim-bim, Bom-bom, Andhun, Ginanjar, Hapsari, Yunita, Wawan (2007), Efendi, Dendang, Yusmia, Mevi, Hanung, Deni, Agus, Yusuf, Piun, Rini, Nanang, Ani, Saithil, Eras, Intika, Imam, Gaguk (2008), Jimbon, Anita, Nino (2009), lan kabeh wae kang ora bisa dak sebutake siji-siji. viii
SESANTI
SENI
BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR ING ADICARA “CAMPURSARI TAMBANE ATI” Taufan Setyawan ABSTRAK Basa yaiku piranti kanggo guneman antarane pawongan siji klawan pawongan liyane. Basa minangka piranti kanggo srawung, kahanane tansah owah. Ana ing sajroning guneman, panutur kudu ngandharake kang dikarepake kanthi nggunakake ukara kang cetha lan gampang dingerteni, panutur ana kalane ngandharake sawijining bab kudu njupuk unsur basa saka basa liya supaya kang arep diandharake bisa luwih gampang dimangerteni. Adhedhasar alasan mau mula alih kode lan campur kode digunakake kaya kang dumadi ing giyaran Campursari Tambane Ati TVRI Jawa Timur. Bab iku kang pungkasane narik kawigatene panliti kanggo ndadekake werna basa penyiar CTA dadi panaliten ing skripsi. Perkara ing panaliten iki cacahe ana telu, yaiku (1) Werna basa apa wae kang digunakake dening penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA? (2) Kepriye wujude alih kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA? (3) Kepriye wujude campur kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA? Panaliten iki kanthi umum nduweni ancas yaiku ngandharake wujude ragam basa, lan ngandharake menawa ana wujud alih kode lan campur kode kang dumadi. Panaliten iki nggunakake objek giyaran campursari ing TVRI Jawa Timur. Panaliten iki uga nggunakake ancangan lan wewatesan. Ancangan kang ana ing panaliten iki yaiku deskriptif kualitatif, dene wewatesane yaiku ragam basa lan panganggone basa sing digunakake penyiar CTA TVRI Jawa Timur. Panaliten iki nganggo metode simak, cathet, lan rekam. Adhedhasar cara iku mau, mula ing panaliten iki ditemokake wujude werna basa ana lima, yaiku (1) werna basa ngoko, (2) werna basa dialek Surabayan, (3) werna basa krama, (4) werna basa ngoko-Arab, (5) werna basa ngoko-Indonesia. Alih kode kang digunakake penyiar CTA TVRI Jawa Timur kaperang dadi telu, yaiku (1) alih kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia, (2) alih kode saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan, lan (3) alih kode saka basa Jawa ngoko menyang basa Jawa Krama. Campur kode kang digunakake penyiar CTA TVRI Jawa Timur kaperang dadi telu, yaiku: (1) Jawa-Arab, (2) Jawa-Indonesia, lan (3) Jawa-Inggris. Ana ing panaliten iki uga ditemokake wujud alih kode intern lan alih kode ekstern, sarta wujud campur kode negatif, lan campur kode positif.
TVRI
TVRI
TVRI
TVRI TVRI
TVRI
TVRI
TVRI
TVRI
intern ekstern
BAHASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR DALAM ACARA “CAMPURSARI TAMBANE ATI” Taufan Setyawan ABSTRAK Bahasa merupakan sarana yang digunakan untuk berinteraksi dengan orang lain. Bahasa senantiasa mengalami perubahan. Penutur harus menjelaskan maksud tuturannya dengan menggunakan kalimat yang jelas dan mudah dimengerti, kadang kala penutur juga harus menggunakan unsur dari bahasa lain agar maksud dari tuturannya mudah dimengerti. Berdasarkan alasan tadi maka alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian peneliti untuk menjadikan ragam bahasa penyiar CTA menjadi penelitian dalam skripsi. Masalah dalam penelitian ada tiga, yaitu (1) ragam bahasa apa saja yang digunakan oleh penyiar TVRI Jawa Timur dalam acara CTA? (2) bagaimana bentuk alih kode penyiar TVRI Jawa Timur dalam acara CTA? (3) bagaimana bentuk campur kode penyiar TVRI Jawa Timur dalam acara CTA? Penelitian ini secara umum memiliki tujuan yaitu menjelaskan bentuk ragam bahasa, dan menjelaskan adanya bentuk alih kode dan campur kode. Penelitian ini menggunakan objek siaran campursari di TVRI Jawa Timur. Penelitian ini juga menggunakan pendekatan dan batasan. Pendekatan yang digunakan dalam penelitian ini yaitu deskriptif kualitatif, sedangkan batasannya yaitu ragam bahasa dan penggunaan bahasa yang digunakan penyiar CTA TVRI Jawa Timur. Penelitian ini menggunakan metode simak, catat, dan rekam. Berdasarkan cara tersebut maka dalam penelitian ini ditemukan lima bentuk ragam bahasa, yaitu (1) ragam bahasa ngoko, (2) ragam bahasa dialek Surabayan, (3) ragam bahasa krama, (4) ragam bahasa ngoko-Arab, (5) ragam bahasa ngoko-Indonesia. Alih koe yang digunakan penyiar CTA TVRI Jawa Timur dibedakan menjadi tiga, yaitu (1) alih kode Jawa-Indonesia, (2) alih kode Jawa-dialek Surabayan, dan (3) alih kode Jawa ngoko-krama. Camur kode yang digunakan penyiar CTA TVRI Jawa Timur dibedakan menjadi tiga, yaitu (1) Jawa-Arab, (2) Jawa-Indonesia, dan (3) Jawa_Inggris. Dalam penelitian ini juga ditemukan bentuk alih kode intern dan alih kode ekstern, serta bentuk campur kode negatif dan campur kode positif.
xiv
DAPTAR ISI
Kaca Sampul ...................................................................................................
i
Kaca Irah-irahan ..............................................................................................
ii
Daptar Pasarujukan .........................................................................................
iii
Kaca Pangesahan .............................................................................................
iv
Surat Pernyataan Pertanggungjawaban Penulisan Skripsi ..............................
v
Purwaka ...........................................................................................................
vi
Atur Pisungsung ..............................................................................................
viii
Sesanti .............................................................................................................
ix
Abstrak ............................................................................................................
x
Daptar Isi .........................................................................................................
xv
Daptar Singkatan ............................................................................................. xvii BAB I
BEBUKA ...................................................................................
1
1.1
Alasan Panaliten .........................................................................
1
1.2
Punjering Panaliten ....................................................................
4
1.3
Tujuan Panaliten ........................................................................
5
1.4
Paedahing Panaliten ...................................................................
5
1.5
Wewatesing Panaliten ................................................................
6
BAB II
TINTINGAN KAPUSTAKAN ...............................................
7
2.1
Masyarakat Basa ........................................................................
7
2.2
Wernane Basa ............................................................................
9
2.3
Undha-usuk Basa .......................................................................
12
2.4
Dwibasa ......................................................................................
15
2.5
Alih Kode ...................................................................................
16
2.6
Campur Kode .............................................................................
19
2.7
Landhesan Teori .........................................................................
21
BAB III
TATA CARA PANALITEN ...................................................
23
3.1
Sipating Panaliten ......................................................................
23
3.2
Objek lan Subyek Panaliten .......................................................
24
3.3
Sumbering Data .........................................................................
25
3.4
Piranti Panaliten .........................................................................
25
3.5
Metode lan Teknik Panaliten .....................................................
26
3.5.1
Tata Cara Panglumpuke Data ....................................................
26
3.5.2
Tata Cara Olah Data ...................................................................
28
3.5.3
Penyajian Analisis Data .............................................................
30
BAB IV
PRATELAN ASILING PANALITEN ...................................
31
4.1
Wernane Basa ............................................................................
31
4.1.1
Werna Basa Ngoko ....................................................................
31
4.1.2
Werna Basa Dialek Surabayan ...................................................
33
4.1.3
Werna Basa Krama ....................................................................
35
4.1.4
Werna Basa Jawa - Arab ............................................................
36
4.1.5
Werna Basa Jawa - Indonesia ....................................................
37
4.2
Alih Kode ...................................................................................
39
4.2.1
Alih Kode Jawa - Indonesia .......................................................
39
4.2.2
Alih Kode Jawa - Dialek Surabayan ..........................................
41
4.2.3
Alih Kode Ngoko - Krama .........................................................
43
4.3
Campur Kode .............................................................................
44
4.3.1
Campur Kode Jawa - Arab ........................................................
45
4.3.2
Campur Kode Jawa - Indonesia .................................................
46
4.3.3
Campur Kode Jawa - Inggris .....................................................
47
4.4
Asiling Panaliten Bab Wernane Basa Penyiar CTA ..................
48
BAB V
DUDUTAN LAN SARAN .......................................................
55
5.1
Dudutan ......................................................................................
55
5.2
Saran ..........................................................................................
56
KAPUSTAKAN .............................................................................................
57
Lampiran I .....................................................................................................
59
Lampiran II .....................................................................................................
73
DAPTAR SINGKATAN
A. Singkatan Tembung CTA :
Campursari Tambane Ati
TVRI :
Televisi Republik Indonesia
PT
:
Peristiwa Tutur (Prastawa Tutur)
DL
:
Data Lampiran
H
:
Halaman (Kaca)
B. Singkatan Jeneng CP
:
Cak Pendhik
CT
:
Cak Trubus
MI
:
Mbak Idha
PC
:
Pamirsa Campursari
SW
:
Swarawati (Penyanyi)
TW
:
Tukang Warung
BAB I BEBUKA
1.1 Alasan Panaliten Sajroning pasrawungan, manungsa ora bisa uwal saka guneman klawan wong liya. Sanadyan manungsa iku ora bisa ngucap utawa bisu, manungsa isih tetep bisa guneman nggunakake basa awak utawa basa isarat. Basa yaiku piranti kanggo srawung utawa guneman tumrap pawongan siji klawan pawongan liyane. Wong kang kawegan ing babagan Linguistik njlentrehake ngenani tegese basa yaiku tetenger sing wujud swara kang sipate manasuka, sabanjure ditambahake klawan perlambang swara kang digunakake dening masyarakat liyane kanggo srawung lan nepungake awake dhewe (Kridalaksana ing Chaer, 2007:32). Basa uga bisa diarani sawijining sistem, padha karo sistem-sistem liyane kang sifate sistematis lan sistematik. Dadi basa dudu sawijining sistem tunggal ananging disusun dening subsistem kang arupa fonologi, sintaksis lan leksikon. Basa uga nduweni paedah kang kaperang dadi telulas, yaiku: (1) Basa kanggo mbiasakake manungsa karo tata aturan sosial, (2) Basa kanggo ngandharake kaendahan, kabecikan, luhuring bebuden, lan liya-liyane, (3) Basa kanggo ngatur kontak sosial, (4) Basa kanggo ngatur tindak tanduk, (5) Basa kanggo ngatur tindak tanduk marang wong liya (6) Basa kanggo ngandhakake rasaning batin, (7) Basa kanggo menehi tandha ngenani hubungan sosial, (8) Basa kanggo ngandharake kawruh ing sajabane basa, (9) Basa kanggo menehi piwulang ngenani kewasisan lan ketrampilan, (10) Basa kanggo medharake basa, (11) Basa
kanggo nakokake babagan apa wae marang wong liya, (12) Basa kanggo ngadohake saka beban lan alasan, (13) Basa kanggo ngandharake tindak tanduk performatif (Dell Hymes ing Soeparno 2003:7-8). Basa minangka piranti kanggo srawung ora bisa uwal saka anane owahowahan. Semono uga basa Jawa kang umure wis dawa. Kanthi dhasar bab kasebut, basa Jawa nduweni werna adhedhasar wektu panguripane, kayata: Jawa kuna, Jawa pertengahan, Jawa enggal, lan Jawa gagrag anyar. Kejaba iku, basa Jawa digunakake ing tlatah kang jembar banget, ora mung ing Jawi wetan lan Jawi tengah, nanging uga ing njabane pulo Jawa nganti mancanegara. Kaya andharane Moeliono (1982:10) yen basa kang sumebar jembar panganggone bakal nduweni cengkok utawa logat dhewe-dhewe. Ing kono mau basa Jawa nduweni logat kang aran dialek. Wernane basa klebu sajroning ilmu Sosiolinguistik. Sosiolinguistik yaiku salah sawijining ilmu linguistik kang ngrembug sesambungane basa karo sosial masyarakat (Chaer lan Agustina, 1995:5). Dene Basir (2001:146) ngandharake menawa sosiolinguistik yaiku ilmu kang ngrembug babagan basa, budhaya, lan paedahe kanggo srawung jroning masyarakat. Saliyane andharan para pakar ing dhuwur isih akeh andharan-andharan ngenani sosiolinguistik kang isine ora beda adoh karo andharan ing dhuwur. Miturut panganggone, wernane basa bisa kaperang dadi loro, yaiku werna basa lisan lan werna basa tulis. Werna basa lisan yaiku werna basa kang digunakake kanthi cara guneman utawa pitutur, dene werna basa tulis yaiku werna basa kang digunakake kanthi cara nulis. Miturut gunane, werna basa uga kaperang
maneh dadi lima, yaiku (1) Ragam baku, (2) Ragam resmi, (3) Ragam usaha, (4) Ragam santai, lan (5) Ragam akrab (Nababan, 1993:22). Basir (2002:3) ngandharake yen basa iku minangka piranti kanggo ngomongake apa sing dadi kekarepane, mula umume padha nganggo basa daerah. Basa sing ana ing Indonesia pancen akeh banget jinise. Salah sawijining yaiku basa Jawa. Basa Jawa akeh digawe dening masyarakat Jawa, mligine masyarakat Jawa Timur lan Jawa Tengah. Saben wong iku nduweni ciri khas dhewe-dhewe nalika ngomong, bab iku dibedakake miturut daerah asale. Mula pambedaning wilayah utawa daerah, bisa mbedakake basane wong. Miturut unggah-ungguhing basa Jawa sing dianggo ing masyarakat ana telung ragam yaiku ngoko, madya, lan krama. Ragam ngoko yaiku basa sing dianggo kanca marang kanca kang saumuran kanthi tujuwan supaya luwih akrab. Basa madya yaiku basa sing kanggo ngurmati wong siji marang wong liyane sanajan umure padha. Basa krama yaiku basa sing dianggo marang wong sing umure luwih tuwa utawa drajate luwih dhuwur saka saka awake dhewe. Panaliten kang ngrembug ngenani babagan basa kanthi kajiyan sosiolinguistik iki wis tau dikaji karo Mahasiswa Jurusan Basa Jawa, ing antarane yaiku: Ragam Bahasa Pedagang Sayur Di Pasar Bangun Sari Caruban (Ikhwan, 2004), Ragam Bahasa Berita Pojok Kampung Di JTV Surabaya (Iriana, 2005), Ragam Bahasa Berita Pojok Kulonan Di JTV Surabaya (Dwiani, 2006), Alih Kode lan Campur Kode Para Dosen Jurusan Pendidikan Basa Jawa ing Rapat Formal (Amri, 2008), lan Ragam Basa Lan Panganggone Bocah Balita umur 3 nganti 5 Ing Surabaya (Sutarto, 2009). Lan panaliten iki banget anggone narik kawigatene panaliti amarga sasuwene iki durung ana panaliten kang ngrembug
basane penyiar campursari ing acara tipi, mligine CTA ing TVRI Jawa Timur. Panaliten iki beda karo panaliten-panaliten kang wis tau ditliti kayata ing dhuwur amarga lumrahe panaliten ing dhuwur iku datane arupa swara, dene panaliten iki datane arupa audio lan visual. Pancen saperangan ana kang datane arupa audio lan visual kayata panaliten wernane basa ing “Pojok Kampung” lan “Pojok Kulonan” ing JTV, ananging ing panaliten iki nduweni pamilihan tembung kang luwih narik kawigatene panaliti. Amarga panaliten iki njlentrehake wernane basa kang digunakake penyiar Campursari Tambane Ati (CTA) ing TVRI Jawa Timur, mula data panaliten iki dijupuk saka siaran adicara CTA ing TVRI Jawa Timur nalika tanggal 12 Juli 2008 lan 21 Pebruari 2009. Penyiar Campursari mau anggone njlentrehake apa kang kepengin diandharake asring nggunakake werna basa uga wujud alih kode lan campur kode, babagan iku mau kang dadi sumbering data ing sajroning panaliten iki. Kaya kang wis diandharake ing dhuwur, panaliten iki narik kawigatene panaliti amarga sasuwene iki durung ana panaliten kang sumbere jupuk saka giyaran adicara campursari, mligine ing adicara Campursari Tambane Ati ing TVRI Jawa Timur. Amarga saka iku, panaliten iki diwenehi judul “Basa Penyiar TVRI
Jawa
Timur
ing
Adicara
Campursari
Tambane
Ati”.
Kanggo
nggampangake tulisan, mula ing sakbanjure irah-irahane “Campursari Tambane Ati” bakal ditulis CTA.
1.2 Punjering Panaliten Kanthi landhesan alasan panaliten kang wus kasebut ing dhuwur, mula perkara kang bakal dirembug ing panaliten iki diperang kaya ing ngisor iki: (1)
Warna basa apa wae kang digunakake dening penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA?
(2)
Kepriye wujude alih kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA?
(3)
Kepriye wujude campur kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA?
1.3 Tujuan Panaliten Kanthi lelandhesan alasan panaliten lan punjering panaliten kaya ing dhuwur, mula panaliten iki nduweni tujuan: (1)
Ngandharake wernane basa kang digunaake dening penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara Campursari Tambane Ati.
(2)
Ngandharake wujude alih kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA.
(3)
Ngandharake wujude campur kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA.
1.4 Paedahing Panaliten Asiling panaliten iki arupa andharan babagan wernane basa penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur minangka panyengkuyung ilmu Linguistik. saliyane iku, mbok menawa panaliten iki bisa migunani kanggo mahasiswa ing Jurusan Basa Jawa, uga piwulang Basa Jawi ing sekolah-sekolah mligine babagan basa.
Panaliten iki nduweni rong asipat, yaiku asipat teoritis lan praktis. Asipat teoritis ing panaliten iki bisa menehi ilmu kang ana gegayutane karo ilmu sosiolinguistik ing antarane ngenani wernane basa. Yenta asipat praktis yaiku kaperangan dadi patang perangan yaiku (1) Kanggo studi sosiolinguistik, minangka ilmu lan kajian ing wernane basa, (2) Kanggo dosen, asiling panaliten iki bisa menehi saran kritik supaya luwih sampurna, (3) Kanggo mahasiswa, panaliten iki bisa agawe wawasan marang mahasiswa supaya ningkatake mutu basa, (4) Kanggo lembaga, panaliten iki bisaa menehi kritik kanggo pengembangan lan pembinaan basa Jawa.
1.5 Wewatesing Panaliten Sajroning panaliten iki, ana wates-watesing perkara kang ditliti. Anane watesan iku amarga saka kurang rowane kawruh kang diduweni panaliti. Wewatesan iku mau kaya kang kasebut ngisor iki: a. Kang bakal dirembug ing panaliten iki babagan wernane basa penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA. b. Panaliten iki nyoba ngandharake wujude wernane basa, alih kode, lan campur kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA. c. Data (objek) ing panaliten iki arupa basa Jawa ngoko kang digunakake pacaturan utawa guneman sabendinane.
BAB II TINTINGAN KAPUSTAKAN
Panaliten iki klebu kajian Sosiolinguistik kang ngrembug ngenani wernane basa penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Panaliten ngenani wernane basa pancen wis akeh dikaji dening mahasiswa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa), ananging sanadyan ana bab kang padha uga akeh kang mbedakake panaliten iki karo panaliten kang wis tau ditliti. Lumrahe panaliten ngenani wernane basa datane arupa swara, dene panaliten iki sakliyane ana data swara uga ana data visual. Pancen saperangan panaliten uga nduweni data arupa data visual, kayata panaliten ngenani wernane basa “Pojok Kampung” lan “Pojok Kulonan” ing JTV, ananging ing kene bedane uga akeh. Sakliyane ditemokake wujude werna basa, ing panaliten iki pamilihan tembung kang digunakake uga banget narik kawigatene panaliti, amarga ing kene sakliyane guneman karo pamirsane, panyiar CTA uga gojekan karo sapadha penyiare, dadi basa kang digunakake luwih maneka warna.
2.1 Masyarakat Basa Ing sajrone urip, saben manungsa ora bisa uwal saka wong liya. Saben pawongan nduweni sesambungan kang diarani interaksi. Bocah-bocah cilik kang lagi dolanan, bocah sekolah kang lagi sinau, bocah nom-noman kang lagi gegojegan, wong tuwa kang lagi rembugan, para kyai lan ulama kang lagi
khutbah, kabeh ora bisa uwal saka basa. Mula saka iku basa dadi salah sawijining babagan kang wigati ing sajroning masyarakat. Apa ta kang diarani masyarakat? Masyarakat yaiku pawongan cacah akeh kang nduweni rasa sabangsa, saketurunan, sapanggonan, utawa duweni kawigaten kang padha. Dene kang diarani masyarakat basa yaiku sakumpulan pawongan kang nggunakake basa padha (Chaer, 2007:59-60). Nanging ing kene isih akeh pitakonan-pitakonan ngenani babagan kasebut, mligine babagan masyarakat basa kang nganti saprene durung ana wangsulan kang bisa dadi pathokan. Pateda (1987:4), ngandharake yen basa iku minangka piranti kang digunakake kanggo guneman ing sajroning masyarakat. Perkara iki disebabake amarga basa minangka salah sawijining piranti komunikasi. Dadi bisa dijupuk dudutan yen basa iku minangka cara kang cocog kanggo guneman karo wong liya, sanadyan basa iku ana kang awujud solah bawa. Panemu liyane ana uga kang ngandharake yenta basa minangka piranti ing masyarakat kang arupa tandha swara lan kasil saka lambe (Keraf, 1994:1). Amarga masyarakat minangka wong kang nggunakake basa, mula basa saben dina mesti ana owah-owahane. Perkara iki mratandhani yen basa nduweni ciri kang manteb lan dinamis (Chaer, 1995:254). Ana maneh panemune Basir (2002:19), kang ngandharake yen basa iku piranti kang baku kanggo guneman ing masyarakat. Tegese yen basa iku wigati banget kanggo guneman marang wong liya. Basa ngrembaka bebarengan karo lakune alam pikir masyarakate. Ing awal peradabane manungsa, bentuk komunikasi isih sederhana, nanging saiki pasrawungan lan pergaulan bangsa siji karo bangsa liyane wis dadi tuntutan
jaman. Aruh-aruh ora bisa owal saka interaksi sosial, wong kang luwih aktip ing sajroning pasrawungan bakal nguwasani interaksi mau. Mula ora mokal yen basa kang asring digawe bakal bisa ngrembaka lan basa kang arang digawe bakal ilang ketindhes basa kang luwih asring keprungu. Lan mbok menawa babagan kasebut terus kedadeyan, ilange utawa punahe salah sawijining basa wis bisa diramalake (Pateda, 1987: 12).
2.2 Wernane Basa Wernane basa dadi babagan kang baku ing sosiolinguistik. Kridalaksana ing Chaer lan Agustina (1995:80) nyebutake menawa sosiolinguistik iku minangka salah sawijining ilmu linguistik kang ngandharake tandha-tandha wernane basa, lan netepake gegayutan tandha-tandha wernane basa iku karo tandha-tandha sosial masyarakat. Wernane basa ana rong pandhangan, (1) werna basa kasebabake amarga anane keragaman sosial penutur lan keragaman fungsi basa iku dhewe, yenta penutur basa kuwi kelompok sing beda-beda, merga etnis, status sosial lan penggawean. (2) werna basa kang wis ana kanggo interaksi ing masyarakat, Chaer (2004:81). Wernane basa nduweni corak kang werna-werna amarga saben basa nduweni paugeran dhewe-dhewe. Basa sing siji nduweni paugeran kang mbedakake karo basa liyane amarga corak lan jinise pancen beda, mula saben pawongan kang nggunakake basa kudu mangerteni paugeran basa siji lan sijine supaya apa kang dikandhakake bisa dimangerteni wong kang dijak guneman kanthi cetha.
Hartman lan Stork (1972) mbedhakake werna basa adedhasar (1) masalah panggonan lan sosial penutur, (2) medium sing digawe, (3) bakune guneman. Beda karo panemune Halliday (1970,1990) ing chaer (2004:81) kang mbedakake ragam basa adedhasar (1) basa kang dianggo kasebut dialek, (2) basa kang dianggo kasebut register. Semono uga panemune (Soepomo 1981) lan (Pateda 1987) ing Basir (2002:40) kang ngandharake yenta dialek munculake ragam basa ana patang perangan, yaiku (1) merga umur sing padha, (2) pengalaman kanggo ngadepi masalah, (3) status sosial, (4) merga ana tujuan kang bedha. Miturut panemu ing dhuwur bisa dijupuk dudutan yenta werna basa saka panggonan iku kasebut dialek regional, yenta saka wektu bisa ngasilake ragam basa kang kasebut temporal, yenta di deleng saka penganggone bisa kasebut idiolek. Chaer (2004:82) uga ngandharake werna basa yen disawang saka penuture bisa kaperang dadi papat yaiku: (1) idiolek, (2) dialek, (3) kronolek, lan (4) sosiolek. Idiolek yaiku ragam basa kang nduweni sipat perseorangan. Miturut konsep idiolek, salah sawijining wong nduweni ragam basa utawa idiolek dhewedhewe. Ragam iki ana gegayutane karo werna swara, pilihan tembung, gaya bahasa, tata-tataning ukara, lsp. Nanging sing paling dominan yaiku warna swara, dadi yen awake dhewe luwih akrab kanthi cekap ngrungokake swara tanpa nyawang wonge, kabeh mau bisa dingerteni. Dialek yaiku ragam basa saka cacah penuture relatif kang manggon ing panggonan utawa daerah tartamtu. Dialek iki bisa diarani dialek areal, dialek regional utawa dialek geografi merga adedhasar wilayah. Masyarakat penutur,
sanajan nduweni idioleke dhewe-dhewe, nduweni ciri kang padha mratandhani yen wong iku ana ing dialeke dhewe. Ing dialek iki padha ngertine antarane dialek siji lan sijine kang nduweni sipat relatif, bisa saka gedhe, bisa cilik lan uga bisa luwih cilik banget. Kronolek utawa dialek temporal yaiku ragam basa sing dianggo saka kelompok sosial ing wektu tartamtu. Tuladhane yaiku ragam basa Indonesia ing taun telung puluhan, ragam sing dianggo taun seketan, lan ragam sing dianggo masa kini sing mesti wae beda. Sing gawe pambedane yaiku saka segi lafal, ejaan, morfologi lan uga sintaksis. Sosiolek utawa dialek sosial yaiku ragam basa sing gegayutan karo status, golongan, lan kelas sosial penutur. Ing sosiolinguistik biasane ragam sing paling akeh anggone nganggo wektu, amarga ragam iki ana gegayutane karo babagan pribadi
penutur
kayata
umur,
pendidikan,
seks,
penggawean,
tingkat
kebangsawanan, lan kahanan ekonomi. Umume werna basa pancen mung kaperang dadi rong werna, yaiku adhedhasar daerah utawa tlatah, yaiku sing nuwuhake perangan kang aran dialek, lan adhedhasar aspek sosial utawa sing nuwuhake perangan kang aran sosiolek (Padmasusastra ing Adipitoyo, 1996:31). Dene werna sosial-e basa umume uga kaperang dadi rong werna, yaiku basane sawijining kelompok utawa kang diarani register, lan werna basa ing saben-saben pawongan kang aran idiolek utawa style. Nanging Adipitoyo (1996:34) ngandharake menawa werna sosial-e basa Jawa sabenere ora cukup yen mung kaperang kayadene ing ndhuwur mau. Anane undha-usuk basa ing basa Jawa, kang weneh gegambaran krIdaning wong Jawa
ngolah basa utawa kerep diarani unggah-ungguhe basa uga bisa klebu ing babagan werna sosial.
2.3 Undha-usuk Basa Miturut tata basa tradisional, jinising ukara kaperang dadi telu, nanging uga ana kang njlentrehake yen jinising ukara kaperang dadi papat. Chaer (1995:65-66) ngandharake menawa jinising ukara kaperang dadi telu, yaiku (1) Ukara deklaratif, (2) Ukara interogatif, lan (3) Ukara imperatif. Nanging uga ana kang nambahake siji maneh, yaiku ukara interjektif. Ukara deklaratif yaiku ukara kang isine njaluk supaya wong kang diajak guneman nggatekake apa kang diujarake, wong kang diajak guneman ora perlu nglakoni apa-apa amarga panutur mung pengin apa sing dadi ujare digatekake. Ukara interogatif yaiku ukara kang isine njaluk supaya wong kang diajak guneman menehi wangsulan kanthi cara lesan, dadi wong kang diajak guneman ora mung cukup nggatekake nanging uga kudu menehi wangsulan. Ukara inperatif yaiku ukara kang isine njaluk supaya wong kang diajak guneman nglakoni apa kang dikarepake panutur. Ana kalane ukara deklaratif utawa ukara interogatif ora mung arupa andharan utawa pitakon, ananging bisa uga dadi ukara kanggo ngongkon supaya wong kang diajak guneman nglakoni apa kang dikarepake. Tuladhane, si A lan si B ana ing sajroning ruang kelas, si A ngrasakake hawa panas banjur kandha, “Kelas iki saya suwe saya panas”, utawa kandha, “Awakmu ning kelas iki apa ora ngrasakake panas?” Disawang saka wujud dhasare, ukara kang sepisan arupa ukara deklaratif, nanging sabenere ukara iku mau dudu mung andharan kang kudu digatekake, ananging uga ngemu teges supaya wong diajak guneman gelem
nindakake apa kang dikarepake panutur (mbukak cendhela utawa nguripi kipas angin). Ukara kapindho yen disawang saka wujud dhasare pancen arupa ukara interogatif, ananging sabenere ora mung mbutuhake wangsulan “ya” utawa “ora” saka wong kang diajak guneman, nanging ngemu teges supaya wong iku mau mbukakake cendhela utawa nguripi kipas angin. Si A pancen bisa wae nggunakake ukara imperatif, tuladhane, “B, bukaken cendhelane” utawa, “B, uripana kipas angine”, nanging yen dideleng saka etika tutur, ukara deklaratif utawa ukara interogatif iku mau luwih becik lan luwih trapsila tinimbang nggunakake ukara imperatif. Undha-usuk basa minangka gegambarane unggah-ungguh basa klebu werna sosiale basa Jawa. Babagan iku dilandhesi anane kasunyatan, bab kang paling nemtokake ing unggah-ungguh basa yaiku sambung rapete lan status sosiale subjek (pawongan kang ngajak guneman, pawongan kang diajak guneman, utawa pawongan kang dadi punjere guneman). Rakete utawa ora rakete pawongan kang guneman nemtokake trapsilane basa kang digawe, semono uga status sosial pawongan kang lagi guneman. Sugeng Adipitoyo (1996:35) ngandharake menawa unggah-ungguh basa Jawa kang isih lumaku nganti seprene asale saka warisane jaman jaya-jayane kraton Mataram. Minangka werna sosiale basa Jawa, undha-usuke bisa dicathet adhedhasar krIda olahe basa (unggah-ungguhe basa) kang dumadi ing masyarakat saben-saben wektu. Undha-usuk kang digunakake dening sawijining masyarakat nggambarake budhaya lan pamikire masyarakat iku dhewe. Undha-usuk basa iku tetep digunakake amarga pirang-pirang perkara, yaiku anane pepenginan ngajeni
marang wong liya, anane kesenian tradisional, pers basa Jawa, lan adicara utawa upacara tradisional (Murdiyanto, 2000:216). Gegayutan karo undha-usuk, basa Jawa diperang dadi loro, yaiku krama katujokake para ngaluhur, lan ngoko katujokake marang wong asor. Nanging sabenere, ing tengah-tengahe kekarone mau isih ana maneh yaiku tingkatan madya. Uhlenbeck ing Chaer (1995:52-53) salah sawijining pakar basa Jawa, milah wernane basa Jawa dadi telu, yaiku krama, madya, lan ngoko. Sabanjure saben-saben perangan iku isih diperang maneh dadi mudakrama, kramantara, lan wreda krama, madyangoko, madyantara, lan madyakrama, ngoko sopan lan ngoko andhap. Basa krama lumrahe digunakake dening wong enom marang wong tuwa, lan basa ngoko digunakake dening wong tuwa marang wong enom, sanadyan kasunyatane akeh wong tuwa kang basa marang wong enom lan suwalike. Dene basa madya lumrahe digunakake dening pawongan kang guneman karo wong kang saumurane. Dene Murdiyanto (2000:216) milah undha usuke basa dadi patang perangan, yaiku: a. Ngoko Tembung-tembung ngoko minangka dhasar saka sakabehe wernane basa Jawa. Tembung saka basa ngoko luwih akeh tinimbang tingkat basa liyane, dadi tembung-tembung saka basa ngoko iku tetep digunakake menawa tembung iku mau ora ana padhanane ing tingkat krama, madya lan krama inggil. Tembungtembung kasar uga klebu ing tembung ngoko.
b. Krama Tembung-tembung ing basa krama kaperang dadi loro, yaiku tembung krama kang beda karo ngokone utawa wis owah (tuladha: omah dadi griya, aku dadi kula, turu dadi tilem), lan tembung krama kang kanthi fonemis isih ana gegayutane karo ngoko-ne (tuladha: ganti dadi gantos, dina dadi dinten, kayu dadi kajeng). c. Madya Tembung-tembung madya cacahe ora sepira akeh, tembung madya mapan ing antarane tembung ngoko lan tembung krama. d. Krama Inggil Tembung-tembung krama inggil digunakake kanggo nuduhake rasa ngajeni marang wong kang diajak guneman. Krama inggil bisa diperang dadi loro, yaiku tembung-tembung kang digunakake kanggo nduwurake ajine wong kang dikarepake (krama inggil), lan tembung-tembung kang digunakake kanggo ngajeni wong kang dikarepake kanthi ngasorake awake dhewe (krama andhap).
2.4 Dwibasa Dwibasa bisa ditegesi perkara kang ana gegayutane karo penganggone rong basa utawa rong kode basa (Chaer 2004:84). Kanthi cara sosiolinguistik, bilingualisme penutur bisa nganggo rong basa utawa luwih kanthi cara gantian (Mackey 1962:12, Fisman 1975:73) ing Chaer (2004:84). Beda maneh karo panemune Nababan (1993:27), kang ngandharake bilingualisme minangka kabiasaan wong kang nggunakake rong basa nalika interaksi karo wong liya.
Dadi, yen ana wong guneman nganggo rong basa, negesake yen wong iku wis nganggo dwibasa (bilingualisme). Dwibasa uga kaperang dadi lima yaiku (1) tingkat dwibasa, (2) fungsi dwibasa, (3) proses alih dwibasa, (4) model interferensi, (5) sipat dwibasa (Mackey, 1967) ing Basir (2002:23). Ana ing masyarakat bilingual mesti ana kontak basa antarane basa siji ing basa liya. Kahanan kang kaya mangkene iki nyebabake gegayutan kang kuwat. Tegese, wong ora bakal mung nganggo basa siji ing pasrawungan amarga ing masyarakat iku akeh wong kang saka daerah liya. Perkara iki bisa nyebabake tandha-tandha ing studi sosiolinguistik kang kasebut tandhaning alih kode lan campur kode. Chaer (2004:114) ngandharake yenta alih kode lan campur kode iku nduweni bab sing padha yaiku basa siji lan sijine sing dianggo bisa kacampur basa liyane ing sajroning masyarakat tutur. Dadi bisa kadudut yenta ana wong omongomongan nganggo basa Jawa dicampur basa liya, kedadean iku bisa diarani alih kode lan campur kode
2.5 Alih Kode Kode yaiku kedadeyan antarane penutur lan mitra tutur. Kedadeyan kode iki kudu padha-padha ngertine antarane panutur (wong kang kapisan) lan mitra tutur (wong kapindho), dadi antarane siji lan sijine supaya bisa nindakake apa kang samestine ditindakake. Kode iku dhewe nduweni gegayutane karo ragam, tegese wong menehi kode marang wong liyane ana gegayutane karo cepete swara, swara kang banter, Pateda (1987:83).
Owah-owahan saka basa siji menyang basa liyane diarani alih kode. Dhasare, alih kode iku kedaden amarga anane sawijining kepentingan utawa kahanan batine panutur kang owah (Kartomiharjo, 1988:33). Bab kasebut dijalari merga anane tuntutan kahanan. Tuladhane, wektu guneman karo kanca padha suku Jawa, sawijining pawongan micara nggunakake basa Jawa, amarga katekan kanca liya kang ora wasis guneman nganggo basa Jawa, pawongan mau ngowahi gunemane nganggo basa Indonesia supaya kancane mau bisa ngerti kang dikarepake. Panemu liyane (Apple, 1976:99) ing Basir (2002:61) diandharake yen alih kode minangka kedadeyan pindhahing kode siji ing kode liyane. Penutur basa ing masyarakat iki ora mungkin nganggo siji basa kanthi bener. Penutur ing masyarakat iki mesti uga akeh kang ngebokake basa liyane. Apple (1976:79) ing Chaer (1995:141) uga ngandharake alih kode kanthi “tandha-tandha pindhahing basa amarga owahing
kahanan”. Upamane, pindhahe basa Jawa ing basa
Indonesia, yen ana penutur lan mitra tuture lagi guneman nganggo basa Jawa, dumadakan katekan wong liya kang ora ngerti basa Jawa. Mula kanthi rasa sosial, wong iku kudu ngganti basane saka Jawa ing Indonesia. Tekane wong liya mau kang diarani owahing kahanan utawa situasi. Amarga saka iku, alih kode iki nduweni fungsi kang karan fungsi sosial. Saka panemu-panemu ahli sosiolinguistik kang wus kasebut ing dhuwur, mula alih kode yaiku kedadeyan ing guneman kang ngandharake ngenani pindhahing basa saka basa siji ing basa liyane. Soewito ing Chaer (2004:114) merang alih kode dadi loro, yaiku alih kode intern lan alih kode ektern. Tegese alih kode intern yaiku alih kode kang kadaden
ing basane dhewe, kayata basa Indonesia ing Jawa utawa suwalike. banjur alih kode ektern kadaden ing basane dhewe ing basa asing. Beda karo panemune Rahardi (2001:76) kang merang alih kode dadi limang werna, yaiku: (1) kode basa Jawa, (2) Kode basa Indonesia, (3) Kode basa asing, (4) kode tingkat tutur, (5) kode wujud ragam. Kode-kode kang kaya mangkono iku kang pungkasane dadi punjering analis ing alih kode. Menawa digoleki jalarane alih kode, akeh panulis kang ngandharake kanthi cara kang beda-beda. Chaer lan Agustina (1995:143) ngandharake jalarane alih kode yaiku: (1) pawongan kang ngajak guneman, (2) pamiyarsa utawa pawongan kang diajak guneman, (3) owahe kahanan amarga tekane pawongan katelu, (4) owahe guneman saka bab resmi menyang babagan kang ora resmi utawa sakwalike, (5) owahe topik guneman. Pakar liyane, Suwito (1985:73) ngandharake babagan kang njalari alih kode yaiku: (1) pawongan kang ngajak guneman (O1), (2) pawongan kang diajak guneman (O2), (3) tekane pawongan katelu (O3), (4) bakune guneman (topik), (5) kanggo gawe lelucon, (6) kanggo gengsi. Poedjasoedarmo lan Sobarna ngandharake, yenta alih kode uga nduweni rong ciri yaiku (1) sakabehing basa iku nduweni paedahi yaiku piranti kanggo guneman miturut tujuwane. (2) fungsi basa padhakna karo kahanan sing relevan. Ing perangan liya, Basir njlentrehake yen alih kode uga nduweni 2 sipat, yaiku (1) alih kode permanen, (2) alih kode sawetara. Alih kode permanen yaiku wujud alih kode sing nduweni sipat kang tetep, yaiku wong guneman kanthi ora ngowahi apa sing digunemake marang wong liyan. Yenta alih kode sawetara yaiku awujud alih kode sing nduweni sipat kang ora tetep (ing Basir, 2002:61).
Ana maneh kaya kang diandharake Poedjasoedarma (1979:38-58) ngenani babagan kang njalari anane alih kode ana 15, yaiku: (1) kanggo mbenerake ukara liya, (2) guneman ora langsung, (3) owahe status, (4) amarga ora mumpuni marang sawijining basa (kode), (5) amarga ukara kang luwih dhisik, (6) kahanan nalikane guneman, (7) ora bisa nguwasani awake dhewe, (8) anane pengaruh saka babagan kang dadi punjere guneman, (9) anane pawongan katelu, (10) pepenginan golek panggonan kanggo awake dhewe, (11) nduweni karep menehi wewarah marang pawongan kang diajak guneman, (12) ing sajroning pawiyatan utawa pasinaon, (13) nalika nganakake sandiwara, (14) pengaruh subasita, lan (15) pengaruh saka karep kang beda-beda.
2.6 Campur Kode Jroning guneman, kanggo njlentrehake apa kang dikarepake kudu nggawe ukara kang cetha lan gampang dingerteni. Mulane, ana kalane kanggo njlentrehake sawijining bab kudu njupuk unsur basa saka basa liya utawa variasine supaya karepe bisa dingerteni. Kang kaya mangkono iku diarani campur kode. Kachru lan Thelander ngandharake menawa campur kode yaiku panganggone rong basa utawa luwih kang digunakake kanthi cara nglebokake unsur basa siji ing basa liyane ing sajrone klausa sing padha (ing Basir, 2002:64). Ing masyarakat, campur kode iki wis biasa digunakake dening masyarakat. Nalika salah sawijining pawongan lagi omong-omongan nganggo basa Indonesia, kanthi ora sadar ana tembung basa jawa sing digunakake utawa dilebokake. Semono uga suwalike, dadi bisa kadudut yenta campur kode iku nganggo basa siji
lan basa liyane kang nduweni ancas yaiku gawe kahanan supaya dadi santai lan lumaku tanpa beban. Nalika guneman karo wong liya, ana kalane bakune guneman ngambrak teka ngendi-endi. Supaya omongan dadi bener, ana kalane kudu njupuk unsur basa saka basa liya. Kadadeyan iki diarani campur kode (Basir, 2002:60). Saka panemu iki, bisa kadudut yen campur kode minangka kedadean rong basa kang dianggo dadi siji supaya bisa luwih gampang dimangerteni apa kang pengin diandharake. Para ahli sosiolinguistik nduweni panemu sing beda-beda, mula saka iku Chaer (1995:151) menehi wewatesan marang campur kode, yaiku panganggone rong basa kang ing njerone ana rong kode dhasar kang digawe ing guneman. Titikan kang katon ing campur kode yaiku kesantaian utawa kahanan informal, nanging ing situasi formal uga ana panggonan kanggo campur kode sanajan mung sethithik. Campur kode ing situasi kaya mangkono iku disebabake ora anane tetembungan utawa ukara kang katon ing basa sing digawe iku, mula kudu nganggo ukara saka basa liya utawa basa asing (Nababan, 1993:32) Kedadean campur kode iku disebabake merga ana patang perangan, yaiku (1) cekaking tembung, (2) merga ana gegayutane saka wong keloro, (3) kurang ngerteni kodene basa kang digawe, (4) merga ana gegayutane karo prestis (Basir, 2002:65). Campur kode basa iku bisa nyebabake guneman dadi komunikatif. Tegese, apa wae kang diucapake penutur bisa katampa dening mitrane. Campur kode, ora mung kena daya (pengaruh) saka basa-basa kang wus umum, nanging uga pengaruh saka dialek. Minangka tuladhane, menawa penutur nganggo basa
Indonesia akeh sing dicampur karo basa daerahe, mula bisa diarani yen wong iku wus nindakake campur kode. Dene campur kode uga nduweni karep utawa tujuwan. Basir (2002:64) ngandharake yen campur kode iku nduweni tujuwan ing antarane, (1) Pengin nduduhake unsur prestise utawa nduduhake minangka wong kang kawruhe dhuwur, (2) nduduhake yen panutur iku pinter ing babagan basa. Campur kode bisa nduweni asipat negatif lan bisa uga asipat positif. Ing kene campur kode negatif lan lan campur kode positif mau padha-padha kedadeyan saka ketemune rong basa utawa luwih kang digunakake dadi siji, tegese kalorone mau dumadi amarga panganggone basa siji ing basa liyane. Ananging kalorone mau uga isih bisa dibedakake. Kaya ing panaliten iki kang bakal mbedakake antarane campur kode negatif lan lan campur kode positif.
2.7
Landhesan Teori Akehe panemu ing dhuwur ora bakal digunakake kabeh ing panaliten iki.
Kanggo nganalisis ragam basa, panaliten iki nganggo teorine Chaer (2004) kang ngandharake yen wernane basa utawa ragam basa ana rong pandhangan, (1) werna basa utawa ragam basa kang disebabake amarga ana keragaman sosial penutur lan keragaman paedah basa iku dhewe, yenta penutur basa kuwi kelompok sing bedabeda, merga etnis, status sosial lan penggawean. (2) werna basa utawa ragam basa kang wis ana kanggo interaksi ing masyarakat.
Kanggo nganalisis alih kode, panaliten iki nganggo teorine Basir (2002:61) kang ngandharake yen alih kode iku ora mung owahing basa siji ing basa liyane, nanging uga amarga saka varian antar ragam, antar dialek, lan uga antar basa. Dene campur kode ing panaliten iki uga gawe teorine Basir (2002:64) kang ngandharake yenta campur kode yen disawang saka nilai aspek (kontribusi), kaperang dadi 2 yaiku (1) campur kode positif, (2) campur kode negatif.
BAB III METODE PANALITEN
Metode panaliten mujudake perangan sing wigati ing sajrone panaliten. Mula saka iku, kasil orane panaliten gumantung saka trep lan orane tata cara utawa metode kang digunakake. Diarani wigati amarga tata cara panaliten iku minangka piranti kang wus dipilih panulis kanggo panaliten supaya asiling panaliten mau bisa ditanggung jawabake. Paedah nggunakake tata cara panaliten yaiku supaya bisa ngendhani anane tumindak sing rada nyimpang, dadi data-data sing diolehi objektif lan bisa dipertanggung jawabake.
3.1 Sipating Panaliten Panaliten iki kagolong panaliten linguistik asipat deskriptif. Titikane nggunakake teori dhasar, konsep dhasar, modhel uga ancangan panaliten bab basa kaya umume (Kridalaksana, 1984:118). Kanggo ngandharake data sing diolehi, panaliti nggunakake tata cara deskriptif kualitatif kanggo nggambarake wernane basa ing CTA. Tata cara deskriptif digunakake kanggo nggambarake ngenani sawijining kahanan ing sawijining wektu. Metode deskriptif kualitatif yaiku panaliten kang mung adhedhasar kasunyatan-kasunyatan kang kanthi empiris tuwuh lan kedadeyan saka sumbering omongan utawa penutur (Sudaryanto, 1993:62). Metode iki nduweni telung paedah, antarane (1) metode iki gampang yen adhep-adhepan karo kasunyatan
ganda, (2) metode iki ngandharke kanthi langsung antarane peneliti karo responden, (3) metode bisa cepet adaptasi karo pangaruh sing kuwat lan polapola nilai kang diadhepi. Panaliten iki ora munjerake marang angka-angka. Ana ing panaliten iki cukup nggunakake tata cara (metode) kualitatif utawa prosedur penaliten kang ngasilake data deskriptif arupa tembung-tembung kang katulis utawa unen-unen saka sumber. Nida (1949) ing Alwasilah (1985:116) ngandharake yen panaliten deskriptif uga asipat (1) basa kang dienggo data yaiku basa kang diucapake dening wong kang guneman, (2) ngutamakake wujud basa kang dienggo ing panaliten, banjur sapa sing nggunakake dianggep nomer loro, (3) perangane basa ora bisa diandharake kanthi trep tanpa ndulu ing perangan liyane, (4) basa tansah owah gingsir. Panaliten iki uga asipat tus, ateges mung winates ing aspek basa kang ditliti tanpa nggatekake faktor njabane basa, kaya dene kejiwaan, sosial, daerah, uga liya-liyane (tandingna Alwasilah, 1985:116).
3.2 Data lan Objek Panaliten Saben-saben panaliten mesthi nduweni objek lan subjek panaliten. Semono uga ing panaliten werna basa, alih kode lan campur kode iki. Sing dadi subjek utama panaliten yaiku panaliti. Panaliti ing panaliten iki diarani minangka subjek panaliten, merga panaliti sing nindakake urut-urutane panaliten, wiwit nglumpukake data, milah-milah, nganti merang data miturut punjering panaliten. Sabubare data sing dikarepake kasil dikumpulake, panaliti banjur ngandharake data sing sak banjure dijlentrehake minangka lapuran utawa asil akhir (skripsi).
3.3 Sumbering Data Ing saben-saben panaliten, sumber data dadi salah sawijining perangan kang baku. Antarane panaliten lan sumber data nduweni gegayutan kang kuwat. Tegese, saben panaliten iku mesthi mbutuhake sumber data, panaliten iku ora bakal kalaksanan yen ora ana sumber datane. Sabanjure sumber data ora bakal ana yen panaliti ora golek infomasi utawa katerangan. Saka andharan ing ndhuwur, sing diarani sumber data yaiku subjek saka ngendi data diolehi. Yen panaliti nganggo kuesioner utawa wawancara nalika nglumpukake data, mula sumber datane diarani responden utawa wong kang njawab pitakonan utawa menehi data, becik ing tulis uga pangucapan (Arikunto, 2002:107). Semono uga yen panaliti nggunakake teknik observasi utawa pangematan. Panaliti kudu gelem mudhun ing lapangan kanggo golek data. Menawa panaliti milih teknik dokumentasi, panaliti wis samesthine nduweni dokumen-dokumen sing gegayutan karo panaliten sing dianakake. Saka panemu ing ndhuwur, mula sumber data ing panaliten iki kajupuk saka materi sing arupa tembung, ukara lan istilah. Sumber-sumber data sing wus kasebut iku kajupuk saka dokumentasi rekaman siaran CTA ing TVRI Jawa Timur tanggal 12 Juli 2008 lan 21 Pebruari 2009.
3.4 Piranti Panaliten Sadurunge nindakake panaliten, bab sing kudu digatekake yaiku ngenani instrumen utawa piranti sing dibutuhake ing sajrone panaliten. Instrumen ing panaliten iki uga nduweni paedah sing wigati banget. Instrumen iku minangka alat utawa piranti kanggo njupuk data panaliten. Miturut Arikunto (2002:126),
instrumen minangka pirantining panaliten supaya tata cara sing digunakake cocog lan gathuk. Instrumen ing kene bisa kanggo nggampangake panaliti anggone nglumpukake data-data sing diprelokake ing panaliten. Instrumen utawa piranti sing digunakake ing panaliten iki yaiku: Panaliti minangka instrument utama, CD rekaman CTA, laptop utawa VCD player, cathetan, lan buku-buku ngenani linguistik, mligine sosiolinguistik lan buku-buku liyane sing bisa kanggo nyengkuyung panaliten.
3.5 Metode lan Teknik Panaliten Panaliten iki nggunakake telung cara panaliten, yaiku (1) carane ngumpulake data, (2) carane ngolah data, (3) carane nyajekake olahan data. Saben cara iku nduweni metode lan teknik dhewe-dhewe. Babagan metode lan teknik panaliten bakal diandharake kaya mangkene.
3.5.1 Tata Cara Panglumpuke Data Tata Cara kang dienggo kanggo ngumpulake data kanggo panaliten yaiku nggunakake metode simak lan metode cakap (Sudaryanto, 1986:62 lan 1988:9). Metode simak yaiku nyemak sakabehing basa kang digunakake dening wong kang guneman. Metode cakap yaiku wawancara antarane panaliti karo nara sumber. Metode simak dilaksanakake kanthi teknik sadap, simak libat cakap, simak bebas libat cakap, sarta catat. a. Teknik Sadap Teknik sadap yaiku nyemak kang diwujudake nampa sakabehing tuturan. Teknik sadap minangka teknik kanggo ngolehake data kanthi cara nyadap
gunemane wong-wong kang dadi sumbering panaliten (Sudaryanto, 1993:133). Teknik iki nduweni gegayutan karo teknik simak. Nalika panaliti lagi nyemak, teknik sadap nduweni peran penting yaiku sadap gunemane wong. Sadap data kang arupa lisan biasane kanggo njupuk data panaliten wong sing lagi omongomongan utawa cecaturan. Dene sadap kang rupa tulis biasane kanggo njupuk data panaliten basa tulis, upamane nasakah lawas utawa kuna. Saka sadapan lisan lan tulis iki, mula panaliten iki nganggo cara sadap kanthi lisan. Mahsun (2005:94) ngandharake yen ing panaliten basa, becik ing bidang linguistik teoretis utawa interdisipliner, metode simak nduweni fungsi kang penting kanggo ngecek maneh basane wong kang dadi data panaliten. Wus akeh ing panaliten basa, upamane bidang dialektologi, amarga alasan tartamtu upamane isin amarga basane ora standar utawa baku banjur informan mau ngomong nganggo basa kang standar. Kanggo ngatasi perkara iki, mula panaliti bisa nyadap basa iku tanpa ana kang weruh. b. Teknik Simak Libat Cakap Teknik simak libat cakap yaiku nyemak lan melu marang cecaturan. Teknik simak yaiku peneliti minangka instrumen kunci kudu nyimak kanthi langsung lan tliti saka data kang arep ditliti. Mahsun (2005:92) ngandharake yenta diarani metode simak amarga cara kang digunakake kanggo ngolehake data, kalakon kanthi nyemak basa kang wus diomongke. Sabanjure data kang diolehi kanthi cara teknik simak libat cakap yaiku data lisan kang dituturake informan. c. Teknik Simak Bebas Libat Cakap Teknik simak bebas libat cakap yaiku nyemak tanpa melu ing cecaturan. Metode iki nduweni teknik dasar sadap, kang tegese kanggo ngolehke data,
panaliti kudu nyadap basane wong iku utawa wong-wong kang dadi informan. Dadi ing kene bisa kadudut yenta basa kang kasadap iku bisa basa lisan uga bisa basa tulis. d. Teknik Cathet Teknik catat yaiku nyathet sakabehing tuturan nganggo alat tulis banjur ditulis nggunakake lambang basa utawa aksara. Mahsun (2005:93) ngandharake yen teknik cathet yaiku teknik nyathet data-data kang penting. Teknik cathet ing panaliten iki ditulis ing kartu data sabanjure kabentuk klasifikasi. Yen panaliti ora bisa nyathet, panaliti bisa nganggo teknik rekam. Teknik rekam minangka alat kanggo nglumpukake data kanthi cara ngrekam. Ing proses rekam iki, tape recorder, handphone, MP4, CD, lan alat-alat perekam liyane nduweni peran kang penting kanggo nyimpen data panaliten. Mula, teknik iki bisa kadaden yen basa kang ditliti minangka basa lisan kang dituturke dening informan. Saka teknik-teknik kang wis diandharake ing dhuwur, teknik kang digunakake ing panaliten iki yaiku teknik simak bebas libat cakap lan teknik cathet. Teknik simak bebas libat cakap digunakake amarga ing kene panaliti mung nyimak apa kang dadi gunemane penyiar CTA tanpa melu rerembugan. Apa kang dikandhakake penyiar CTA mau wis karekam ing bentuk VCD kang sabanjure panaliti nulisake sakabehe apa kang dadi gunemane penyiar CTA mau nggunakake teknik cathet.
3.5.2 Tata Cara Olah Data Panaliten iki ngliwati proses kanthi cara kang beda-beda saben tingkatane utawa tahape. Tahap-tahape yaiku:
a. Tahap kang sepisanan Ing tahap sepisanan iki kang kudu dilakoni yaiku, (1) konsultasi, minangka pengajuan lan penetapan irah-irahane panaliten marang dosen pembimbing, (2) gawe proposal kanggo menehi gegambaran ngenani obyek kang bakal ditliti, klebu bab I, bab II, lan bab III kang sabanjure di ajukake marang dosen pembimbing kanggo panduan panaliten sateruse. b. Tahap pelaksanaan Ing tahap pelaksanaan iki kang dilakoni yaiku, (1) nglumpukake data, kanthi cara golek data saka maneka werna sumber kang didadekake dhasar panaliten, (2) analisis data, yaiku ngolah lan nganalisis data kang wis dikumpulake lan disusun miturut permasalahan kang bakal dirembug, (3) penafsiran asiling analisis, babagan iki dilakoni kanggo nggoleki wangsulan tumrap masalah panaliten kang trep karo tujuwan kang dikarepake. Kanggo nggampangake nalikane panaliten, mula panaliti mbage tahapantahapane panaliten dadi pirang-pirang perangan, ing antarane: 1. Nglumpukke data sing dibutuhake, paneliti ing tahap iki nglumpukke data saka rekaman CTA ing TVRI Jawa Timur. 2. Nyeleksi sakabehe data, ing kene panaliti nyeleksi sakabehe data ngenani tembung lan ukara sing digunakake dening penyiar CTA. 3. Klasifikasi data, tujuwane kanggo merang-merang data. Data kang wus nglumpuk dilumpukake kanthi dhasar masalah-masalah panaliten, yaiku werna basa, alih kode, campur kode lan pamilihe tembung.
4. Ngandharake data, sakwuse diklasifikasi lan diperang-perang adhedhasar masalah
sing
cocog,
tahap
sabanjure
yaiku
ngandharake
data.
Ngandharake data nduweni paedah kanggo mangsuli masalah ing panaliten iki. c. Tahap kang pungkasan Tahap kang pungkasan saka panaliten iki yaiku mungkasi panaliten, kanthi cara, (1) nyusun asiling analisis kang wis direvisi dening dosen pembimbing, (2) Nggandhakake skipsi kanggo ujian, (3) Skripsi siap diuji dening dosen kang nduweni wewenang.
3.5.3 Penyajian Analisis Data Sudaryanto (1993:145) ngandharake yen asiling analisis data informal yaiku analisis data kang nganggo tembung-tembung biasa minangka asiling wedharan saka metode penyajian informal. Dadi, asil analisis kang bakal disajekake nganggo klasifikasi kanthi cara menehi kode-kode data kang dianggep alih kode lan campur kode.
BAB IV PRATELAN ASILING PANALITEN
Ana ing bab iki, bakal diandharake asiling panaliten ngenani wernane basa penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Andharan ing panaliten iki ngenani wernane basa, alih kode lan campur kode. Wernane basa nduweni jinis lan corak kang werna-werna. Saben-saben werna nduweni titikan dhewe-dhewe. Werna basa sing siji nduweni titikan tartamtu kang mbedakake karo werna basa liyane. Basa kang digunakake dening penyiar CTA TVRI Jawa Timur mujudake werna basa, amarga nduweni titikan tartamtu.
4.1 Wernane Basa Saka data kang kajupuk saka giyaran adicara CTA TVRI Jawa Timur ing tanggal 12 Juli 2008 lan 21 Pebruari 2009 ditemokake anane ragam basa kang maneka warna, ing antarane (1) werna basa ngoko, (2) werna basa dialek Surabayan, (3) werna basa krama, (4) werna basa Jawa - Arab, lan (5) werna basa Jawa - Indonesia.
4.1.1 Werna Basa Ngoko Werna basa ngoko yaiku werna basa kang umum digunakake kanggo omong-omongan ing lingkungan masyarakat Jawa mligine masyarakat Jawa
Tengah lan Jawa Timur. Werna basa ngoko digawe merga dianggep pantes kanggo guneman ing antarane wong sapantaran. Werna basa ngoko iku digunakake dening penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur, bab iku kabukten kaya ing tuladha ngisor iki.
(1)
CP
: Iku wong gendheng, cepet minggira, minggira! „Itu orang gila, cepat pergi, pergi!‟ CT : He! Surat gadhen! „He! Surat gaden!‟ CP : E… Surat gaden. He! Wani apa ora karo aku, wani apa ora! „E… Surat gaden. He! Berani apa tidak sama aku, berani apa tidak!‟ CT : Engko ndang kok sunduk temen „Nanti kamu tusuk beneran‟ (DL 1, PT 2, H 60)
(2)
CP
(3)
CP
: Lha, wis apik ngono wis! „Lha, sudah bagus begitu!‟ CT : Kaya nyokot tikus! „Seperti menggigit tikus!‟ CP : Sik ndeloke, ndeloke sik! „Sebentar tak lihate, tak lihate sebentar!‟ (DL 1, PT 2, H 60)
CT CP CT MI
: Ya wis kono Bus sakarepmu! „Ya sudah terserah Bus, terserah kamu!‟ : Aku mau „Saya tadi‟ : Renea tak thuthuk watu „Kesini kuhantam batu‟ : Watu kenek gawe tambane untu „Batu bisa buat obat sakit gigi‟ : Untune metu „Giginya keluar‟ (DT 1, PT 13, H 71)
Data (1) ngati (3) ing dhuwur mbuktekake anane werna basa ngoko kang digunakake dening penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Werna basa ngoko iki klebu werna basa kang paling asring digunakake kanggo guneman karo sapadha penyiare, yaiku antarane cak Pendik, cak Trubus, lan mbak Ida.
4.1.2 Werna Basa Dialek Surabayan Basa ngoko kang digunakake ing kene sebenere isih bisa kaperang maneh amarga anane dialek. Dialek kang digunakake ing kene yaiku dialek Surabayan. Bab iku bisa disawang saka tuladha ing ngisor iki.
(4)
CT : Encene, mungguh anakku ya, anakku mungguh gak mlebu sekolah temen tak kongkon rabi ae „Memang, seandainya anakku, seandainya anakku tidak masuk sekolah tak suruh kawin saja‟ CP : Ya aja ta, areke durung cukup umur, Bus! „Ya jangan lah, anaknya belum cukup umur, Bus!‟ CT : Wis karuan! „Sudah jelas!‟ CP : Koen kate rabekna karo sapa? „Mau kamu kawinkan sama siapa?‟ CT : Lha iku, sing lemu iku! Karuan „Lha itu, yang gendut itu! Jelas‟ (DL 1, PT 4, H 61)
(5)
CT : Ya nggone lemah iku nang njero desa. Lemah, gelem dinggoni omah „Ya tempatnya tanah itu di dalam desa. Tanah, Mau ditempati rumah‟ CP : Ooo.... CT : Iku lemah „Itu tanah‟ CP : Lemah „Tanah‟ CT : Iya „Iya‟
CP
: Onok sing ngarani bumi „Ada yang menyebutnya bumi‟ CT : Lha bumi „Lha bumi‟ CP : Nggone nok endi? „Tempatnya dimana?‟ CT : Tegalan „Kebun‟ CP : Lho kok isa „Lho kok bisa‟ CT : Diencepi tebu mesthi semi „Ditanami tebu pasti tumbuh‟ (DL 1, PT 7, H 63) (6)
CT : Gak ngono kari awakmu, gak ngono kari gelem ngijini ta gak ngono ae wis „tidak seperti itu sekarang tinggal kamu, tidak begitu tinggal member ijin apa tidak gitu aja.‟ MI : Apane iku? „Apanya?‟ CT : Ya masalah watu „Ya masalah batu‟ MI : Aku iku sing eman mik siji „Saya ini yang khawatir cuma satu‟ CP : Apa? Koen iku kate lapo sih? Kate lapo sih? „Apa? Kamu mau apa sih? Mau apa sih? CT : Iki lho tak uber-uber! „Ini lho tak kejar-kejar!‟ CP : Apaa? Bojomu koen goleki lapo? „Kenapa? Istrimu kamu cari kenapa? CT : Anakku kan oleh rejeki gedhe! „Anakku baru saja dapat rejeki besar‟ CP : O… Critane ya apa critane? „O… Ceritanya bagaimana? (DL 1, PT 10, H 65)
Saka data (4) nganti (6) ing dhuwur bisa disawang anane werna basa Jawa dialek Surabayan kang digunakake dening penyiar CTA TVRI Jawa Timur. Ing kene werna basa Jawa dialek Surabayan mau bisa disawang saka anane tembung “onok”, “nok”, “koen”, “lapo”, “ya apa”, “gak”, lan “kate”. Bab iku kedadeyan
amarga penyiar CTA ing saben dinane uga nggunakake basa Jawa dialek Surabayan, dadi dialek iku mau isih kerep digunakake nalika giyaran nganggo basa Jawa umume, ananging dialek Surabayan kang digunakake penyiar CTA iku mau sabenere uga isih klebu ing werna basa ngoko.
4.1.3 Werna Basa Krama Werna basa krama digunakake kanggo ngajeni marang wong kang diajak guneman. Werna basa iki uga digunakake dening penyiar CTA TVRI Jawa Timur. Bab iku bisa disawang saka data kang wis ana ing lampiran.
(7)
CP PC
(8)
CP PC
(9)
CP
: Sami sehat sedaya? „Sehat semua?‟ : Nggiih…!! „Iya…!!‟ (DL 1, PT 1, H 59) : Dos pundi dulur-dulur sehat nggih? „Bagaimana saudara-saudara sehat ya?‟ : Nggih… „Ya…‟ (DL 1, PT 9, H 64)
: Kula cak Pendik „Saya cak Pendik‟ CT : Kula Trubus karya „Saya Trubus Karya‟ MI : Kula Ida Saputri „Saya Ida Saputri‟ CP : Ngaturaken Sugeng dalu, pepisahan sawetawis, pinanggih sabtu ngajeng. „Mengucapkan selamat malam, berpisah sementara, bertemu lagi sabtu depan.‟ (DL 1, PT 13, H 72)
Saka data (7), (8), lan (9) ing dhuwur bisa ditemokake wujud werna basa krama saka gunemane cak Pendik karo pemirsa campursari (data 7, 8) lan guneman antarane cak Pendik, cak Trubus lan mbak Ida (data 9). Ing data (7) lan data (8) basa krama digunakake cak Pendik kanggo guneman karo pamirsa campursari kanthi tujuwan ngurmati pawongan kang diajak guneman. Dene ing data (9) werna basa krama digunakake kanggo nepungake awake dhewe marang kabeh pamirsa CTA ing TVRI Jawa Timur.
4.1.4 Werna Basa Jawa - Arab Werna basa Jawa - Arab uga digunakake dening penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Bab iku bisa disawang saka data ing ngisor iki.
(10) CP PC CP
(11) CP
: Alhamdulillah, dos pundi dulur-dulur sehat nggih? „Alhamdulillah, bagaimana kabar saudara-saudara sehat ya?‟ : Nggiih „Ya‟ : Sehat wal „afiat alhamdulillah „Sehat wal „afiat alhamdulillah‟ (DL 1, PT 1, H 59)
: Inggih pamirsa ingkang wonten dalem ugi kadang-kadang kula wonten studio, matur nuwun sanget njenengan taksih setya tuhu mirsani CTA saking TVRI Jawa Timur. Panjenengan tansah kula dongakne mugi-mugi seger waras sedaya, dipun paringi murah rejeki sedaya, amin! „Iya penonton yang berada dirumah dan saudara-saudara yang berada di studio, terima kasih banyak karena masih setia menonton CTA dari TVRI Jawa Timur. Anda selalu saya doakan semoga sehat semua, diberi murah rejeki semua, amin!‟ CT : Amin-amin „amin-amin‟ CP : Panjang umur sedaya „panjang umur semuanya‟
CT : Amin „amin‟ (DL 1, PT 5, H 62) (12) CP
: Cak Trubus, kula cak Pendik ding tak tong! „Cak Trubus, saya cak Pendik ding tak tong‟ CT : Kula Trubus Karya! „Saya Trubus Karya!‟ CP : Ugi kanca-kanca saking Bharada Unesa ngaturaken sugeng dalu, pepisahan sawetawis pinanggih sabtu ngajeng…. Assalamu „alaikum warohmatullahi wabarokatuh „Juga teman-teman dari Bharada Unesa mengucapkan selamat malam, sampai jumpa sabtu depan…. Assalamu‟alaikum warohmatullahi wabarokatuh‟ (DL 1, PT 8, H 63)
Data (10) ing dhuwur mbuktekake anane werna basa Jawa - Arab. Bab iku kabukten saka anane tembung “Alhamdulillah” lan “wal‟afiat” kang digunakake dening penyiar CTA. Semono uga ing data (11) lan (12), ing kana uga ditemokake saperangan tembung saka basa Arab, ing antarane “amiin” lan “Assalamu‟alaikum warohmatullahi wabarokatuh”.
4.1.5 Werna Basa Jawa – Indonesia Wujud wernane basa Jawa – Indonesia uga ditemokake ing data kang wis dilumpukake paneliti, kayata:
(13) CP
: Matur nuwun, Yunita kaliyan Latif Nur! Duh asli mahasiswa, mulane sik cilik-cilik, tapi salut ya? „Terima kasih, Yunita dan Latif Nur! Dhuh asli mahsiswa, makanya masih terlihat kecil-kecil, tapi salut ya?‟ CT : Salut! „Salut!‟
CP
: Kalau di semua perguruan tinggi terus memiliki grup campursari seperti ini, iya ta? Terus penyanyine ya asli teka perguruan tinggi, ya wis alhamdulillah isa lancer „Kalau di semua perguruan tinggi terus mempunyai grup campursari seperti ini, iya kan? Dan penyanyinya juga asli dari perguruan tinggi, ya sudah Alhamdulillah bisa lancer.‟ (DL 1, PT 3, H 61)
(14) CP
: Iki sing penyanyi iki istimewa cak trubus! Ya kena godha iki Desita Ayu, Juara satu lomba campursari putri teka SMA 1 Ponorogo! „Penyanyi yang satu ini istimewa cak Trubus! Ya terkena godaan dari ini Desita Ayu, Juara satu lomba campursari putri dari SMA 1 Ponorogo‟ : SMA 1 Ponorogo „SMA 1 Ponorogo‟ : Waktu Unesa ngenekna lomba campursari. Terus sing wuyung, sing wuyung ki Andra Dwi Putra siswa SMA 1 kabupaten Blitar, iki uga juara satu putra. Tepuk tangan! Unesa, mangga „Ketika Unesa mengadakan lomba campursari. Lalu yang “wuyung”, yng wuyung ini Andra Dwi Putra siswa SMA 1 Kabupaten Blitar, ini juga merupakan juara satu putra. Tepuk tangan! Unesa, silakan ‟ (DL 1, PT 11, H 68)
MI CP
(15) CP
: Yo iki kan kanca mahasiswa Cak Trubus... awake dhewe salut ya bahwa mahasiswa sik enom-enom, nggantheng-nggantheng ngene, kabeh penyanyine maeng kabeh ya mahasiswi kabeh iku maeng „Ya ini kab teman mahasiswa Cak Trubus…kita salut ya bahwa mahasiswa yang masih muda-muda, tampan-taman seperti ini, semua penyanyi tadi ya mahasiswi semua itu‟ CT : Mahasiswi kabeh „Mahasiswi semua‟ CP : Ternyata juga bisa menyanyi campur sari dengan baik! „Ternyata juga bisa menyanyi campursari dengan baik! ‟ MI : Luar biasa „Luar biasa‟ (DL 1, PT 13, H 71)
Saka data (13) nganti (15) ing dhuwur bisa dibuktekake anane werna basa Jawa - Indonesia. Bab kasebut bisa disawang saka gunemane penyiar CTA TVRI Jawa Timur kang nganggo basa Jawa lan basa Indonesia.
4.2 Alih Kode Alih kode ing data panaliten iki dijupuk saka guneman ing antarane pranatacara CTA TVRI Jatim, lan alih kode kang digunakake iku bisa nduweni tujuwan (1) supaya narik perhatiane para pamirsa, (2) supaya luwih gampang dimangerteni sakabehe kalangan pamirsa campursari, (3) supaya tetep bisa nglestarekake basa Jawa. Saka data panaliten campursari ing TVRI Jawa Timur kang wis kalaksanaan ing tanggal 12 Juli 2008 lan 21 Pebruari 2009, panaliten iki nemokake wujud alih kode telung werna, yaiku alih kode basa Jawa - basa Indonesia, basa Jawa - basa Jawa dialek Surabayan, lan basa Jawa ngoko - basa Jawa krama.
4.2.1 Alih Kode Jawa - Indonesia Saka data CTA TVRI Jawa Timur kang wis di temokake dening panaliti, ana pirang-pirang wujud alih kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia, kayata ing ngisor iki:
(16) CP
: Mosok ana wong perang karo nggawa bulldozer? „Masa ada orang berperang membawa bulldozer?‟ CT : Tapi gak papa, hebat! hebat! hebat! „Tapi tidak apa-apa, hebat! Hebat! hebat!‟ CP : Yak! Sekali lagi tepuk tangan untuk Bharada Surabaya „Yak! Sekali lagi tepuk tangan untuk Bharada Surabaya‟
CT : Tepuk tangan „Tepuk tangan‟ (DL 1, PT 2, H 61) (17) CP
: Matur nuwun, Yunita kaliyan Latif Nur! Duh asli mahasiswa, mulane sik cilik-cilik, tapi salut ya? „Terima kasih, Yunita dan Latif Nur! Duh asli mahasiswa, jadi masih kecil-kecil, tapi salut ya?‟ CT : Salut! „Salut!‟ CP : Kalau di semua perguruan tinggi terus memiliki grup campursari seperti ini… „Kalau di semua perguruan tinggi terus memiliki grup campursari seperti ini…‟ (DL 1, PT 3, H 61)
(18) CP
: Ya wis buwaken ae sing adoh ya? „Ya sudah buang saja yang jauh ya?‟ CT : Ya tak buwake seng adoh! „Iya saya buang jauh-jauh!‟ CP : He eh, Yang penting sekarang hiburan, tepuk tangan campursari Bharada Unesa „He eh, yang penting sekarang hiburn, tepuk tangan campursari Bharada Unesa‟ (DL 1, PT 10, H 67)
Saka data (16), (17) lan (18) bisa kajlentrehake yen ta ana wujud alih kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia. Sakdurunge panutur (ana ing kene yaiku cak Pendik) micara nggunakake basa Jawa, ananging sawise oleh wangsulan saka wong kaloro (ana ing kene yaiku cak Trubus) banjur panutur micara nggunakake basa Indonesia. Ing data (13) lan (15) cak Pendik guneman karo cak Trubus nggunakake basa Jawa banjur ditanggapi cak Trubus uga nggunakake basa Jawa kang dicampur karo basa Indonesia, nalika cak Pendik ngalihake omongan marang penonton campursari kang ana ing studio, banjur cak Pendik nglakoni alih kode
saka basa Jawa menyang basa Indonesia supaya apa kang disampekake bisa ditampa kanthi cetha dening kabeh pamirsa campursari, kalebu pamirsa kang ora sepira nguwasai basa Jawa. Ing kene cak Pendik mangerteni yen pamirsa campursari iku dudu mung wong kang wasis basa Jawa, nanging kabeh kalangan, klebu wong kang ora sepira ngerti marang basa Jawa. Ana ing data (14) cak Pendik nglakoni alih kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia kanggo nyuntak uneg-uneg utawa kekarepane supaya bisa luwih gampang dimangerteni sakabehe pamirsa campursari.
4.2.2 Alih Kode Jawa - Dialek Surabayan Saka data CTA TVRI Jawa Timur iku mau, uga ditemokake anane pirangpirang wujud alih kode saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan, kayata ing ngisor iki:
(19) CP
: Sami sehat sedaya? „Semua sehat kan?‟ PC : Nggiih…!! „Iya…!!‟ CP : Lha, nek ngene kait muni „Lha, kalau begini baru bunyi‟ CT : Mungguh iwak digebyur dhisik, byur! byur! byur! „Seumpama ikan harus disiram dulu, byur! Byur! Byur!‟ (DL 1, PT 1, H 59)
(20) CP
: E… Surat gaden. He! Wani apa ora karo aku, wani apa ora! „E… surat gadai. He! Berani atau tidak sama saya, berani atau tidak!‟ CT : Engko ndang kok sunduk temen „Nanti kamu tusuk benar‟
CP
: Koen iku nggawe brengos kok isa nyoncong kaya sungut iku yaapa koen iku? „Kamu itu memakai kumis kok bisa kedepan seperti antenna itu bagaimana kamu itu? ‟ (DL 1, PT 2, H 60)
(21) CP
: Ayu-ayu „Cantik-cantik‟ CT : Wis! Kapaan ngene iki „Sudah! Kapaan bagini ini‟ MI : Agi, nglirika! macem-macema! „Cepat, meliriklah! Macam-macamlah!‟ CP : Gak sumbut nek musuh arek mahasiswa, ngene ki gak sumbut „Tidak pantas jika melawan mahasiswa, begini ini tidak pantas‟ (DL 1, PT 11, H 68)
Saka data (19), (20), lan (21) ing nduwur mbuktekake anane wujud alih kode saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan kang ditindakake dening penyiar CTA TVRI Jawa Timur. Ing data (19) cak Pendik guneman nggunakake basa Jawa, sawise apa kang dikandhake diwangsuli cak Trubus banjur cak Pendik nglakoni alih kode saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan. Ing kene cak Pendik nggunakake dialek Surabayan amarga cak Trubus luwih kerep nggunakake dialek Surabayan tinimbang basa Jawa kaya umume. Cak Pendik nggunakake dialek Surabayan “kait” kanggo ngganteni tembung “wiwit”. Semono uga cak Trubus uga nglakoni alih kode saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan kanthi kandha “mungguh iwak digebyur dhisik”. Ana ing data (20) cak Pendik uga nglakoni alih kode saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan. Ing kene, sabenere cak Pendik guneman karo cak Trubus nggunakake basa Jawa, ananging amarga cak Trubus mangsuli
karo dialek Surabayan, pungkasane cak Pendik uga melu-melu guneman ngganggo dialek Surabayan. Data (21) uga ora beda adoh karo data (20), ananging ing data (21) ana guneman saka mbak Ida kang uga nggunakake basa Jawa dialek Surabayan, dadi cak Pendik ngimbangi kanthi cara melu guneman nggunakake basa Jawa dialek Surabayan.
4.2.3 Alih Kode Ngoko - Krama Wujud alih kode sabanjure yaiku alih kode saka basa Jawa ngoko menyang basa Jawa krama, kayata ing ngisor iki:
(22) CP
: Aja mbalik rana maneh! kudu mbalik nang mburi ae „Jangan kembai kesana lagi1 harus kembali ke beakang saja‟ CT : Kadhung tuman „Sudah terlanjur kebiasaan‟ CP : Inggih pamirsa ingkang wonten dalem ugi kadang-kadang kula wonten studio, matur nuwun sanget njenengan taksih setya tuhu mirsani CTA saking TVRI Jawa Timur. Panjenengan tansah kula dongakne mugi-mugi seger waras sedaya, dipun paringi murah rejeki sedaya, amin! „Baik pemirsa yang ada di rumah maupun saura-sauraku yang ada di studio, terimakasih banyak anda masih setia melihat CTA darii TVRI Jawa Timur. Anda sekalian senantiasa saya do‟akan semoga sehat dan segar semua, diberi rizki yang berlimpah semua, amin!‟ (DL 1, PT 5, H 62)
(23) CP
: Ya wis ayo njaluk pamit „Ya sudah, ayo kita pamit‟ CT : Wis entek ta? „Apa sudah selesai?‟ CP : kula Cak Pendik „Saya Cak Pendik‟
CT : Kula Trubus karya „Saya Trubus Karya‟ (DL 1, PT 13, H 72)
Saka data (22) lan (23) bisa dibuktekake yen penyiar CTA TVRI Jatim iku uga nggunakake alih kode saka basa Jawa ngoko menyang basa Jawa Krama. Data (22) cak Pendik guneman karo cak Trubus nggunakake basa Jawa ngoko. Sabanjure cak Pendik ngalihake omongan marang pamirsa campursari kanthi ngowahi gunemane nganggo basa Jawa krama, ing kene cak Pendik nduweni tujuwan ngajeni pamirsa campursari. Ing data (23) ora beda adoh karo data (22). Ing kene cak Pendik lan cak Trubus padha-padha nglakoni alih kode saka basa Jawa ngoko menyang basa Jawa Krama kanggo guneman karo pamirsa campursari kanggo tujuwan ngajeni pamirsa CTA TVRI Jatim.
4.3 Campur Kode Campur kode iku bisa ndadekake guneman gampang dimangerteni, biasane campur kode digunaake kanggo njlentrehake babagan kang dadi bakune omongan supaya ukarane ora mbingungake sing diajak guneman, apamaneh yen sing diajak guneman mau durung sepira mangerteni basa kang digawe guneman wong kang ujar. Tuladhane wong Jawa ngomong marang wong Madura, kamangka wong Madura mau olehe ngerti basa Jawa durung sepira cetha, dadi yen kira-kira wong mau ora ngerti kudu dikandhakake karo basa Indonesia.
Tuladhane campur kode yaiku, basa Jawa dicampur basa Indonesia, basa Jawa dicampur basa Arab, basa Jawa dicampur basa Inggris, basa Jawa dicampur basa Madura, lan liya-liyane. Ing ngisor iki tuladha wujude campur kode kang dilakoni dening penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur.
4.3.1 Campur Kode Jawa – Arab Campur kode saka basa Jawa menyang basa Arab uga digunakake dening penyiar CTA TVRI Jawa Timur, bab iku bisa disawang saka tuladha ing ngisor iki.
(24) CP
: Assalamu„alaikum dulur-dulur „Assalamu‟alaikum saudara-saudara‟ (DL 1, PT 1, H 59)
(25) CP
: Alhamdulillah... Woh, pak Harno wisan, ning ngarep dhewe karo bu Harno „Alhamdulillah… woh, pak Harno dan bu Harni sudah di tempat yang paling depan‟ (DL 1, PT 1, H 59)
(26) CP
: Panjenengan tansah kula dongakne mugi-mugi seger waras sedaya, dipun paringi murah rejeki sedaya, amin! „Anda semua saya doakan semoga sehat dan segarsemua, debri rizki yang berlimpah semua, amin!‟ (DL 1, PT 5, H 62)
(27) CT : Hle... Masya Allah arek iki! cik kuwalat! cik kuwalat! „Hle… Masya Allah anak ini! Biar berdosa! Biar berdosa!‟ (DL 1, PT 10, H 66)
Saka kutipan ing dhuwur bisa dibuktekake yen basa penyiar CTA TVRI Jawa Timur iku nggunakake campur kode saka basa Jawa menyang basa Arab. Bab iku kabukten saka anane tembung: Assalamu‟alaikum, Alhamdulillah, Amin, Wassalamu‟alaikum warohmatullahi wabarokatuh, wal „afiat Alhamdulillah, lan Masya Allah. Basa Arab kang digawe iku salah sawijining wujud basa kang umum lan lumrah digunakake dening masyarakat Jawa, mligine kang nganut agama Islam. Tembung-tembung mau sanadyan sabenere bisa dikandhakake nganggo basa Jawa lan ditegesi nganggo basa Jawa nanging ing nyatane tetep luwih pas yen dikandhakake nganggo basa Arab.
4.3.2 Campur kode Jawa – Indonesia Campur kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia akeh digunakake dening penyiar CTA. Bab iki dumadi amarga reflek penyiar kang wis biasa gunemana nganggo basa Indonesia, dadi nalika siaran nganggo basa Jawa, isih kerep kecampurn karo basa Indonesia.
(28) CP : Mboten, kula niki heran. Saben kula takon sehat gak‟e, mesthi gecol abot sing sisih. Sing kene iki lho sing banter, kana iku gak banter, heran. Apaa Bus ya? „Tidak, saya ini heran. Setiap saya Tanya sehat atu tidak, pasti berat sebelah. Yang sebelah sini ini keras, sebelah sana itu tidak keras, heran. Kenapa ya Bus ya?‟ (DL 1, PT 1, H 59) (29) CT : Mahasiswi, masiya wedok gak gelem ketinggalan, bagian nuthuk ngene „Mahasiswi, meskipun perempuan tidak mau ketinggalan, bagian memukul seperti ini‟ (DL 1, PT 1, H 60)
(30) CP : Yang jelas kanca-kanca Bharada mangke badhe ngaturaken lagulagu kagem panjenengan ngantos jam sanga dalu mangke „Yang jelas temanteman Bharada nanti akan menyampaikan lagulagu untuk anda sampai pukul Sembilan malam nanti‟ (DL 1, PT 1, H 60) (31) CT : Gak perkara ngatasi gak! Tapi dalam rumah tangga kan isa kono bagian manjak, aku sing ndagel, anakku sing MC „Tidak masalah bisa atu tidaknya menghadapi! Tetapi dalam rumah tangga kan bisa situ bagian manjak, saya yang melucu, anak saya yang menjadi MC‟ (DL 1, PT 4, H 61)
Saka data (28) nganti (31) ing ndhuwur mbuktekake yen ing CTA TVRI Jawa Timur iku nggunakake campur kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia. Campur kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia iku mau cacahe paling akeh yen dibandingake karo campur kode saka basa Jawa menyang basa liyane. Campur kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia iki asring digunakake amarga saka kebiasaan penyiar CTA guneman gawe basa Indonesia, saliyane iku uga supaya apa kang diandharake luwih gampang dimangerteni pamirsa CTA TVRI Jawa Timur.
4.3.3 Campur Kode Jawa – Inggris Wujud campur kode saka basa Jawa menyang basa Inggris uga digunakake dening penyiar CTA TVRI Jawa Timur, bab iku bisa disawang saka pethikan data ing ngisor iki:
(32) CT : Gak perkara ngatasi gak! Tapi dalam rumah tangga kan isa kono bagian manjak, aku sing ndagel, anakku sing MC „Bukan masalah bisa atu tidak mengatasi! Tetapi dalam rumah tangga kan bisa situ yang bagian memainkan music, saya yang melucu, anak saya yang MC‟ (DL 1, PT 4, H 61) (33) CT : Oke, tak susule! „Oke, saya jemput‟ (DL 1, PT 6, H 62)
Saka data (32) lan (33) ing dhuwur bisa kadudut yen penyiar ing CTA TVRI Jawa Timur uga nggunakake campur kode saka basa Jawa menyang basa Inggris. Ing kene tembung “MC” kang sabenere dijupuk saka basa Inggris wis lumrah digunakake ing basa Jawa, yen tembung MC iku mau dikandhakake karo tembung “pranatacara” durung karuan sakabehe pamirsa CTA ngerti karepe, luwih-luwih kanggo pamirsa kang durung sepira nguwasai basa Jawa. Semono uga tembung “oke” ing data (33) kaya-kaya wis dadi tembung kang lumrah digawe dening masyarakat Jawa. Pancen tembung “oke” mau bisa diganti nggunakake tembung “ya” utawa “nggih”, nanging campur kode iku dhewe nduweni tujuwan kaya kang wis diterangake ing dhuwur mau. Kayadene supaya katon kapinterane ing babagan basa, utawa katon yen pendhidhikane dhuwur.
4.4 Asiling Panaliten Bab Wernane Basa Penyiar CTA Andharan babagan wernane basa penyiar CTA ing nduwur iku ngrujuk marang buku-buku Linguistik mligine Sosiolinguistik lan panaliten-panaliten bab wernane basa sakdurunge. Akehe wujud werna basa sarta campur kode lan alih
kode kang digunakake dening penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA dadi salah sawijining bab kang narik kawigatene panaliti kanggo ndadekake masalah iki dadi sawijining panaliten ing skripsi. Ana pirang-pirang alasan kang nyebabake penyiar CTA mau nggunakake wujud werna basa, ing antarane (1) werna basa kasebabake amarga anane keragaman sosial penutur lan keragaman fungsi basa iku dhewe, yenta penutur basa kuwi kelompok sing beda-beda, merga etnis, status sosial lan penggawean. (2) werna basa kang wis ana kanggo interaksi ing masyarakat. Lan saka panaliten iki nemokake wujud wernane basa kang digunakake dening penyiar CTA ana papat, yaiku (1) werna basa ngoko, (2) werna basa karma, (3) werna basa Jawa – Arab, lan (4) werna basa Jawa - Indonesia. Wernane basa nduweni corak kang werna-werna amarga saben basa nduweni paugeran dhewe-dhewe. Basa sing siji nduweni paugeran kang mbedakake karo basa liyane amarga corak lan jinise pancen beda, ing ngisor iki bisa dibedakake antarane (101) werna basa ngoko lan (102) werna basa krama.
(34) CP
: Lha, wis apik ngono wis! „Lha, sudah bagus itu!‟ CT : Kaya nyokot tikus! „Seperti memakan tikus!‟ CP : Sik ndeloke, ndeloke sik! „Sebentar saya lihat, lihat sebentar!‟ (DL 1, PT 2, H 60)
(35) CP PC
: Sami sehat sedaya? „Semua sehat kan?‟ : Nggiih…!! „Iya…!‟ (DL 1, PT 1, H 59)
Saka petikan ing dhuwur bisa disawang panganggone basa iku mau kanggo sapa. Data (34) wujude guneman antarane CP lan CT kang padha-padha penyiar ing CTA, supaya ketara luwih akrab kalorone guneman nggunakake werna basa ngoko, beda karo ing data (35) nalika CP kandha nggunakake werna basa krama amarga ing kene kang diajak guneman yaiku pamirsa campursari, tujuwane CP kandha nggunakake werna basa krama yaiku kanggo ngajeni pamirsa CTA. Owah-owahan saka basa siji menyang basa liyane diarani alih kode. Alih kode kaperang dadi loro, yaiku alih kode intern lan alih kode ektern. Tegese alih kode intern yaiku alih kode kang kadaden ing basane dhewe, kayata basa Jawa ngoko ing Jawa krama utawa suwalike. banjur alih kode ektern kadaden saka basane dhewe ing basa liya. Dene kang njalari alih kode yaiku: (1) pawongan kang ngajak guneman, (2) pamiyarsa utawa pawongan kang diajak guneman, (3) owahe kahanan amarga tekane pawongan katelu, (4) owahe guneman saka bab resmi menyang babagan kang ora resmi utawa sakwalike, (5) owahe topik guneman.
(36) CP
: Ya wis ayo njaluk pamit „Ya sudah mari kita pamit‟ CT : Wis entek ta? „Apa sudah selesai?‟ CP : kula Cak Pendik „Saya Cak Pendik‟ CT : Kula Trubus karya „Saya Trubus Karya‟ (DL 1, PT 13, H 72)
(37) CP
: Ya wis buwaken ae sing adoh ya? „Ya sudah buanglah yang jauh ya‟
CT : Ya tak buwake seng adoh! „Iya saya buang jauh-jauh!‟ CP : He eh, Yang penting sekarang hiburan, tepuk tangan campursari Bharada Unesa „Iya, yang penting sekarang hiburan, tepuk tangan campursari Bharada Unesa‟ (DL 1, PT 10, H 67)
Saka pethikan ing dhuwur bisa disawang wujude alih kode intern (36) lan alih kode ekstern (37). Ing kene alih kode intern (36) dumadi saka basa Jawa ngoko menyang basa Jawa krama, alih kode iki maujud amarga owahe pawongan kang diajak guneman. Nalika isih guneman karo CT, CP nggunakake basa Jawa ngoko, ananging nalika ngalihake omongan marang PC, CP nglakoni alih kode nggunakake basa Jawa krama. Ora beda karo data (37), nalika CP guneman karo CT, dheweke nggunakake basa Jawa ngoko, ananging nalika ngalihake guneman marang PC, CP nggunakake basa Indonesia. Bedane ing data (37) kang dumadi yaiku alih kode ekstern amarga kedadeyan saka basa Jawa menyang basa Indonesia. Jroning guneman, kanggo njlentrehake apa kang dikarepake kudu nggawe ukara kang cetha lan gampang dingerteni. Mulane, ana kalane kanggo njlentrehake sawijining bab kudu njupuk unsur basa saka basa liya utawa variasine supaya karepe bisa dimangerteni. Mula saka iku, jroning guneman asring digunakake campur kode, semono uga penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Dene campur kode kang digunakake ing giyaran CTA iku ana telu, yaiku (1) Jawa – Arab, (2) Jawa – Indonesia, lan (3) Jawa – Inggris. Dene miturut sipate campur
kode mau kaperang dadi loro, yaiku (1) campur kode positif lan (2) campur kode negatif.
(38) CP
: Inggih, alhamdulillah pamirsa ingkang wonten dalem lan kadang-kadang ingkang wonten studio, dalu menika kepanggih malih kalian campursari tambane ati saking TVRI Jawa Timur. „Iya, Alhamdulillah pemirsa yang ada di rumah dan yang ada di studio, mala mini bertemu lagi dengan campursari tambane ati dari TVRI Jawa Timur.‟ (DL 1, PT 1, H 59)
(39) CP
: Mboten, kula niki heran. Saben kula takon sehat gak‟e, mesthi gecol abot sing sisih. Sing kene iki lho sing banter, kana iku gak banter, heran. Apaa Bus ya? „Tidak, saya ini heran. Setiap saya bertanya sehat tidaknya, pasti tidak berimbang berat yang samping. Yang sebelah sini ini lho yang keras, sebelah sana into tidak keras, heran. Kenapa Bus ya? (DL 1, PT 1, H 59)
Saka pethikan data (38) ing dhuwur bisa disawang anane wujud campur kode positif saka basa Jawa ing basa Indonesia. Diarani campur kode positif amarga pancen tembung kang dijupuk saka basa Indonesia mau ing basa Jawa durung ana kang tegese padha. Beda karo pethikan data (39), data iku diarani campur kode negatif amarga tembung kang dikandhakake iku sabenere ing basa Jawa uga ana kang padha tegese, dadi sabenere penyiar ora prelu njupuk unsur saka basa liya. Saka data-data lan sakabehe pethikan ing dhuwur bisa disawang akehe kedadeyan ragam basa, alih kode lan campur kode kang digunakake dening penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Lan kabeh mau dianggep prelu supaya giyaran CTA iku bisa luwih nyenengake lan dimangerteni ora mung wong Jawa
wae, ananging uga pamirsa kang durung sepira nguwasai basa Jawa, amarga tujuwane acara CTA ing TVRI Jawa Timur iku saliyane kanggo ngleluri budaya Jawa (campursari) uga kanggo menehi hiburan (tontonan) marang sakabehe pamirsa CTA. Saka data-data lan sakabehe pethikan ing dhuwur bisa disawang akehe kedadeyan ragam basa, alih kode lan campur kode kang digunakake dening penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Lan kabeh mau dianggep prelu supaya giyaran CTA iku bisa luwih nyenengake lan dimangerteni ora mung wong Jawa wae, ananging uga pamirsa kang durung sepira nguwasai basa Jawa, amarga tujuwane acara CTA ing TVRI Jawa Timur iku saliyane kanggo ngleluri budaya Jawa (campursari) uga kanggo menehi hiburan (tontonan) marang sakabehe pamirsa CTA. Panaliten ngenani basa Penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur ing dhuwur bisa digambarake wujud bagan kaya ing ngisor iki.
2. Alih Kode
Intern Kode 2.1 2.2
2.3
1. Werna Basa
Ekstern Kode
Negatif Kode
Positif
Jawa -
1.1
Ngoko
Indonesia
1.2
Dialek
Jawa -
Surabayan
Dialek
1.3
Krama
Surabayan
1.4
Jawa -
Ngoko Krama
3. Campur Kode
Arab 1.5
Jawa Indonesia
3.1
Jawa Arab
3.2
Jawa Indonesia
3.3
Jawa Inggris
BAB V DUDUTAN LAN SARAN
5.1 Dudutan Adedhasar saka masalah ing bab-bab kang wis kaandharake sadurunge, mula panaliten bisa nduweni dudutan ing antarane. Werna basa kang wis kaandharake kaperang dadi lima, yaiku (1) werna basa ngoko, (2) werna basa dialek Surabayan, (3) werna basa krama, (4) werna basa Jawa - Arab, lan (5) werna basa Jawa - Indonesia. Dene alih kode kang digunakake penyiar CTA TVRI Jawa Timur kaperang dadi telung warna, yaiku (1) alih kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia, (2) alih kode saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan, lan (3) alih kode saka basa Jawa ngoko menyang basa Jawa Krama. Banjur campur kode kang digunakake penyiar CTA TVRI Jawa Timur kaperang dadi telu, yaiku: (1) Campur kode Jawa - Arab, (2) Campur kode Jawa - Indonesia, lan (3) Campur kode Jawa - Inggris. Sakliyane iki ing babagan alih kode uga ditemokake wujude alih kode intern lan alih kode ekstern. Dene ing babagan campur kode ditemokake wujude campur kode positif lan campur kode negatif.
5.2 Saran Ing panaliten ngenani wernane basa penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur iki ngrembug ngenani anane wujud alih kode lan campur kode kang dumadi saka gunemane penyiar CTA. Panaliten iki isih adoh saka kasampurnan, bab iku bisa disawang saka tata basa lan panulisan, mula saka iku panulis nduweni pangareparep supaya ana panaliten-panaliten sing anyar lan luwih apik kanthi objek saka basa penyiar campursari. Muga-muga panaliten migunani kanggo sakabehe. Nuwun.
KAPUSTAKAN
Adipitoyo, Sugeng. 1996. “Wernane Basa Jawa lan Krida Olahe Basa ing Masyarakat Surabaya” ing Majalah Prasasti No. 22 hal 31-57. Surabaya: Fakultas Bahasa dan Seni Unesa Alwasilah, Chaedar. 1985. Beberapa Madhap dan Dikotomi Teori Linguistik. Bandung: Angkasa Arikunto, Suharsimi. 2002. Prosedur Penelitian: Suatu Pendekatan Praktek. Jakarta: PT. Rineka Cipta Basir, Ujang Pairin. 2001. “Sekilas Tentang Sosiolinguistik” ing Majalah Verba Vol. 2 No. 2 hal 146-160. Surabaya: Fakultas Bahasa dan Seni Unesa Basir, Udjang Pr. M. 2002. Sosiolinguistik Pengantar Kajian Tindak Berbahasa. Surabaya: University Press Unesa Chaer, Abdul. 2007. Linguistik Umum. Jakarta: PT. Rineka Cipta Chaer, Abdul dan Leonie Agustina. 2004. Sosiolinguistik: Perkenalan awal. Jakarta: PT. Rineka Cipta Chaer, Leoni Agustina. 1995. Sosiolinguistik Suatu Pengantar. Jakarta: PT. Rineka Cipta Kartomihardjo, Soeseno. 1988. Bahasa Cermin Kehidupan Masyarakat. Jakarta: Depdikbud Direktorat Jenderal Pendidikan Tinggi P2LPTK Keraf, Gorys. 1994. Komposisi Sebuah Pengantar Kemahiran Bahasa. Flores: Nusa Indah Kridalaksana, Harimurti. 1984. Kamus Linguistik (Edisi Kedua). Jakarta: Gramedia Mahsun, Dr. 2005. Metode Penelitian Kata Dalam Bahasa Indonesia. Jakarta: PT. Raja Grafindo Persada Moeliono, Anton M. 1982. “Bahasa Indonesia dan Ragam-ragamnya” ing Majalah Pembinaan Bahasa Indonesia Jilid I No. 1 hal. 15-34, Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa
Murdiyanto dan F.X. Sawardi. 2000. “Tingkat Tutur Bahasa Jawa: Kerumitan dan Tantangannya” ing Majalah Verba Vol. I No. 3 hal. 216-238. Surabaya: Fakultas Bahasa dan Seni Unesa Nababan, P. W. J. 1993. Sosiolinguistik: Sebuah Pengantar. Jakarta: PT. Gramedia Pustaka Utama Pateda, Mansoer. 1987. Sosiolinguistik. Bandung: Angkasa Poedjasoedarma, Soepomo. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengenbangan Bahasa Depdikbud Rahardi, R. Kunjana. 2001. Sosiolinguistik Kode dan Alih Kode. Yogyakarta: Pustaka Pelajar Offset Soeparno. 2003. Dasar-Dasar Linguistik. Yogyakarta: Mitra Gama Widya Sudaryanto. 1986. Metode Linguistik, Bagian Kedua: Metode dan Pengumpulan Data. Yogyakarta: Gajahmada University Press
Teknik
Sudaryanto. 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa: Pengantar Penelitian Wahana Kebudayaan secara Linguistik. Yogyakarta: Duta Wacana Surana. 2009. Fonetik-Fonologi. Surabaya: Bintang Suwito. 1985. Sosiolinguistik Pengantar Awal. Surakarta: Henary Offset
Lampiran I DATA KANG DITLITI
CP CT CTA MI PC PT SW TW
: : : : : : : :
Cak Pendik Cak Trubus Campursari Tambane Ati Mbak Ida Pamirsa Campursari Peristiwa Tutur (Prastawa Tutur) Swarawati (Penyanyi) Tukang Warung
12 Juli 2008 Peristiwa Tutur 1 CP PC CP PC CP CT CP PC CP CT CP CT CP CT CP CT CP
: Assalamu„alaikum dulur-dulur! : Wa‟alaikumsalam warohmatullahi wabarokatuh : Alhamdulillah... Woh, pak Harno wisan, ning ngarep dhewe karo bu Harno. Dos pundi bapak ibu? Sami sehat sedaya nggih? : Sehaat : Mboten, kula niki heran. Saben kula takon sehat gak‟e, mesthi gecol abot sing sisih. Sing kene iki lho sing banter, kana iku gak banter, heran. Apaa Bus ya? : Seje, soale banyu kan miringe mesthi ngene, srengenge kan teka wetan, srengenge teka wetan terus nang kulon, lha nek kene tambah abot sehaaattt, lha kene kari-kari sehaaattt : Sami sehat sedaya? : Nggiih…!! : Lha, nek ngene kait muni : Mungguh iwak digebyur dhisik, byur! byur! byur! : Inggih, alhamdulillah pamirsa ingkang wonten dalem lan kadang-kadang ingkang wonten studio, dalu menika kepanggih malih kaliyan campursari tambane ati saking TVRI Jawa Timur : Oke : Lan dalu menika njenengan sedaya mangke suka-parisuka sesarengan kaliyan kadang-kadang campursari Bharada Unesa Surabaya. Arek mahasiswa sik enom-enom : Woo temenan : Sik nggantheng-nggantheng : Nggantheng-nggantheng : Sik cilik-cilik
CT CP CT CP
: : : :
CT CP CT
: : :
CP CT CP
: : :
CT CP
: :
CT CP
: :
Giat-giate Onok sing mari yasinan melok kae mau Ya ojok ngono Mari yasinan jam pira cak Pendik? Setengah wolu, woo nggih. Mari yasinan ya rene dhek‟e Mahasiswi, masiya wedok gak gelem ketinggalan, bagian nuthuk ngene Sing situk iku tabuhe gedhe Tapi milihe gak gelem nabuh gong, tak tekoki napaa kok gak gelem nabuh gong? Mboten, nabuh gong tabuhe gedhe Gak wani dhek‟e Nabuh pisan kerasa, he‟eh Inggih menika kanthi pembinanipun Drs. Sukarman, M.Si ketua jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, program study Bahasa Jawa, tepuk tangan! Dadi kabeh-kabeh ki pinter basa Jawa kabeh Woo, temenan Yang jelas kanca-kanca Bharada mangke badhe ngaturaken lagu-lagu kagem panjenengan ngantos jam sanga dalu mangke Cak Trubus, sakdurunge campursari dimulai, ayo ndelok ketoprak Woo ketoprak? Eruh lakone? Sri Huning
Peristiwa Tutur 2 CT SW CP CT CP CT CP
: : : : : : :
CT CP CT CP CT CP
: : : : : :
CT CP CT CP
: : : :
CT CP CT
: : :
Sri Huning! Kowe aja melu maju perang Sri Huning! Ora papa kangmas! Iku wong gendheng, cepet minggira, minggira! He! Surat gadhen! E… Surat gadhen. He! Wani apa ora karo aku, wani apa ora! Engko ndang kok sunduk temen Koen iku nggawe brengos kok isa nyoncong kaya sungut iku yaapa koen iku? Kuwalik! Lha iya, sing apik ngono! Kaya brengose ika maeng Lha, wis apik ngono wis! Kaya nyokot tikus! Sik ndeloke, ndeloke sik! Eh! Who, serem! Serem! Sri Huning semaput nok kene mau tak kira nek semaput temen iku mau Ya iku mau kudu tak tampani ae Onok ae koen iku Oh! Aku kecanthol paku, ga oleh Tapi salut ya, iki mahasiswa, sik yunior-yunior, sik arek-arek, tapi pinter drama, ya pinter ketoprakan, ya pinter campursari Unesa ki gak sembrana Lhah, kandhani Masiya milih peran ki gak sembrana, iki maeng rencanane lak dudu iki mau sing dadi
CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP
: : : : : : : : : : :
Sing endi? Iku! He! Nek Sri Huninge iku? Sing ngangkat iku lho semaput! Ya carane Yaapa? Carane nyewa doser rek! Mosok ana wong perang karo nggawa bulldozer? Tapi gak papa, hebat! hebat! hebat! Yak! Sekali lagi tepuk tangan untuk Bharada Surabaya Tepuk tangan Nggih, pun kuwatir, pun teng pundi-pundi, tetep teng nggene campursari kemawon
Peristiwa Tutur 3 CP CT CP CT CP CT
: Matur nuwun, Yunita kaliyan Latif Nur! Duh asli mahasiswa, mulane sik cilik-cilik, tapi salut ya? : Salut! : Kalau di semua perguruan tinggi terus memiliki grup campursari seperti ini, iya ta? Terus penyanyine ya asli teka perguruan tinggi, ya wis alhamdulillah isa lancar : Alhamdulillah lancar-lancar kabeh… : He‟ eh, inggih lagune wonten gemes sesarengan kaliyan ning Windhi Anggraeni, tak celuke dhisik! Mangga : Anggraeni
Peristiwa Tutur 4 CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT
: Mbak Windhi Anggraeni nggih, nembe ngaturaken lagunipun gemes kalawau : Ee.... : Gemes aku! Gemes aku ndelok wong wedok sing lemu : Ha? : Coba nek awakmu yaapa : O… gemes aku, masi lemu timbangane iku kuru : Lemu kuru iku padha ae : Padha ae sing penting onok nyawane : Lha iya, lemu iku tambah enak soale apa, masiya gak dipakani pirangpirang dina ya lemu ae : Encene, mungguh anakku ya, anakku mungguh gak mlebu sekolah temen tak kongkon rabi ae : Ya aja ta, areke durung cukup umur, Bus! : Wis karuan! : Koen kate rabekna karo sapa? : Lha iku, sing lemu iku! karuan : Ngatasi ta anakmu? : Gak perkara ngatasi gak! Tapi dalam rumah tangga kan isa kono bagian manjak, aku sing ndagel, anakku sing MC
CP CT CP
: O… Lengkap ya? : Melumpuk dadi sitok : Malih koen bujuki ae… Nggih, lagune tahan godha wonten ning Tatik kaliyan Erik Irwansyah
Peristiwa Tutur 5 CT CP CT CP
: : : :
CT CP CT CP
: : : :
PC CP
: :
Mriki mas-mase, medal mriki kemawon, he aja athik melu metu maneh Aja mbalik rana maneh! kudu mbalik nang mburi ae Kadhung tuman Inggih pamirsa ingkang wonten dalem ugi kadang-kadang kula wonten studio, matur nuwun sanget njenengan taksih setya tuhu mirsani CTA saking TVRI Jawa Timur. Panjenengan tansah kula dongakne mugimugi seger waras sedaya, dipun paringi murah rejeki sedaya, amin! Amin-amin Panjang umur sedaya Amin Nek sehat, panjang umur, murah rejeki, sering teka nang studio, iku merupakan suatu kebahagiaan bagi kami, kanca-kanca saking campursari TVRI Jawa Timur. Nggih, nek pancene sehat kula kepengin takon, jempolane sik wutuh? Nggih Lha, berarti sik sehat! Nek jempolane puret ya gak sehat! Lha nggih, matur suwun sanget nggih! Teng griya, teng dalem, napa teng studio, ugi bapak-bapak saking Unesa, bapak ibu nggih, matur nuwun rawuhipun, lan kadang-kadang sing nggawe sragam kuning menika komunitas pecinta campursari teka paguyuban campursari… Alhamdulillah matur suwun dukunganipun nggih… Komunitas sutresna budhaya Jawi inggih matur nuwun, lagunipun wonten gandrung!
Peristiwa Tutur 6 CP CT CP CT CP
: Inggih mangga, matur nuwun nggih… mbak Tatik kalawau lagunipun gandrung dipun Bantu kaliyan kadang-kadang penari saking sanggar tari sastra Jawa Unesa Surabaya… matur nuwun! : Tarine jaan : Koen iku nari ta kate dicokot semut! Ayo, diaturne lagune esemmu wonten mas Erik Irwansyah : Oke, tak susule! : Inggih mangga
Peristiwa Tutur 7 CP CT CP CT CP
: : : : :
Inggih, matursuwun… Bus, koen kenal basa Jawa gak? Woo… kenal kabeh, basa Jawa awak dhewe ngenal Basa Jawa iku biasae cara menyampaikan iku dengan sanepan Sanepan Saiki misale kaya lemah basa Jawane apa?
CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT
: : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : :
Siti Siti, siti iku nggone nok endi? Biasae siti iku manggone nggone jabane desa Lho kok isok? Lha kuburan! Lha apa hubungane karo siti? Lha siti isi wong mati O… siti isine wong mati! Isi wong mati, njabane desa Nok kuburan Iya! Siti iku basane lemah! Lemah Cara ngokone lemah Lha lemah iku ya onok artine Nggone nok endi? Ya nggone lemah iku nang njero desa. Lemah, gelem dinggoni omah Ooo.... Iku lemah Lemah Iya Onok sing ngarani bumi Lha bumi Nggone nok endi? Tegalan Lho kok isa Diencepi tebu mesthi semi O… adhuh! Onok sing ngarani bantala! Bantala iku manggone nok jalan raya Lho kok isa ngono? Masi diliwati ban gak ngarah nela! O… Bantala! Pinter! Trubus kok!
Peristiwa Tutur 8 CP
CT CP CT CP
: Matur nuwun ning Yunita… Inggih, pamirsa ingkang wonten dalem matur suwun sanget njenengan taksih sesarengan kaliyan CTA saking TVRI Jawa Timur, ingkang dalu menika sareng kaliyan kanca-kanca campursari Bharada Unesa Surabaya, tepuk tangan sekali lagi : Tepuk tangan yang meriah : Cak Trubus, kula cak Pendik ding tak tong! : Kula Trubus Karya! : Ugi kanca-kanca saking Bharada Unesa ngaturaken sugeng dalu, pepisahan sawetawis pinanggih sabtu ngajeng Assalamu „alaikum warohmatullahi wabarokatuh Wonten lagu lela ledhung, ning Windhi!
21 Februari 2009 Peristiwa Tutur 9 CP PC CP PC CP
TW CP PC CP PC CP PC CP
: Alhamdulillah, dos pundi dulur-dulur sehat nggih? : Nggiih : Sehat wal „afiat alhamdulillah Jare Trubus kon noleh mrana, kaya gak semaur belas. Sebelah kiri sehat? : Sehat : Alhamdulillah... Nggih, kepanggih biasae nek malem minggu jam wolu ngetenika kalih CTA TVRI Jawa timur. Dalu menika sing ngganthengnggantheng, ayu-ayu ten mburi nika campursari Sanggar Bharada Unesa Surabaya. Niki arek mahasiswa thok nika nggih, nika saking jurusan Pendidikan Bahasa Daerah ingkang dipun pimpin kaliyan Drs. Sukarman, M.Si, nika wonten koordinasine cak Yohan Susilo, S.Pd, ugi wonten mangke dipun meriahaken kadang-kadang saking sanggar tari Bharada Unesa Surabaya… Iki maeng kok dingaren, iki dodol apa iki cak? : Lonthong kupang! : Heh, lonthong kupang? Wadhuh tepak rek! Dulur, purun lonthong kupang mboten? : Nggih : Lonthong kupang kuabeh nggih? : Nggih : Rong piring edhang? : Nggih : Wis, masiya gak mbayar gak papa. Langsung gawekna cak! Gawekna cak! Hayo tak enteni nak kono ya, gawekna hayo mangga lonthong kupang cak…
Peristiwa Tutur 10 CT MI CP MI
: : : :
CP MI CP CT MI CT CP CT CP CT CP
: : : : : : : : : : :
Sariiip…! Jiangkrik! Kuwalik, nyekel bedhil kok kuwalik iki lho! Bedhile iku lho kuwalik, ya apa sih? Kok isa mbokne Sarip! Kok isa mbokne Sarip Jiangkrik! Aku iki dudu mbokne Sarip! Sapa? Lha mbokne sapa? Lho, mbokmu ngono kok! Lho mbokmu mok! Encene tak walik tunggale ika mau lho… Apa? Cak Sariiip… cak Sarip, pena digoleki! Paidi, kuwalik! Kliru! Pancene tak walik cik gak gosong
CT CP CT MI CT MI CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP MI CP MI CT CP MI CP CT MI CP
: Wis, wis kari awakmu! : Wis, Sarip-saripan wis mari critane kok! : Gak ngono kari awakmu, gak ngono kari gelem ngijini ta gak ngono ae wis : Apane iku? : Ya masalah watu : Aku iku sing eman mik siji : Apa? Koen iku kate lapo sih? Kate lapo sih? : Iki lho tak uber-uber! : Apaa? Bojomu koen goleki lapo? : Anakku kan oleh rejeki gedhe! : O… Critane ya apa critane? : Adus ning nggone tlaga : Tlaga? : Mulih oleh watu : Hah! Oleh watu? : Oleh watu : Lha terus gawe apa watu iku? : Gawe nambani : Isa gawe nambani? : Lho lo lo… Pas iku wetengku senep, mules-mules! : Weteng mules-mules : Coba tak kongkon : Watu diapakna iku? : Watu dikum : Dikum banyu : Langsung tak ombe : Banyune diombe : Langsung oleh rong jam : Waras? : Murus! : Yaapa kok malah murus? : Ojok macem-macem, wong aku iku lho gak seneng. Arek sakmono iku aja dieksplorasi, iku aja dipeksa, wayahe wektune belajar, wayahe sinau, wayahe dolanan, wayahe kumpul mbek kancane! : Seneng-seneng mbek kancane! : Ngono lho sampeyan ki senengane meksa arek, iya ta? Arek urung wayahe, kuwi wayahe sik menthil! Ngemi jatahe cah kuwi! Sampeyan iku jok! : Dor! Duor! Nambani wong waras : O… Nambani wong waras ya? : Waras apane? : Halah… Iku ngono mung sugesti ae iku! : Temenan : Halah! Waras apane? : Sugesti thok iku!
CT CP MI CT MI CP CT CP CT MI CT CP MI CP CT CP CT CP CT MI CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT CP CT
: Barang ngono cak Pendik! Bareng aku rumangsa lara, gawaen watune, bareng aku gak waras : Heh, Iku diguwak! Iku diguwak iku lho! : Watu kaya ngene ae kok! : Hle... Masya Allah arek iki! cik kuwalat! cik kuwalat! : Iki? O… watu iki ta? O… Njaluk dilangkahi ngene ta? : Ndha… Ndha… Ndha… Koen engko anyang-anyangen lho Ndha! Nglangkahi anyang-anyangen lho Ndha! : Muga-muga... Koen ya nglangkahi, koen anyang-anyangen rong dina koen! Bareng gak isa waras, cak Ndhik : He „eh : Aku mbalik nang tlaga maneh, nyemedi aku : Nyemedi? Semedi kok nyemedi! : Semedi oleh pangsit! : Halah… halah… halah…. : Wangsit-wangsit! Kok pangsit ki lho! : Wangsit-wangsit : Lha iya, wangsit! : Kliru! : Kliru oleh, oleh : Oleh apa terusan? : Oleh wisik! Anakku Trubus… nek koen kepengin waras, iki tak wenehi tamba aja kaya watu, aku dikek‟i dhewe : Apa iku? : Hla…. : Owalah… oleh ngono‟an iku ta, Bus? Iki oleh-olehmu teka semedi mau ta? : Oleh semedi : Heh, lha iku carane njaluk yaapa iku? : Njaluk, pena karek njaluk ae : Upamane? : Saupamane njaluk! : Jenenge sapa? Jenenge sapa iku? : Anu… jenenge mbah Pandhansari : Hah! Jenenge…. : Huh! Aja sik! Pandhansari danyang temen rek! : Hihihi… wedi dhek‟e! : O… kaget! Aku kesurupan temen! O… gak! Gak Pandhansari! : Mbah Koming… Mbah Koming…. : Ya wis mbah Koming! : Ya aku tak njaluk sih, swarane ana ta ngene ki? : Ana! : Mbah Koming! : Apa? : Swara prewangan : Swara prewangan… Iki sapa iki?
CP CT CP CT CP CT MI CP
: : : : : : : :
MI
:
CP MI CT CP CT
: : : : :
CP CT CP CT
: : : :
CP
:
CT MI CP
: : :
CT CP MI CT CP
: : : : :
CT CP CT CP
: : : :
CT CP CT CP
: : : :
Aku cak Pendik, mbah Koming! Hya! Pendik? He „eh! Aku njaluk oleh bojo ayu, mbah! O… Bojo ayu? Gampang… nek ngko tak turuti iki ngko isa O… lambemu dhewe! E… Aku iki danyange. Koen kate…. Wis entek danyange! Ngene-ngene ya… aja menyekutukan benda, aja menyekutukan Allah. Aja mendewakan benda, gak apik, iku sirik namanya Gak oleh! Lha sakniki lo wujude lo mas Pendik nggih? Tak kon nambani, wetengku lho gedhe tak kon nambani, tak kon ngempesna ki gak isa… Gak isa kempes? Gak kempes lho, Bus! Lha inggih! Sing gak nurut ki awakmu! Kok isa? Aku lak diomongi mbah biyen. Nak Trubus, nek bojomu iku keadaan mbobot, mbobot tuwo, nek dina wage ambek pahing kongkon ngombe lenga klentik… He eh Perlune nek lair cek brosat-brosot He eh… Lha terus? Iki gak gelem. Iki wingenane tak kongkon ngombe solar! Kapok! Durung wayahe lair ya gak mbrodhol Bus! Bus tak elingna sepisan maneh, terutama anakmu, ya ta? Anakmu iku butuh sekolah, butuh pendidikan, butuh dolanan karo kancane. Aja dikongkon ngono-ngono iku, watune kongkon namban-nambani Nek ngono sepurane ae, sepurane. Aku ya gak setuju Saiki nek kepingin berobat ning Puskesmas ya murah, obat akeh sing gratis, pemerintah ya wis nyumbang pengobatan kanggo rakyate. Lha kok koen sik seneng watu-watuan kaya ngono iku lho? Ya wis sepurane nek ngono iku. Watu iki mene tak lumpukne, tak dole Arep golek sing sak praoto ta yaapa? Gak seneng aku, gak setuju tenan Yo wis gak apa-apa Ya wis aja menuhankan benda, nyembah-nyembah benda iku gak apik. Ya? He eh Ya wis buwaken ae sing adoh ya? Ya tak buwake sing adoh! He eh, Yang penting sekarang hiburan, tepuk tangan campursari Bharada Unesa Bharada Unesa! Saiki ayo dilanjut sak lagu maneh, iki ana lagu Pambuka! Sak lagu maneh! Pambuka dudu Pambuka SMKI dudu, ki dibacuti karo gambang suling. Tepuk tangan Bharada Unesa!
Peristiwa Tutur 11 CP CT CP MI CP CT CP CT CP CT MI CP MI CP CT MI CP MI CP
: Nggih tepuk tangan sekali lagi Bharada Unesa… Mahasiswa-mahasiswa pinter-pintere kaya ngonoe : Ya mau dudu Mahasiswa… Mahasiswi! : Mahasiswa, ya iki mahasiswa : Mahashiwa : Maha Bharada Dos pundi penonton tetep semangat nggih? : Semangat! : Ya tetep semangat! : Semangat kabeh, pemukule sing lanang ya ngganteng-ngganteng, sing wedok ya ayu-ayu! : Ayu-ayu : Wis! Kapaan ngene iki : Agi, nglirika! macem-macema! : Gak sumbut nek musuh arek mahasiswa, ngene ki gak sumbut : Siji ae kurang kok! Blanjane kurang kok, arep telu ngono? Macemmacem? : Jok macem-macem koen! : Maksudku iki dhiluk engkas kan lak anu : Medhun mesin… : Iki sing penyanyi iki istimewa cak trubus! Ya kena godha iki Desita Ayu, Juara satu lomba campursari putri teka SMA 1 Ponorogo! : SMA 1 Ponorogo : Waktu Unesa ngenekna lomba campursari. Terus sing wuyung, sing wuyung ki Andra Dwi Putra siswa SMA 1 kabupaten Blitar, iki uga juara satu putra. Tepuk tangan! Unesa, mangga
Peristiwa Tutur 12 CP CT CP MI CP MI CT CP CT CP MI CP CT CP CT
: Pokoke nek mahasiswa sing maen, wah semangate penonton luar biasa! : Wo… temenan! : Lha yaapa ketok sik kencling-kencling sing maen, biasane kan, biasane sing maen kan ana sing setengah tuwa : Nek iki jan mak nyus! apadene tukang keyboarde mas : Trubus ki gak nglirik rana blas! nglirik mrana ae : Aku tak mrana ae, pean mranaa ndang! aku tak mrana : Aku nglirik mrana ki kok jan pintere pak Johan iku, kok nggolek sing wedok gumer-gumer : Kok gumer! Ya apa sih koen iku? : Lha nek gong! Guurr! Mergo saking gumer : Halah, koen paling nglirik sing tengah iku paling : Sing tengah iku penak cak diglundhungne… rana! rana nduk! rana! : Arek kok isa wungkul ngono : Aja ngono, soale ngene cak Pendik, soale kan remaja : Remaja : Iki biyen ya ngono, kurang nemen sak mono
CP CT CP CT CP
: : : : :
MI CT TP CT CP MI CP MI CP CT CP CT MI CP CT CP MI CP MI CP MI CT MI CT CP CT
: : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : :
MI CP MI CP MI CP
: : : : : :
CT CP MI CP MI CT
: : : : : :
Iki biyen lemu ta? Hlo… lo lo…. Kok isa kuru koen apakna iki? Gak tau tak ingoni ngono lo, kuru ngono Tapi kan modot, iya kan? Asale kan pendhek lemu, malih gak tau diingoni dadi kuru, modot Ngenes kula ngrasakaken bojo kula niki Ngenes apa Tapi semenjak tak rawat, wajahe berseri-seri, bersinar terus! He? Apa, dirawat apa? Ben dina tak kek‟i sinlik ta? Rutin ta? Rutin sekali mas Deloken ketipane koyok wong kelilipen Kaya barongsai Kaya barongsai matane Lha kedhip ngonoe Deloken maneh nek ketip-ketip, apa iku Ketip kok mrereret, ndang di culek! Ya gak ngono, saiki wes gak seneng kok mesti ana Wong gaya kok kaya wong kesurupan! Jamane sir-siran karo aku biyen ya ngono Yo ngono ta....? He eh... sir-siran apane? Wong awake dhewe ketangkep ngono kok! Hayo ngaku! iku jujur lo ki! Ketangkep ngono kok sir-siran, kesuen! O... biyen ketangkep hansip ta ki biyen? O... ketangkep niki biyen, ten gerdu! Aja di omongno po‟o? Lha iya sih? Ya iya tapi aja banter-banter Koen lak biasa se? Ya iya ketangkep, ketangkep! Lha aku ya kepeksan biyen, athuka gak ambek aku, saking aku mendem! Heh! Pokoke mbak Ida Inggih mas Sing tak sarane ngono sampean secara rutin iku sampean gunakna terus! O... inggih! Macem-macem ada untuk remaja, pokoke kaum wanita bisa menggunakan pil sinlik seng kepengin wajahnya berseri-seri, bersinar Bersinar Kepengin awet muda Inggih Sing kepengen bojone mbulet Bojone mbulet, gak tau nyambut gawe mas iki Lha ya apa? ancene wis kadhung di PHK. Gak nyambut gawe tapi nyembadani. Enak rabi mono iki pena masiya gak nyambut gawe tapi sindhen. Ben mari tanggapan jajan kabeh digowo
CP CT MI CP MI CP CT MI CP CT CP MI CP CT CP
: Teka tanggapan oleh sembarang kalir! : O... winginane aku digawakna rukuk-rukuk, ndok omah tak bukak mambu kabeh! : Sinden mendhing mas pendik : Sampean lek kepengin rasa sakit saat haid, keputihan, pokoke tentang wanita, gunakan pil sinlik... tepuk tangan untuk pil sinlik... ya wis ayo di bacutna saiki : Mangga... nderekaken! : Yaapa kowe maeng sido ta gak? : Engko aja dha kesusu mulih, nang omahe cak pendik kabeh! : Awas! tak tekek sampeyan : Bayaranmu lho pira? Wong amplop wis koen gawe nyaur aku ngono... : Lha iya, tak kongkon nang peno : Ya wis ayo bacutna lagune ya? : Inggih! : Iki lagune gethuk : Sapa sing nyanyi? : Dendang Arisando... Bharada Unesa Surabaya....
Peristiwa Tutur 13 CP
CT CP CT CP CT MI CT CP CT CP CT
CP CT MI CT
: Wah... kenek guethuk ki rasane kaya.... Dos pundi penonton semangat terus nggih? Semangat... dike‟i dendang genthuk... Iki cak Trubus biasane minggu ngarep, sabtu ngarep ngajeng mangke njenengan saged kepanggih kalih kanca-kanca campursari Guyub Rukun Ngimbang Lamongan! : Lamongan : Adoh teka Lamongan kana : Adoh, lagune kuwi mau lagu gethuk, sing nyanyi Dendang : Dendanng Arisando... Biasae Koprol : Ngglundhang-ngglundhung... athik koprol? Mboten cak! : Gak ana musuhe : Lagu Den... Apa lagune Dendang? : Lagu gethuk : Lagu gethuk eling jaman nom-nomanku ambek iki biyen : O... tau dhuwet mbek iki barang? : Hlo... lo... lo... mara tuwaku iku kan ya termasuk panjak, dadi sak kluwarga wong seni thok, nek teka omah gak athik thothok-thothok lawang thok... thok... thok... Gak thik, nyanyi... ya aku teka ngarep lawang “gethuk, asale saka tela”, nom-nomane iki nyemauri aku “pumpung pethuk cak Bus, cepetan mlebua”, mara tuwa lanang wong bekase panjak apal teka njero, “ya wis ngono Bus sakarepmu, Aku maeng wis mari karo Mbokmu” : Mari nyanyi : Mari nyanyi... ambe shalat bengi iku lho! : Ooo.... : Mari nyanyi
MI CT CP CT CP CT MI CP CT
: : : : : : : : :
MI CT CP MI CP CT MI CP CT CP CT CP MI CT CP CT CP
: : : : : : : : : : : : : : : : :
MI CP CT CP
: : : :
CT CP MI CP CT CP CT MI CP
: : : : : : : : :
CT CP CT
: : :
Rahasiane maratuwa kok Athik mlakune karo Ya wis kono Bus sakarepmu! Aku mau Renea tak thuthuk watu Watu kenek gawe tambane untu Untune metu Ya wis, gak krasa Cak Trubus Ancene awake dhewe ya apa sih, kabeh iku nek jiwa seni, sembarang kalir marem ning pikir... Deloken po‟o Sing dilirik sing iku ae Gak ngono, tingkate wedok ae olehe nabuh byuh, tuitis Tuitis, iku mene nduwe bojo athik kakean macem ngono, aa.... Thuthuk... eee.... Thuthuki terus Kabeh gairah-gairah! prasaku He! kok gairah iku loh... semangat ngono loh kok gairah Semangat Disamping semangat kan gairah wajahe sumeh-sumeh Sumringah Sumringah... ana situk tak delok kait maeng meneng wae Sing endi ? Sing endi ? Panjak kendhang Areke pancene menengan, arek gak kakean omong Gak kakean omong apa? Dhidhikake Johan kan ngono, koen jok kakean omong lho ya, koen nek ngendhang, gak oleh... meneng wae Titenana kowe ngko Ngono iku masiya onok sajen gak wani njupuk dhe‟e Gak wani njupuk, nek mari nok omah nggremeng wae Yo iki kan kanca mahasiswa Cak Trubus... awake dhewe salut ya bahwa mahasiswa sik enom-enom, nggantheng-nggantheng ngene, kabeh penyanyine maeng kabeh ya mahasiswi kabeh iku maeng Mahasiswi kabeh Ternyata juga bisa menyanyi campur sari dengan baik! Luar biasa He eh... Masiya sing iku mau cak pendik, sing menyanyi pertama Pertama Lonthong iku maeng... mahasiswi? He ? Dudu, iku mau Mahameru! O... sing nyanyi akeh perut ayame iku mau ta? Kok perut ayam, sanggul! Lha kok bunder-bunder? Sanggul modhel anyar nggono iku, gak kaya iki... tak tukokna bolakbalik gak tau cocok
MI CP MI CT CP CT CP CT CP CT MI CP
: Gak cocok ae : Senengane tukokna, senengane : Lha wong pancen ditukokna sing sak onde-onde ngene lak ya kaya uler keciput! : Dhek ingenane gedhe ya muring-muring! Kurang enak : Apa? : Ganti tak tukokna sepet... Tak tukokna sepet iku... wis templekna plek dadi : Ya wis ayo njaluk pamit : Wis entek ta? : kula Cak Pendik : Kula Trubus karya : Kula Ida Saputri : Ngaturaken Sugeng dalu, pepisahan sawetawis, pinanggih sabtu ngajeng. Wassalamu„alaikum warohmatullahi wabarokatuh Sehidup semati, Vita dan latif!
Lampiran II POTRET GIYARAN CAMPURSARI TAMBANE ATI (CTA) TVRI JAWA TIMUR
Giyaran tanggal 12 Juli 2008 lan 21 Pebruari 2009
Pengisi acara saka campursari Bharada Unesa Surabaya
Pimpinan campursari Bharada kang lagi mirsani adicara CTA ing TVRI Jawa Timur
MC nalikane nggiyarake adicara CTA ing TVRI
Para penabuh gamelan campursari kang lagi ngrungokake penyiar CTA
Para Pamirsa ing studio TVRI Jawa Timur