tindak tutur penyiar radio ing adicara campursari ... - Andy Nuriman

115 downloads 1346 Views 261KB Size Report
jalaran Panutur namung paring pawarta boten wonten maksud supados mitra ... ingkang sampun ageng, boten namung paring pawarta kemawon. Nanging.
TINDAK TUTUR PENYIAR RADIO ING ADICARA CAMPURSARI JAMPI KANGEN RADIO PANTURA FM

SKRIPSI

WIWIK ALAWIYAH NPM 06430694

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG 2010

TINDAK TUTUR PENYIAR RADIO ING ADICARA CAMPURSARI JAMPI KANGEN RADIO PANTURA FM

SKRIPSI

Kadamel kangge njangkepi Syarat nggayuh gelar Sarjana Pendidikan ing Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIP PGRI Semarang

WIWIK ALAWIYAH NPM 06430694

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG 2010

i

SKRIPSI

TINDAK TUTUR PENYIAR RADIO ING ADICARA CAMPURSARI JAMPI KANGEN RADIO PANTURA FM

ingkang dipunrakit lan ingkang dipunaturaken dening Wiwik Alawiyah NPM 06430694

sampun dipunsarujuki dening pembimbing kangge dipundadar wonten sangajengipun Dewan Pendadar Skripsi surya kaping 22 Agustus 2010

Pembimbing I,

Pembimbing II,

Nanik Setyawati, S.S., M. Hum.

M. Soedianto, S.H., M. Si.

NPP 997101150

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG

ii

SKRIPSI

TINDAK TUTUR PENYIAR RADIO ING ADICARA CAMPURSARI JAMPI KANGEN RADIO PANTURA FM ingkang dipunrakit lan ingkang dipunaturaken dening Wiwik Alawiyah NPM 06430694

sampun dipunkukuhaken wonten sangajengipun Dewan Pendadar Surya kaping 22 Agustus 2010 lan dipun-nyatakaken sampun njangkepi syarat.

Dewan Pendadar, Pangarsa,

Panyitra,

Dra. Sri Suciati, M. Hum.

Dra. H.R. Utami, M.Hum

NIP 196503161990032002

NPP 906301071

Brayat Panguji, 1. Nanik Setyawati, S.S., M. Hum.

( .......................................... )

NPP 997101150

2. M. Soedianto, S.H., M. Si.

( .......................................... )

3. Sunarya, S. S.

( .......................................... )

NPP 0630116801

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG

iii

SESANTI LAN PISUNGSUNG

SESANTI 1. Saapik- apik manungsa yaiku manungsa kang migunani tumrap liyan. 2. Urip iki anugerah, syukuri apa kang ana lan tindakna kebecikan. 3. Bebungah kang ageng yaiku nalika kita saged mensyukuri apa kang diparingake Gusti Allah marang kita.

PISUNGSUNG : 1. Paling istimewa kagem Ummi Sumitri, ingkang tansah paring pangestu, welas asih lan panyengkuyung. Ugi kagem Abah Tarnoto (alm), mugi pinaringan panggenan ingkang minulya ing alam kalanggengan. 2. Mas Junaedi saha garwanipun (Mba’ Lastri), Mba’ Amanah saha garwanipun (Mas Amat) lan Mba’ Aliyah saha garwanipun (Mas Sanuri) matur nuwun kangge pangestunipun. 3. Dik Azidah Falakhati ingkang tansah paring panglipur. 4. Ponakan-ponakan (Wildhan, Agib, Faiz, Lulu lan Naufal). 5. Kanca-kanca sabegadra ingkang tansah kompak lan bantu-biyantu. 6. Sedaya tiyang ingkang panyerat tresnani.

iv

ATUR CECALA Puji syukur panyerat konjukaken dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun sarta paring kekiyatan, ketabahan lan paring katenangan pikiran, saengga panyerat saged ngrampungaken skripsi kanthi irahirahan “Tindak Tutur Penyiar Radio ing Adicara Campursari Jampi Kangen Radio Pantura FM” kanthi sae. Panyeratan skripsi punika boten saged awujud tanpa wontenipun pihakpihak ingkang sampun maringi kathah bimbingan, dorongan, lan pitulungan ingkang sampun panyerat tampi kanthi langsung utawi boten langsung. Pramila ing kasempatan punika panyerat badhe nyampekaken raos matur nuwun dhateng panjenenganipun: 1. Muhdi, S.H., M.Hum. minangka Rektor IKIP PGRI Semarang, ingkang sampun maringi wekdal kangge panyeratan skripsi punika; 2. Dra. Sri Suciati, M. Hum. minangka Dekan FPBS IKIP PGRI Semarang, ingkang sampun maringi ijin kangge nyusun skripsi punika; 3. Dra. Hj. H.R. Utami, M.Hum. minangka Ketua Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa FPBS IKIP PGRI Semarang, ingkang sampun paring kasempatan kangge nyusun skripsi punika; 4. Nanik Setyawati, S.S., M. Hum. minangka Pembimbing I ingkang sampun mbimbing lan paring ilmu kanthi tulus lan ikhlas; 5. M. Soedianto, S.H., M. Si. minangka Pembimbing II ingkang sampun paring dorongan lan panyengkuyung sarta bimbingan ngengingi tembung-tembung basa jawi ingkang sae ing panyusunan skripsi punika.

v

6. Sedaya Dosen Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang, ingkang sampun maringi pinten-pinten bekal ilmu salawasipun panyerat sinau ing IKIP PGRI Semarang. 7. Ibu panyerat ingkang katresnani ingkang tansah paring pangestu lan sampun maringi sedaya daya lan upaya kangge mbantu mungkasi skripsi punika. 8. Kanca-kanca saking Jurusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa ingkang sampun biyantu saengga palapuran skripsi punika saged kapungkasi. 9. Sedaya pihak ingkang boten saged panyerat sebat setunggal baka setunggal jalaran saking kathahipun ingkang sampun maringi dorongan lan semangat dhateng panyerat salebeting panyusunan skripsi punika. Panyerat namung saged dedonga supados sedaya amal saking panjenengan sedaya pinaringan balesan ingkang ageng saking Gusti ingkang Murbeng Dumadi. Panyusunan skripsi punika temtu kemawon kathah kekirangan lan kalepatanipun punapa saking wujud, isi ugi basanipun. Pramila kanthi bungahing manah panyerat ngarep-ngarep panyaruwe lan pamrayogi ingkang asipat mbangun kangge nambahi kawruh panyerat ing salajengipun. Ingkang pungkasan, panyerat dedonga mugi-mugi skripsi punika saged mupangati kangge sedaya pamaos.

Semarang, Agustus 2010

Panyerat

vi

SARI PATHI WIWIK ALAWIYAH. NPM 06430694. Skripsi punika kanthi irah-irahan “Tindak Tutur Penyiar Radio ing Adicara Campursari Jampi Kangen Radio Pantura FM”. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, IKIP PGRI Semarang, 2010. Pembimbing I : Nanik Setyawati, S.S., M. Hum., Pembimbing II: M. Soedianto, S.H., M. Si. Tembung wos : Tindak tutur Rancangan momotan wonten panaliten punika kados pundi wujud tindak tutur lokusi, wujud tindak tutur ilokusi lan wujud tindak tutur perlokusi penyiar radio ing adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM? Ancasing panaliten punika kangge mangertosi wujud tindak tutur lokusi, wujud tindak tutur ilokusi lan wujud tindak tutur perlokusi penyiar radio ing adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. Panaliten punika kalebet panaliten kualitatif ingkang asipat deskriptif ingkang asil panalitenipun dipunsajikaken kanthi deskripsi wujud tindak tutur saking tuturanipun penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. Teknik pangempalan datanipun ngginakaken metodhe rekam, semak lan serat. Dene kangge metodhe analisis datanipun ngginakaken metodhe padan lan kangge nyajikaken asil analisis datanipun nginakaken metodhe informal. Asil panaliten nedhahaken bilih tindak tutur lokusi ing tuturanipun penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM awujud tindak lokusi “memberitahukan”, dene tindak tutur ilokusinipun awujud tindak ilokusi “mengucapkan salam, memerintahkan, menyarankan, mengajak, menghimbau, mengumumkan, mengumumkan lan memerintah, mengucapkan terima kasih, bertanya, berjanji, lan memohon”. Lan kangge tindak tutur perlokusinipun awujud tindak perlokusi “menarik perhatian, menyenangkan, menjengkelkan, membujuk, meyakinkan, menghibur, menakut-nakuti, menggoda, mengancam, membuat penasaran, membuat pendengar memikirkan tentang……., lan menghalangi”. Saking tigang tindak tutur punika saged dipunpendhet dudutan bilih tindak tutur ingkang kathah utawi ingkang dominan wonten ing tuturanipun penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen inggih punika tindak tutur ilokusi.

vii

ABSTRAK WIWIK ALAWIYAH. NPM 06430694. Skripsi dengan judul ”Tindak Tutur Penyiar Radio ing Adicara Campursari Jampi Kangen Radio Pantura FM”. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, IKIP PGRI Semarang, 2010. Pembimbing I: Nanik Setyawati, S.S., M. Hum., Pembimbing II: M. Soedianto, S.H., M. Si. Kata Kunci : Tindak tutur Rumusan Masalah yang diteliti adalah bagaimana bentuk tindak tutur lokusi, bagaimana bentuk tindak tutur ilokusi dan bagaimana bentuk tindak tutur perlokusi dalam tuturan penyiar radio acara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM? Tujuan dari penelitian ini adalah untuk mengetahui bagaimana bentuk tindak tutur lokusi, bagaimana bentuk tindak tutur ilokusi dan bagaimana bentuk tindak tutur perlokusi dalam tuturan penyiar radio acara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. Penelitian ini termasuk penelitian kualitatif yang bersifat deskriptif yang hasil penelitiannya disajikan dengan deskripsi bentuk tindak tutur dari tuturan penyiar radio acara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. Teknik pengumpulan data dalam penelitian ini menggunakan metode simak, rekam dan tulis. Sedangkan untuk metode analisis datanya menggunakan metode padan dan metode penyajian hasil analisis datanya menggunakan metode informal. Hasil penelitian menunjukan bahwa tindak tutur lokusi dalam tuturan penyiar radio acara campursari jampi kangen radio Pantura FM berbentuk tindak lokusi “memberitahukan”. Sedangkan tindak ilokusinya berbentuk tindak ilokusi “mengucapkan salam, memerintahkan, menyarankan, mengajak, menghimbau, mengumumkan, mengumumkan dan memerintah, mengucapkan terima kasih, bertanya, berjanji, dan memohon”. Dan untuk tindak tutur perlokusinya berbentuk perlokusi “menarik perhatian, menyenangkan, menjengkelkan, membujuk, meyakinkan, menghibur, menakut-nakuti, menggoda, mengancam, membuat penasaran, membuat pendengar memikirkan tentang……., dan menghalangi”. Dari tiga tindak tutur itu dapat disimpulkan bahwa tindak tutur yang banyak atau yang dominan ada dalam tuturan Penyiar radio acara Campursari Jampi Kangen adalah tindak tutur ilokusi.

viii

DHAPTAR ISI

IRAH-IRAHAN ............................................................................................

i

PASARUJUKAN ..........................................................................................

ii

PANGESAHAN ............................................................................................

iii

SESANTI LAN PISUNGSUNG ..................................................................

iv

ATUR CECALA ..........................................................................................

v

SARI PATHI ................................................................................................

vii

ABSTRAK ....................................................................................................

viii

DHAPTAR ISI .............................................................................................

ix

BAB I

PURWAKA ...............................................................................

1

A. Pawadan Pamilihing Irah-irahan ...........................................

1

B. Momotan Prekawis ...............................................................

6

C. Ancasing Panaliten ................................................................

6

D. Mupangating Panaliten ..........................................................

7

E. Panandhesing Tembung ........................................................

7

F. Metodhe Panaliten ................................................................

9

1. Pendekatan Panaliten .......................................................

9

2. Sumber Data lan Data ......................................................

10

3. Teknik Pangempalan Data ...............................................

10

4. Teknik Analisis Data .......................................................

11

5. Teknik Penyajian Hasil Analisis Data .............................

11

G. Tata Rakiting Panyeratan ......................................................

12

ix

BAB II

LANDHESAN TEORI ..............................................................

13

A. Pangertosan Pragmatik ..........................................................

13

B. Tindak Tutur...........................................................................

14

C. Jinis-jinis Tindak Tutur .........................................................

17

D. Aspek Situasi Tutur ..............................................................

21

1. Panutur lan Mitra Tutur ...................................................

22

2. Konteks Tuturan ...............................................................

22

3. Ancasing Tuturan ............................................................

23

4. Tindak Tutur minangka Bentuk Tindakan utawi Aktivitas

23

5. Tindak Tutur minangka Produk Tindak Verbal ..............

24

BAB III PIREMBAG TINDAK TUTUR PENYIAR RADIO ING ADICARA CAMPURSARI JAMPI KANGEN RADIO PANTURA FM ..........................................................................

25

A. Tindak Tutur Lokusi .............................................................

25

B. Tindak Tutur Ilokusi .............................................................

30

C. Tindak Tutur Perlokusi ..........................................................

42

BAB IV PANUTUP ..................................................................................

50

A. Dudutan .................................................................................

50

B. Pamrayogi .............................................................................

51

KAPUSTAKAN ............................................................................................

52

LAMPIRAN

x

BAB I PURWAKA

A. Pawadan Pamilihing Irah-irahan Manungsa kalebet makhluk sosial ingkang mbetahaken pitulungan saking sanesipun. Kangge nindakaken sesrawungan utawi nindakaken interaksi sosial, manungsa mbetahaken alat utawi lantaran. Basa mujudaken alat komunikasi ingkang wigati tumrap manungsa jalaran kanthi basa manungsa saged nindakaken komunikasi, bekerja sama lan mengidentifikasikan diri. Supados komunikasi saged katindakaken kanthi sae, manungsa kedah wasis keprigelan basa. Tarigan (1986: 2) mratelakaken bilih keprigelan basa punika wonten sekawan aspek, inggih punika keprigelan nyemak, wicara, maos lan nyerat. Saben keprigelan basa wau gadhah sesambetan ingkang rumaket kaliyan konsep berpikir ingkang ndasari basa. Basa setunggal tiyang mujudaken pikiran lan gagasanipun. Saya prigel tiyang punika ngginakaken basa mangka saya cerah lan gamblang ugi wawasan lan pikiranipun. Kangge ngungkapaken pikiran utawi panggraitanipun, manungsa saged milih kanthi basa lisan utawi basa tulis. Komunikasi kanthi basa lisan saged ketingal nalika panutur kepanggih langsung kaliyan mitra tuturipun ingkang kala-kala dipunsarengi isyarat tartamtu supados mitra tutur saged mahami punapa ingkang dipunsampekaken panutur, kadosta kanthi anggukan, pandangan mata, gerakan tangan lan sapanunggalanipun. Dene komunikasi kanthi basa tulis, panutur lan mitra tuturipun boten kepanggih langsung

1

2

saengga panyeratanipun kedah gamblang lan komunikatif / saged dipunpahami pamaos. Basa lisan, mliginipun ingkang wujud tindak ujar utawi tindak tutur saged maringi pangaribawa tumrap panutur basa, inggih punika salah satunggaling tumindak tartamtu minangka umpan balik. Umpan balik mujudaken peran ingkang wigati jalaran saged nemtukaken kalangsungan komunikasi utawi medhotaken kalangsungan komunikasi. Panutur temtu kemawon pengin maksud tuturanipun saged dipunpahami dening mitra tuturipun supados komunikasinipun saged kalangsungan kanthi sae, upami mitra tutur boten saged nangkep pesen utawi maksud saking panutur mangka komunikasi punika boten badhe katindakaken kanthi sae utawi saged kanyatakaken komunikasi punika pedhot. Pragmatik inggih punika salah satunggaling cabang linguistik ingkang nyinaoni struktur basa sacara eksternal, inggih punika kados pundi satuan basa punika dipun-ginakaken ing salebeting komunikasi (Wijana, 1996: 1). Kajian ingkang utami ing pragmatik inggih punika tindak ujar utawi tindak tutur. Tindak tutur utawi tindak ujar kalebet entitas ingkang sipatipun sentral ing kajian pragmatik, Tindak tutur mujudaken wewaton tumrap analisis topiktopik pragmatik sanes, kadosta pra-anggapan, perikutan, implikatur percakapan, prinsip kerjasama, prinsip kesantunan lan sapanunggalanipun. Kajian pragmatik ingkang boten ndasari analisis tindak tutur punika sanes kajian pragmatik ingkang sayekti ( Rustono, 1999: 33). Gegayutan kaliyan tuturan, Austin (1962: 94) lan Searle (1969: 23-24) ing Rustono (1999: 36) mratelakaken bilih wonten tigang jinis tindakan ingkang

3

kedah dipun-gatosaken, inggih punika: (1) tindak tutur lokusi, (2) tindak tutur ilokusi, lan (3) tindak tutur perlokusi. Lokusi inggih punika tindak tutur kangge ngujaraken salah satunggaling bab jumbuh kaliyan makna tembung lan makna ukara ing bausastra lan miturut kaidah sintaksisipun. Tindak tutur lokusi namung paring informasi kemawon boten wonten maksud kangge mangaribawahi mitra tutur. Dene tindak tutur ingkang gadhah maksud lan fungsi utawi gadhah daya tuturan punika ingkang dipunsebat tindak tutur ilokusi. Tindak ilokusi angel dipun-identifikasi jalaran kedah mangertosi panutur lan mitra tutur, kapan lan wonten pundi tindak tutur punika katindakaken. Ingkang pungkasan tindak tutur perlokusi inggih punika tindak tutur ingkang ujaranipun gadhah maksud kangge mangaribawahi mitra tutur (Rustono, 1999: 36-38). Tuturan (1) “Adik gladhen maos”. Punika kalebet tindak tutur lokusi, jalaran Panutur namung paring pawarta boten wonten maksud supados mitra tutur nindakaken sawijining bab lan boten wonten maksud kangge mangaribawahi mitra tutur. Tuturan (2) “Ibu taksih olah-olah wonten pawon”. Tuturan punika upami dipun-ujaraken dening bapak dhateng putrinipun ingkang sampun ageng, boten namung paring pawarta kemawon. Nanging gadhah daya tutur supados putrinipun nindakaken sawijining bab, inggih punika supados putrinipun kala wau age-age biyantu ibunipun ingkang taksih olah-olah wonten pawon. Tuturan (2) punika ingkang dipunsebat tindak tutur ilokusi. Salajengipun tuladha tindak tutur perlokusi inggih punika (3) “Regi gabah badhe mandhap”. Tuturan (3) punika upami dipunsampekaken dhateng Petani ingkang gadhah gabah kathah, mangka boten namung paring pawarta

4

kemawon nanging gadhah pangaribawa ageng. Inggih punika dadosaken Petani kala wau ajrih lan age-age nyade gabahipun supados boten rugi. Punika ingkang dipunsebat tindak tutur perlokusi. Mekaten ugi kosok wangsulipun, menawi tuturan punika dipunujaraken dhateng petani ingkang boten gadhah gabah ingkang kathah mangka perlokusinipun inggih punika saged dadosaken petani kala wau bungah jalaran saged tumbas gabah kanthi regi ingkang murah (Rustono, 1999: 39). Tigang tindak tutur punika asring kita panggihi ing salebeting pacelathon kanthi kahanan, panggenan, wekdal, panutur lan mitra tutur tartamtu. Wonten ing siaran radio, Penyiar punika tiyang ingkang nindakaken tuturan kangge nyampekaken ide- ide, paring informasi lan paring panglipur kaliyan pamireng. Wonten mriki penyiar punika minangka panutur lan minangka mitra tuturipun inggih punika para pamireng. Penyiar minangka peran ingkang wigati kangge kalangsungan siaran. Saya prigel lan wasis anggenipun penyiar punika nindakaken tuturan ing salebeting ngasta salah setunggal adicara ing stasiun radio punapa nalika mbuka, ngisi lan nutup siaran kangge mangaribawahi pamireng, mangka saya seger lan rame siaran radio ing salah setunggal stasiun radio punika. Penyiar radio inggih punika tiyang ingkang gadhah tugas ngasta adicara ing radio (Ningrum, 2007: 19). Penyiaran radio minangka ancas saking stasiun radio kangge nindakaken komunikasi kaliyan pamireng. Salah setunggal adicara saged kasil sae utawi saged gadhah pamireng kanthi jumlah ageng lan kathah iklan ingkang mlebet punika dipuntemtukaken dening penyiar ing salebeting ngasta utawi nggesangaken adicara kasebat lumantar

5

gaya wicara utawi tuturan ingkang dipunsampekaken. Pramila wonten pintenpinten kawasisan utami ingkang kedah dipunkuwasai dening para penyiar radio. Miturut Asep Syamsul M. Romli ing bukunipun Broadcast Journalism, wonten tigang kawasisan ingkang kedah dipunkuwasai dening penyiar radio, inggih punika: (1) kawasisan wicara, profesi penyiar punika nindakaken wicara utawi nindakaken komunikasi sacara lisan. Pramila penyiar kedah lancar wicara kanthi kualitas vokal ingkang sae, (2) kawasisan maos, ing siaran radio penyiar boten maos naskah sacara kaku, nanging kaya- kaya penyiar punika nindakaken tuturan langsung kaliyan pamireng, lan (3) kawasisan nyerat, penyiar ugi kedah nyiapaken naskah siaran piyambak ingkang katulis kanthi basa tutur sanes naskah seratan kaku kados ing kalawarti (Ningrum, 2007: 1920). Radio identik kaliyan musik utawi lagu saengga minangka media utami kangge mirengaken musik utawi lagu. mliginipun musik mujudaken kekiyatan ingkang wonten ing salah setunggal stasiun radio kangge nyedhot pamireng. Lagu campursari kalebet salah setunggal lagu ingkang ngisi adicara ing radio. Lagu punika ngginakaken basa jawi ingkang kathahipun kawontenaken ing wanci siang jalaran lagu punika alus lan saged nentremaken manah kangge nimang-nimang pamireng sare siang. Kados ing panaliten punika adicara Campursari Jampi Kangen kaputer tabuh 13.00- 15.00 saben dintenipun wonten radio Pantura FM. Panaliten punika katindakaken kanthi mendhet irah-irahan “Tindak Tutur Penyiar Radio ing Adicara Campursari Jampi Kangen Radio Pantura FM”

6

jalaran: (1) panyerat pengin langkung mangertosi lan mahami kajian tindak tutur mliginipun tindak lokusi, ilokusi lan perlokusi. (2) penyiar radio Pantura FM punika lanyah, ceplas-ceplos lan renyah anggenipun nindakaken tuturan ing salebeting siaran (buka, isi lan nutup siaran). (3) studio radio Pantura FM kirang langkung 2 km saking panggenan paneliti, saengga saged nggampilaken paneliti anggenipun mbetahaken data utawi informasi sanes saking radio Pantura FM. Mila saking mekaten panyerat tertarik kangge nliti tindak tuturipun penyiar radio Pantura FM ing adicara Campursari Jampi Kangen mliginipun ingkang ngemot tuturan lokusi, ilokusi lan perlokusi.

B. Momotan Prekawis Adhedhasar pratelan punika saged karumusaken momotan prekawisipun: 1. Kados pundi wujud tindak tutur lokusi penyiar radio ing adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM? 2. Kados pundi

wujud tindak tutur ilokusi penyiar radio ing adicara

Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM? 3. Kados pundi

wujud tindak tutur perlokusi penyiar radio ing adicara

Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM?

C. Ancasing Panaliten Kados ingkang sampun karumusaken wonten momotan prekawis ing nginggil, mila panaliten punika mengku ancas: 1. Kangge mangertosi kados pundi wujud tindak tutur lokusi ing tuturanipun penyiar radio ing adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM.

7

2. Kangge mangertosi kados pundi wujud tindak tutur ilokusi ing tuturanipun penyiar radio ing adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. 3. Kangge mangertosi kados pundi wujud tindak tutur perlokusi ing tuturanipun penyiar radio ing adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM.

D. Mupangating Panaliten Mupangat ing panaliten punika wonten kalih, inggih punika mupangat teoritis lan mupangat praktis. 1. Mupangat Teoritis Mupangat teoritisipun arupi wontenipun sumbang sih kangge perkembangan bidang linguistik ingkang nyakup aspek pragmatik mliginipun kajian tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi. 2. Mupangat Praktis Dene mupangat praktisipun saged dipun-ginakaken minangka sumbang sih tumrap para mahasiswa basa, guru basa lan para peminat wucalan ilmu basa supados langkung mangertosi lan mahami sarta wasis ngginakaken basa utaminipun ing kajian pragmatik babagan tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi.

E. Panandhesing Tembung Supados langkung gamblang lan langkung mahami punapa maksud saking irah-irahan ing panaliten punika, ing ngandhap punika kajlentrehaken istilahistilah:

8

1. Tindak Tutur Tindak tutur inggih punika tindakan - tindakan ingkang dipunwujudaken lumantar tuturan (Yule, 2006: 82). Ing panaliten punika mligi njlentrehaken tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi. a. Tindak tutur lokusi inggih punika Tindak tutur kangge ngujaraken sawijining bab kanthi tembung lan ukara ingkang jumbuh kaliyan makna ing salebeting bausastra lan miturut kaidah sintaksisipun. b. Tindak tutur ilokusi inggih punika tindak tutur ingkang ngemot maksud lan fungsi utawi gadhah daya tuturan. c. Tindak tutur perlokusi inggih punika tindak tutur ingkang gadhah maksud kangge mangaribawahi mitra tutur. 2. Penyiar Radio Tiyang ingkang gadhah tugas ngasta adicara ing radio dipunsebat penyiar radio (Ningrum, 2007: 19). Penyiar radio ing panaliten punika minangka sumber data kangge nliti punapa ingkang dados ancas saking panaliten, inggih punika kangge mangertosi kados pundi wujud tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi penyiar radio ing adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. 3. Adicara Campursari Jampi Kangen Mujudaken salah satunggaling nami adicara ing siaran radio Pantura FM ingkang muter lagu-lagu campursari selami kalih jam, inggih punika wiwit tabuh 13 paripurna tabuh 15 saben dintenipun.

9

4. Pantura FM Pantura FM inggih punika nami salah satunggaling stasiun radio Swasta ing kota pemalang tepatipun wonten dusun Panjunan Kidul No. 12B Kecamatan Petarukan ingkang frekuensinipun 104.90 FM minangka objek saking panaliten.

F. Metodhe Panaliten 1. Pendekatan Panaliten Pendekatan wonten ing panaliten punika wonten kalih, inggih punika pendekatan sacara teoritis lan pendekatan sacara metodologis. Ing

panaliten

punika

pendekatan

teoritisipun

ngginakaken

pendekatan pragmatik. inggih punika pendekatan panaliten basa adhedhasar sudut pandang pragmatik ingkang njlentrehaken maksud sawiji tuturan ing salebeting peristiwa komunikasi (Rustono, 1999: 18). Panaliten punika ngrembag wujud tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi ing tuturanipun penyiar radio ing salebeting nindakaken siaran wiwit buka ngantos purna wonten adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. Dene pendekatan metodologis ing panaliten punika ngginakaken pendekatan kualitatif ingkang asipat deskriptif. Inggih punika pendekatan ingkang ngasilaken data deskriptif arupi tembung-tembung utawi tuturan saking panutur lan mitra tutur ingkang dipunamati, sanes data ingkang awujud angka. Ing panaliten punika panyerat ndeskripsikaken wujud

10

tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi ing tuturanipun penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. 2. Sumber Data lan Data Sumber data ing panaliten punika penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen Radio Pantura FM. Dene Data ingkang badhe dipuntliti ing salebeting panaliten punika arupi data lisan inggih punika tuturanipun penyiar radio ing adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM ingkang ngemot tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi. 3. Teknik Pangempalan Data Ing panaliten punika panyerat ngempalaken datanipun ngginakaken metode rekam, semak lan serat. Panyerat ngginakaken alat rekam elektronik arupi tape recorder sarta kaset kangge ngrekam tuturanipun penyiar radio ing adicara Campursari Jampi Kangen ing salebeting siaran wiwit buka ngantos purna. Kagiyatan ngrekam punika katindakaken tanpa pangertosan penyiar minangka sumber data (Sudaryanto, 1993: 135). Salajengipun rekaman wau dipunsemak lan dipunserat sedaya tuturanipun penyiar radio saengga dados tuturan ingkang wujudipun wacana. Tuturan ingkang wujudipun wacana wau lajeng dipunanalisis jumbuh kaliyan ancas saking panaliten, inggih punika nemtokaken tuturan pundi kemawon ingkang kaanggep ngemot tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi. Data ingkang sampun wonten lajeng dipunkelompokaken lan dipunserat ing kartu data. Komponen-komponen ingkang ngisi kartu data inggih punika angka data, tuturan, analisis data, lan jinis tindak tutur.

11

Kartu data lan isinipun kala wau saged kajlentrehaken kados ing ngandhap: a. Kaping sepisan kaisi angka data. Data punika dipunparingi angka jumbuh saking urutan seratan ing kartu data supados langkung gampil anggenipun nganalisis. b. Kaping kalih kaisi tuturanipun penyiar radio. Tuturan punika kaserat awujud penggalan-penggalan sesue kaliyan punapa ingkang badhe dipunanalisis. c. Kaping tiga kaisi analisis ingkang njlentrehaken punapa tuturan ing data kalebet tindak tutur lokusi, ilokusi punapa kalebet tindak tutur perlokusi. 4. Teknik Analisis Data Data

ingkang

sampun

dipunkempalaken

punika

lajeng

dipunanalisis ngginakaken metode padan, yaitu metode yang alat penentunya berada di luar, terlepas dan tidak menjadi bagian dari bahasa (langue)

yang

bersangkutan

(Sudaryanto,

1993:

13).

Analisis

katindakaken kanthi ngidentifikasi wujud tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. 5. Teknik Penyajian Hasil Analisis Data Teknik penyajian hasil analisis data mujudaken paparan ngengingi wujud tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi ingkang dipun-ginakaken penyiar radio. Paparan punika ngginakaken metode informal, inggih punika ngrumusaken kanthi tembung-tembung biasa (Sudaryanto, 1993: 145).

12

Panyerat njlentrehaken data ngginakaken basanipun panyerat sanes data ingkang awujud angka utawi lambang.

G. Tata Rakiting Panyeratan Tata rakiting panyeratan skripsi punika badhe dipunsajikaken ing sekawan bab ingkang kaserat kados ing ngandhap: Bab I minangka purwakaning seratan ingkang ngrembag sedaya ingkang dados pawadan pamilihing irah-irahan, momotan prekawis, ancasing panaliten, mupangat panaliten, panandhesing tembung, metodhe panaliten, lan tata rakiting panyeratan. Kawruh ingkang dados landhesan teori kapacak ing bab II ingkang ngandharaken pangertosan pragmatik, tindak tutur, jinis-jinis tindak tutur, lan aspek situasi tutur. Bab III ngrembag Tindak Tutur Penyiar Radio ing Adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. Kangge dudutan lan pamrayogi kaserat ing bab IV minangka Panutup.

BAB II LANDHESAN TEORI

Wonten ing bab punika panyerat njlentrehaken konsep-konsep teori ingkang dipun-ginakaken ing panaliten, inggih punika: (1) pangertosan pragmatik, (2) tindak tutur, (3) jinis-jinis tindak tutur, lan (4) aspek situasi tutur.

A. Pangertosan Pragmatik Pangertosan pragmatik ing ngandhap punika kapendhet saking pintenpinten sumber, inggih punika: Wonten ing buku “Dasar-dasar Pragmatik” ingkang dipunserat dening Wijana (1996, 1) kajlentrehaken bilih pragmatik punika cabang ilmu basa ingkang nyinaoni struktur basa sacara eksternal, inggih punika kados pundi satuan basa punika dipun-ginakaken ing salebeting komunikasi. Dene Tarigan (1990: 37) nyerat Pragmatik inggih punika telaah makna sesambetan kaliyan situasi ujaran. Salajengipun Morris (1938: 6) ing Tarigan (1990: 33) gadhah pamanggih bilih Pragmatik inggih punika telaah ngengingi sesambetan antawisipun tanda kaliyan para penafsir. Levinson (1991: 9) mratelakaken bilih pendekatan pragmatik mujudaken pendekatan ingkang merhatosaken basa lan konteksipun. Wondene Leech (1988: 11) ing Rustono,1999: 1 nyatakaken pragmatik inggih punika ilmu ngengingi makna sesambetan kaliyan situasi ujar. Salajengipun kaserat bilih Pragmatik mujudaken studi ngengingi sesambetan antawisipun bentuk-bentuk linguistik lan tiyang ingkang

13

14

ngginakaken bentuk- bentuk kasebat (Yule, 2006: 5). Lan Mey (1993: 5) ing Rustono (1999 : 4) mratelakaken bilih pragmatik inggih punika ilmu ingkang nyinaoni basa ingkang gegayutan kaliyan panutur. Mupangat sinau basa lumantar pragmatik, bilih setunggal tiyang saged nindakaken tuturan ngengingi makna ingkang dipunpikajengaken tiyang sanesipun, asumsi, maksud utawi ancas tiyang sanes lan jinis- jinis tindakan (tuladhanipun: permohonan) ingkang dipuntindakaken nalika wicara. Upami wonten kalih tiyang ingkang nindakaken pacelathon sacara boten langsung pinten- pinten prekawis lan maringi dudutan ing satunggaling bab sanes tanpa paring bukti linguistik ingkang saged dados sumber `makna` ingkang gamblang ngengingi punapa ingkang taksih dipunandharaken, mangka saged dadosaken pamahaman maksud ingkang benten antawisipun panutur lan mitra tutur. Dados, pragmatik punika ngajak kados pundi setunggal tiyang saged mangertosi tiyang sanesipun sacara linguistik lan domang punapa maksud ingkang wonten ing sajroning pikiran tiyang sanes lumantar tuturanipun. Saking definisi-definisi para ahli punika, Rustono (1999: 5) lajeng mendhet dudutan bilih pragmatik punika bidang linguistik ingkang nyinaoni hubungan timbal balik antawisipun fungsi tuturan lan wujud (struktur) tuturan.

B. Tindak Tutur Tindak tutur mujudaken bab ingkang wigati ing kajian pragmatik. Ngujaraken setunggal tuturan tartamtu saged dipunsebat nindakaken sewiji tumindak

(mempengaruhi,

menyuruh)

ingkang

kadangkala

sengaja

15

ngucapaken utawi ngujaraken tuturan kasebat. Kagiyatan nindakaken tuturan punika ingkang mujudaken tindak tutur utawi tindak ujar. Salah setunggaling tuturan saged dipunsebat minangka tindak tutur menawi syaratipun cetha. Miturut Dell Hymes (1972) ing Chaer lan Leonie (2004: 48), peristiwa tutur kedah kawontenan wolung komponen ingkang dipunkempalaken dados tembung “speaking” kados ing ngandhap:

S P E A K I

N G

(= Setting and scene), yaitu waktu, tempat dan suasana peristiwa tutur. (= Participants), yaitu penutur, mitra tutur atau pihak lain yang terlibat dalam penuturan. (= Ends: purpose and goal), yaitu maksud dan tujuan tuturan. (= Act sequences), yaitu mengacu pada bentuk dan isi ujaran. (= Key: tone or spirit of act), yaitu nada, cara dan semangat dimana suatu pesan disampaikan. (= Instrumentalities), yaitu alat yang digunakan untuk bertutur. Melalui bersemuka, media tulis atau media elektronik. (= Norm of interaction and interpretation), yaitu norma atau aturan dalam berinteraksi. (= Genres), yaitu mengacu pada jenis bentuk penyampaian seperti narasi, puisi, pepatah, doa, wawancara, diskusi, kampanye dan sebagainya.

Miturut Hymes ing nginggil punika saged ketingal kompleks sanget kedadosan peristiwa tutur ing gesangipun bebrayan saben dintenipun. Miturut Muhammad Rohmadi (2004), teori tindak tutur kaping setunggal dipunpanggihaken dening Austin (1956), salah setunggal guru besar ing Universitas Harvard. Teori punika lajeng dipunbukukaken dening J. O. Urmson (1965) kanthi irah-irahan How to do Things with Words?. Nanging teori punika wiwit ngrembaka kanthi mantep sasampunipun Searle (1969) medalaken buku kanthi judul Speech Act: An Essay in the Philosophy of

16

Language. Miturut Searle sedaya komunikasi linguistik mesthi wonten tindak tutur. Komunikasi sanes lambang, tembung lan ukara. Nanging langkung trep menawi dipunsebat asiling lambang, tembung lan ukara ingkang wujudipun tindak tutur (fire performance of speech acts). Tindak tutur mujudaken analisis ing pragmatik, inggih punika cabang ilmu basa ingkang nyinaoni basa saking aspek pengginaan aktualipun. Leech (1983: 5-6) mratelakaken bilih pragmatik punika nyinaoni maksud ujaran (kangge punapa ujaran punika katindakaken); nakenaken punapa maksud saking ujaran ingkang katindakaken dening panutur lan nggayutaken makna sinten wicara kaliyan sinten, wonten pundi, kapan lan kados pundi. Tindak tutur utawi tindak ujar kalebet entitas ingkang sipatipun sentral ing kajian pragmatik, jalaran satuan analisis pragmatik punika tindak tutur. Tindak tutur mujudaken wewaton tumrap analisis topik- topik pragmatik ingkang sanes, kadosta pra-anggapan, perikutan, implikatur percakapan, prinsip kerjasama, prinsip kesantunan lan sapanunggalanipun. Kajian pragmatik ingkang boten ndasari analisis tindak tutur punika sanes kajian pragmatik ingkang sayekti (Rustono, 1999: 33) Kanthi waton pamanggihipun Austin (1962), Gunarwan (1994: 43) mratelakaken bilih ngujaraken sawijining tuturan saged dipun-tingali minangka

nindakaken

mratelakaken

tuturan

sewiji kasebat.

tumindak Saengga

(act),

ingkang

aktivitas

ugi

pacelathon

sengaja utawi

mratelakaken tuturan kanthi ancas lan tujuan tartamtu punika mujudaken tindak tutur utawi tindak ujar (speech act).

17

Tuturan “ ngapunten, kula boten siyos pesen sate” mujudaken asil tindak tutur. Panutur boten namung ngujaraken tuturan, nanging nalika ngucapaken tuturan punika panutur ugi nindakaken satunggaling bab, inggih punika nyuwun pengapunten. Tumindak nyuwun pengapunten sami kaliyan tindakan fisik sanes, kadosta: nggebug utawi gedheg ingkang dipunproduksi kanthi nglarasaken interaksi otak lan fisik. Interaksi otak ing tigang tumindak punika sami, nanging interaksi fisikipun benten. Alat ucap ( part of speech) punika organ sarira ingkang berinteraksi nalika nindakaken tindakan nyuwun pengapunten, dene organ fisik ingkang berinteraksi nalika nindakaken tindakan nggebug lan gedheg inggih punika asta lan sirah (Rustono, 1999: 34).

C. Jinis-jinis Tindak Tutur Sesambetan kaliyan tuturan, wonten tigang jinis tindak tutur miturut Austin, inggih punika (1) tindak lokusi (locutionary act), (2) tindak ilokusi (ilocutionary act) lan (3) tindak perlokusi (perlocutionary act). Rustono, (1999: 36-38) njlentrehaken tigang tindak tutur punika kados mekaten: (1) Tindak tutur lokusi inggih punika Tindak tutur kangge ngujaraken sawijining bab kanthi tembung lan ukara ingkang jumbuh kaliyan makna ing salebeting bausastra lan miturut kaidah sintaksisipun. (2) Tindak tutur ilokusi inggih punika tindak tutur ingkang ngemot maksud lan fungsi utawi gadhah daya tuturan. (3) Tindak tutur perlokusi inggih punika tindak tutur ingkang gadhah maksud kangge mangaribawahi mitra tutur. Dene Tarigan (1990: 109) ing bukunipun “Pengajaran Pragmatik” njlentrehaken tigang tindak punika kados mekaten: Tindak lokusi (melakukan

18

tindakan untuk mengatakan sesuatu). Tindak ilokusi (melakukan sesuatu tindakan dalam mengatakan sesuatu). Tindak perlokusi (melakukan sesuatu tindakan dengan mengatakan sesuatu). Salajengipun Wijana (1996: 17-20) ing buku “Dasar-dasar Pragmatik” njlentrehaken; (1) Tindak lokusi inggih punika tindak tutur kangge nyatakaken sawijining bab, tindak punika dipunsebat the act of saying something. (2) Tindak ilokusi inggih punika tindak tutur kangge nyatakaken utawi paring pawarta lan dipun-ginakaken kangge nindakaken sawijining bab, tindak punika dipunsebat the act of doing something. Tindak ilokusi angel dipunidentifikasi jalaran kedah mangertosi panutur lan mitra tutur, kapan lan wonten pundi tindak tutur punika katindakaken. (3) Tindak tutur perlokusi inggih punika tindak tutur ingkang dipun-ujaraken kangge mangaribawahi mitra tutur, tindak punika dipunsebat the act of affecting someone. Lajeng Rahardi (2005: 35-36) njlentrehaken tigang tumindak punika kados mekaten; Tindak lokusi adalah tindak bertutur dengan kata, frasa dan kalimat sesuai dengan makna yang dikandung oleh kata, frasa dan kalimat itu. Tindak ilokusi adalah tindak melakukan sesuatu dengan maksud dan fungsi tertentu. Tindak perlokusi adalah tindak menumbuhkan pengaruh (effect) kepada mitra tutur. Chaer lan Leonie (2007: 53) kanthi buku “Sosiolinguistik Pekenalan Awal” njlentrehaken: (1) Tindak lokusi inggih punika tindak tutur ingkang nyatakaken sawijining bab ateges “berkata” utawi tindak tutur kanthi wujud ukara ingkang gadhah makna lan saged dipunpahami. (2) Tindak tutur ilokusi inggih punika tindak tutur ingkang limrahipun dipunidentifikasikaken kaliyan

19

ukara performatif ingkang eksplisit. (3) Tindak tutur perlokusi inggih punika tindak tutur ingkang gegayutan kaliyan wontenipun ujaran tiyang sanes sesambetan kaliyan sikap lan perilaku nonlinguistik saking tiyang sanes punika. Saking definisi-definisi para ahli punika saged dipunmangertosi bilih tindak tutur lokusi punika langkung gampil dipunidentifikasi tinimbang tindak tutur ilokusi lan perlokusi jalaran tindak lokusi punika identifikasinipun saged katindakaken tanpa ningali konteks tuturan ingkang wonten ing salebeting situasi ujar. Dene kangge tindak tutur ilokusi lan perlokusi punika identifikasinipun kedah ningali antawisipun panutur lan mitra tutur, kapan lan wonten pundi tindak tutur punika katindakaken lan sapanunggalanipun. Kangge nggampilaken identifikasi, wonten pinten-pinten verba utawi tembung kriya kangge nemtokaken tindak tutur ilokusi lan tindak tutur perlokusi. Inggih punika kados ingkang panyerat pendhet saking Rustono, Tarigan lan Louise Cummings wonten ing ngandhap punika. “Untuk memudahkan identifikasi, ada beberapa verba yang menandai tindak tutur ilokusi. Beberapa verba itu antara lain melaporkan, mengumumkan, bertanya, menyarankan, berterima kasih, mengusulkan, mengakui, mengucapkan selamat, berjanji, mendesak, dsb” (Leech: 1983 ing Rustono, 1999: 38). Tarigan (1990: 114) menuliskan verba ilokusi yaitu: melaporkan, mengumumkan, meramalkan, mengakui, menanyakan, menegur, memohon, menyarankan, memerintahkan, memesan, mengusulkan, mengungkapkan, mengucapkan selamat, mengucapkan terima kasih, menyajikan, mendesak. Louise Cummings (2007: 9), ujaran-ujaran yang mempunyai daya (konvensional) kadosta: memberitahu, memerintah, mengingatkan, melaksanakan.

20

Lan kangge verba perlokusi inggih punika:

“Ada beberapa verba yang dapat menandai tindak perlokusi. Beberapa verba itu antara lain membujuk, menipu, mendorong, membuat jengkel, menakut-nakuti, menyenangkan, melegakan, mempermalukan, menarik perhatian, dan sebagainya” ( Leech: 1983 dalam Rustono, 1999: 39). Tarigan (1990: 114), verba-verba perlokusi antara lain: mendorong penyimak mempelajari bahwa, meyakinkan, menipu, memperdayakan, membohongi, menganjurkan, membesarkan hati, menjengkelkan, mengganggu, mendongkolkan, menakuti, memikat, menawan, menggelikan hati, membuat penyimak melakukan; mengilhami, mempengaruhi, mencamkan, mengalihkan, mengganggu, membingungkan; membuat penyimak memikirkan tentang: mengurangi ketegangan,memalukan, mempersukar, menarik perhatian, menjemukan, membosankan. Louis Cummings (2007: 10) verba untuk menandai tindak perlokusi adalah: meyakinkan, membujuk, menghalangi.

Supados langkung mahami tigang tindak tutur punika, ing ngandhap kaparingaken tuladha-tuladha saking tigang tindak tutur kasebat. (1) “Ani sinau maca” (2) “Didi dolanan gitar”. Kalih tuturan ing nginggil punika kalebet tindak tutur lokusi ingkang dipun-ujaraken panutur namung kangge paring informasi kemawon boten wonten maksud supados mitra tutur nindakaken satunggaling tumindak. (3) “Kalawingi, Yuli sampun seminar proposal skripsi”. (4) “Santoso lagi sakit”. Tuturan (3) menawi dipunujaraken dhumateng mahasiswa semester XII, boten namung paring informasi kemawon, nanging ugi nindakaken setunggal bab. Inggih punika paring sengkuyung supados mahasiswa kala wau age-age

21

damel skripsinipun. Dene tuturan (4) menawi dipunujaraken dhumateng tangga sakiwa tengene Santoso ingkang nyetel radio kanthi volum inggil, boten namung paring informasi kemawon, nanging ugi ngengken supados tangga wau ngelong volum utawi mejahaken radio. Tuturan (3) lan (4) punika ingkang dipunsebat tindak tutur ilokusi. (5) “Kalawingi, Bapak gerah”. (6) “Samin bebas SPP” Tuturan (5) menawi dipunujaraken tiyang ingkang boten saged ngrawuhi undangan rencangipun, mangka supados tiyang ingkang paring undangan punika maklum. Dene tuturan (6) menawi dipunujaraken guru kaliyan muridmurid, mangka perlokusinipun supados murid-murid maklum kaliyan kahanan ekonomi tiyang sepuh Samin. Tuturan (5) lan (6) punika ingkang dipunsebat tindak tutur perlokusi.

D. Aspek Situasi Tutur Situasi tutur mujudaken situasi ingkang ndhapuk tuturan. Pratelan punika jumbuh kaliyan pamawas bilih tuturan mujudaken akibat, dene situasi tutur mujudaken sebabipun. Ing komunikasi boten wonten tuturan tanpa situasi tutur. Situasi tutur wigati sanget ing kajian pragmatik. Maksud tuturan namung saged dipunidentifikasi lumantar situasi tutur ingkang wonten. Komponenkomponen situasi tutur punika ingkang dados kriteria ingkang wigati kangge nemtukaken maksud setunggaling tuturan.

22

Leech (1983: 13-15) mratelakaken bilih situasi tutur nyakup gangsal komponen utawi aspek, inggih punika panutur lan mitra tutur, konteks tuturan, tujuan tuturan, tindak tutur minangka bentuk tindakan utawi aktivitas lan tuturan minangka produk tindak verbal. 1. Panutur lan Mitra Tutur Panutur inggih punika tiyang ingkang nindakaken tuturan, tiyang ingkang mratelakaken fungsi pragmatik tartamtu ing salebeting peristiwa komunikasi. Dene mitra tutur inggih punika tiyang ingkang dados sasaran lan lawan tutur ing salebeting penuturan. Ing salebeting nindakaken komunikasi, peran panutur lan mitra tutur katindakaken sacara gilirgumantos. Ingkang kawitan dados panutur ing tahap salajengipun saged dados mitra tutur lan kosok wangsulipun ingkang kawitanipun minangka mitra tutur ing tahap salajengipun saged dados panutur. Aspek-aspek ingkang gegayutan kaliyan komponen panutur lan mitra tutur kadosta: yuswa, latar belakang sosial ekonomi, jenis kelamin, tingkat pendidikan lan tingkat keakraban. 2. Konteks Tuturan Ing salebeting tata basa konteks tuturan punika nyakup sedaya aspek fisik utawi latar sosial ingkang wonten sesambetanipun kaliyan tuturan ingkang dipunekspresi. Konteks ingkang sipatipun fisik inggih punika fisik tuturan kaliyan tuturan sanesipun ingkang dipunsebat ko-teks, inggih punika ekspresi ingkang njlentrehaken maksud. Dene konteks situasi sosial lazim dipunsebat konteks. Ing pragmatik konteks punika ateges sedaya latar belakang kawruh ingkang kapahami sesarengan

23

dening panutur lan mitra tutur. Konteks punika mbiyantu mitra tutur kangge nafsiraken maksud ingkang badhe dipunsampekaken panutur. Miturut Alwi et al (1998: 421) ing bukunipun Rustono (1999: 21) mratelakaken bilih konteks kasusun saking pinten–pinten unsur, kadosta: panutur, mitra tutur, wekdal, panggenan, situasi, topik, peristiwa, bentuk amanat, kode lan sarana. Bentuk amanat minangka unsur konteks saged arupi: surat, essay, iklan, pemberitahuan lan pengumuman. Kode gegayutan kaliyan ragam basa ingkang dipun-ginakaken, punapa ragam basa Indonesia baku, basa Indonesia logat daerah punapa ragam basa daerah. Dene unsur konteks ingkang arupi sarana punika piranti komunikasi ingkang saged awujud tuturan tatap muka langsung utawi lumantar telepon, surat, televisi utawi radio. 3. Ancasing Tuturan Ancasing tuturan punika punapa ingkang badhe kagayuh panutur kanthi nindakakaken tindakan bertutur. Sedaya tiyang normal ingkang nindakaken tuturan mesthi gadhah ancas ing tuturanipun. Prekawis punika nandhakaken bilih mokal menawi wonten tuturan ingkang boten gadhah ancas, benten kaliyan tuturanipun tiyang ingkang boten normal ingkang boten gadhah ancas ing tuturanipun. 4. Tindak Tutur minangka Bentuk Tindakan utawi Aktivitas Nindakaken setunggaling tuturan saged kasebat nindakaken setunggal tindakan (act). Austin: 1962, Gunarwan: 1994 lan Kaswanti Purwa: 1990 ing bukunipun Rustono, 1999: 30 mratelakaken bilih tindak tutur minangka setunggal tindakan kados tindakan njewer lan nendhang.

24

Nanging ing tindakan njewer ingkang gadhah peran inggih punika asta, ing tindakan nendhang ingkang gadhah peran suku, dene ing tindakan tuturan alat ucap ingkang gadhah peranan. Asta, suku lan alat ucap punika brayat saking sarira. Dados nindakaken tuturan punika saged kasebat minangka nindakaken salah setunggal tindakan utawi aktivitas. 5. Tindak Tutur minangka Produk Tindak Verbal Tindakan manungsa punika kaperang dados kalih inggih punika tindakan verbal lan tindakan non verbal. Njewer lan nendhang punika kalebet tindakan non verbal, dene wicara utawi nindakaken tuturan punika kalebet tindakan verbal. Jalaran tuturan punika kalebet tindakan verbal mangka tuturan saged dipunsebat minangka produk tindak verbal, inggih punika tindakan kangge mratelakaken tembung-tembung utawi basa.

25

BAB III PIREMBAG TINDAK TUTUR PENYIAR RADIO ING ADICARA CAMPURSARI JAMPI KANGEN RADIO PANTURA FM

Ing bab III punika kajlentrehaken wujud tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi ingkang wonten ing tuturanipun Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. Data (DT) ingkang dipunsajikaken ing panaliten punika mujudaken tuturan asli saking Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM, ingkang saged dipunbuktikaken saking wontenipun kaset rekaman. Data punika kapendhet ing surya kaping 22, 23, 24 lan 28 sasi Juni warsa 2010. Panyerat boten ningali leres lan botenipun tembung-tembung ingkang dipun-ginakaken dening Penyiar ing salebeting wicara, ananging jumbuh kaliyan ancas saking panaliten punika panyerat namung naliti kados pundi wujud tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi ing tindak tuturipun Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM.

A. Tindak Tutur Lokusi Kados ingkang sampun dipunmangertosi tindak tutur lokusi miturut Rustono (1999: 36) inggih punika tindak tutur kangge nyatakaken sawijining bab jumbuh kaliyan tegesipun tembung lan ukara ing salebeting bausastra lan miturut kaidah sintaksisipun tanpa wonten daya tutur lan boten wonten maksud kangge mangaribawahi pamireng utawi mitra tutur. Tindak punika dipunsebat the act of saying something (Wijana, 1996: 17).

25

26

Ing ngandhap punika kajlentrehaken tuturan-tuturan ingkang kalebet tindak tutur lokusi ingkang kapendhet saking tuturanipun Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. (1)

“Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh” (DT 1) Tuturan (1) punika kalebet tuturan lokusi ingkang dipun-ginakaken Penyiar radio kangge mbuka siaran.

(2) “Lumantar Radio Pantura FM ingkang masanggrah wonten Panjunan Selatan no. 12B Petarukan Pemalang Jawa Tengah Indonesia, pepanggihan sesarengan Ganis adicara Campursari Jampi Kangen ingkang nyampleng tenan njih. Mlampah tanggalipun sampun 22 sasi Juni warsa 2010 wonten dinten selasa” (DT 4) Tuturan (2) punika namung paring pawarta bilih ing dinten selasa penyiar saged ngrencangi pamireng ing adicara Campursari Jampi Kangen lumantar radio Pantura FM ingkang masanggrah ing dusun Panjunan selatan no. 12B. Data punika paring pawarta alamat stasiun radio Pantura FM lan maringi pangertosan bilih dinten selasa punika sampun mlampah tanggal 22 Juni 2010. (3)

“Rawuhipun Campursari Jampi Kangen inggih punika 2 jam, ingkang dipuntabuh 13 paripurna 15 utawi jam tiga sonten njih……” (DT 5) Tuturan (3) paring pawarta bilih adicara Campursari Jampi Kangen punika kawontenan selami kalih jam wiwit tabuh setunggal ngantos tabuh tiga sonten.

(4)

“Sumangga

saderengipun

Ganis

atur

salam

sawiji-wiji

asma

Panjenengan dipunsebat wonten atensi ingkang dipunkintun wonten

27

meja siyar nggih…….. Saderengipun Ganis badhe maringi setunggal sekar saking mas Mus Mulyadi dalan paling apik…. jalan yang terbaik……” (DT 7) (5)

“Pantura FM Pasti sesarengan Ganis ngantos paripurna 15 utawi jam tiga sonten njih, punika wonten koleksi saking mas Mus Mulyadi dalan paling apik

nang terjemah bahasa Indonesia niku jalan

terbaik……” (DT 8) Tuturan (4) lan (5) ugi sami paring pawarta sesue kaliyan makna tembung ing ukara punika . Tuturan (4) penyiar punika badhe muter sekar rumiyin saderengipun maos atensi. Tuturan (5) paring pawarta adicara Campursari Jampi Kangen punika paripurna tabuh tiga sonten. (6)

“Radio Pantura FM Pasti taksih adicara Campursari Jampi Kangen ngantos paripurna 15 utawi jam tiga sonten tentunya masih bersama Ganis. Ganis Ganis… dalem dalem…..” (DT 29) Tuturan (6) paring pawarta bilih adicara campursari jampi kangen taksih kaleksanan ingkang paripurna tabuh tiga sonten sareng penyiaripun ingkang asma Ganis.

(7) “Sumangga bergulir waktu demi waktu pada akhirnya ketahuilah Ganis pun kedah pamitan. Merga nengapa? Wis kesel gentenan rha karo liyane masa Ganis terus.......” (DT 41) (8)

“Wonten studio wancinipun sampun 14 langkung 55 menit. Mekaten adicara sekar-sekar Campursari Jampi Kangen mugiya saged resep wonten ing penggalihipun para pambagya” (DT 42)

28

Tuturan (7) punika paring pawarta bilih penyiar kedah nutup adicara ingkang dipunasta jalaran wekdalipun sampun telas ingkang saged ketingal saking tuturan “ bergulir waktu demi waktu”. Mekaten ugi kangge tuturan (8) ingkang paring pangertosan bilih penyiar sampun badhe nutup adicara. (9)

“Garing puja miwah puji jaya-jaya wijayanti jaya pinayungan sih ing Gusti” (DT 43) Tuturan (9) punika kalebet tuturan lokusi minangka ukara khas penyiar kangge nutup siaran.

(10) “Sekar bontotan wonten selendang biru sekaligus melengserkan dirinya Ganis harus berpamitan sampai sekian dulu” (DT 44) (11) “Pantura

FM

Pasti…!

Wassalamualaikum

warohmatullahi

wabarokatuh” (DT 46) Tuturan (10) punika

paring pratandha bilih penyiar age-age

pamitan. Lan tuturan (11) punika penyiar ngujaraken salam panutup. (12) “Sepindah dipunbika wonten koleksi jampi kangen saking kang Manto sinom rujak jeruk” (DT 47) Tuturan (12) paring pawarta bilih adicara Campursari Jampi Kangen sampun dipunwiwiti ingkang dipunbika kaliyan sekar sinom rujak jeruk saking kang Manto. (13) “Saderengipun Ganis mlampah langkung tebih maos atensi sawiji-wiji asma panjenengan dipunsebat sekar ingkang sampun karantam wonten mas Mus Mulyadi aku duwe pacar sumangga….!” (DT 52)

29

Tuturan (13) paring pawarta kaliyan pemireng sekar ingkang badhe kaputer inggih punika sekar saking mas Mus Mulyadi “aku duwe pacar”. (14) “Sumangga mbak yu Waljinah Ganis aturi wekdalipun panjenengan nembang lewat ngimpi….” (DT 61) Tuturan (14) paring pangertosan bilih sekar “ngimpi” saking Waljinah punika saged dipunmidhangetaken. (15) “Cekap sementen kemawon Pantura FM pasti” (DT 67) Tuturan (15) paring pangertosan bilih penyiar punika sampun nutup adicara Campursari Jampi Kangen. (16) “Ganis kedah pamitan, amargi wekdalipun boten cekap ngaten…….” (DT 85) Tuturan (16) ugi sami kaliyan tuturan (15), penyiar paring pawarta bilih piyambakipun kedah pamitan. Saking tuturan-tuturan ingkang sampun dipunjlentrehaken ing nginggil punika saged dipunmangertosi bilih tindak tutur lokusi ingkang wonten ing salebeting tuturanipun Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM punika awujud tuturan lokusi “memberitahukan”. Penyiar paring pangertosan utawi paring pawarta-pawarta jumbuh kaliyan kasunyatan ing kahanan punika ingkang saged ketingal saking teges tembung-tembung ingkang dipun-ginakaken Penyiar ing salebeting nindakaken tuturan. Tuturan punika namung awujud paring pawarta boten wonten maksud kangge mangaribawahi mitra tutur lan ugi boten gadhah daya tutur punapa-punapa sarta kalebet tuturan ingkang nyata.

30

B. Tindak Tutur Ilokusi Tindak tutur ilokusi inggih punika tindak tutur ingkang ngemot maksud lan fungsi utawi gadhah daya tuturan. Tindak punika dipunsebat the act of doing something. Tindak tutur ilokusi mujudaken tindak tutur ingkang ngemot maksud; gegayutan kaliyan sinten nindakaken tuturan kaliyan sinten, kapan, lan wonten pundi tuturan punika katindakaken. Ing panaliten punika sampun cetha bilih ingkang dados panutur inggih punika Penyiar radio lan mitra tuturipun inggih punika para pamireng pandhemen sekar-sekar Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. Supados langkung gampil anggenipun nemtokaken tindak tutur ilokusi punika wonten pinten-pinten verba utawi tembung kriya kangge nandhakaken tindak tutur ilokusi kados ingkang panyerat kutip saking bukunipun Rustono, Tarigan lan Louise Cummings ing ngandhap punika. “Untuk memudahkan identifikasi, ada beberapa verba yang menandai tindak tutur ilokusi. Beberapa verba itu antara lain melaporkan, mengumumkan, bertanya, menyarankan, berterima kasih, mengusulkan, mengakui, mengucapkan selamat, berjanji, mendesak, dsb” (Leech: 1983 ing Rustono, 1999: 38). Tarigan (1990: 114) menuliskan verba ilokusi yaitu: melaporkan, mengumumkan, meramalkan, mengakui, menanyakan, menegur, memohon, menyarankan, memerintahkan, memesan, mengusulkan, mengungkapkan, mengucapkan selamat, mengucapkan terima kasih, menyajikan, mendesak. Louise Cummings (2007: 9), ujaran-ujaran yang mempunyai daya (konvensional) kadosta: memberitahu, memerintah, mengingatkan, melaksanakan. Ing ngandhap punika kajlentrehaken tuturan-tuturan ingkang kalebet tindak tutur ilokusi ingkang kapendhet saking tuturanipun Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM.

31

(1)

“Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh” (DT 1) Data (1) penyiar ngujaraken salam kangge mbuka adicara. Data punika kalebet wujud tuturan ilokusi “mengucapkan salam”.

(2)

“Siyang punika cuaca nan benter, sumangga hadire rawuhipun campursari kagem menyejukan hati, menyejukan suwasana kanggo ngadhem-ngadhem. Ngadhem pikir, ngadhem awak ngaten niku njih…. Sumangga mugiya kagem jampi sayah ingkang wit enjing ngantos sonten Panjenengan sami ngasto damel makarya wonten wekdalipun kagem ngaso sinambi leyeh-leyeh utawi sinambi midhangetaken

Campursari

Jampi

Kangen

ingkang

nyampleng………” (DT 6) Tuturan (2) punika penyiar boten namung paring pawarta bilih siyang punika cuacanipun benter nanging ugi gadhah daya pangaribawa ngajak utawi ngengken mitra tuturipun (pamireng) supados midhangetaken campursari jampi kangen ing radio Pantura FM, inggih punika ketingal saking ukara ”hadhire rawuhipun campursari kagem menyejukan hati, menyejukan suwasana kanggo ngadhem-ngadhem”. (3) “Njih pundhuta sesuwatu hal yang memang paling njih! Paling berarti nomer setunggal dan terpilah dan terpilih dan terseleksi” (DT 9) Tuturan (3) penyiar nyaranaken para pamireng supados sami tliti ing satunggaling bab, inggih punika supados saged milih ingkang paling sae ing sedaya tumindakipun. Tuturan punika kalebet wujud

32

tuturan

ilokusi “menyarankan” ingkang saged katingal saking

tembung “pundhuta”. (4)

“Sumangga saderengipun Ganis atur salam sawiji-wiji di atensi Panjenengan atur salam rumiyin dumateng keluwarga Pantura njih. Wonten bapak H. Casmo Sudarsono sugeng siyang. Wonten mba Ani, mba Yanti, mba Eka, mas Dwi, mas Cipto. Punika wau sedaya ben slamet donya akhirat. Ugi mas Ello, mas Anjas, mas Bima, mas Tejo, mba Asa, mba Imelda, mas Yopi, mba Ganis mba Ganis mba Ganis………. dalem dalem dalem……. njih langkung kathah niku boten menapa sing bagi dhewe, hehehe…….” (DT 10) Tuturan (4) penyiar ngucapaken salam kaliyan keluarga besar Pantura. Punika kalebet tindak ilokusi “mengucapkan salam/selamat”.

(5)

“Sumangga malih wonten klinik Sumber Waras dumatheng bapak dokter ingkang semangat le makarya le ngasto damel njih pak njih, ampun padha ngantuk!

Sumangga menawi taksih ngaso sinambi

midhangetaken campursari nguri-nguri budaya jawi” (DT 11) Tuturan (5) penyiar ngajak supados midhangetaken campursari kangge nguri-uri budaya jawi. Saged ketingal saking ukara “Sumangga menawi taksih ngaso sinambi midhangetaken campursari nguri-nguri budaya jawi”. (6)

“Ugi boten supe ibu bidan, ibu perawat lan sedaya wonten staf kesehatan saking klinik Sumber Waras. Para supir, para OB, security keamanan ugi wonten juru masake njih sing uenak tenan. Sugeng siyang…..” (DT 12)

33

Tuturan (6) penyiar ngaturaken wilujeng kangge keluarga besar klinik Sumber Waras. Tuturan punika kalebet wujud tuturan ilokusi “mengucapkan salam”. (7)

“Atur dumatheng bapak Lurah saha stafipun njih, punika wau wonten tlatah Panjunan ingkang taksih ngasto damel memimpin semua segala stafnya supaya bisa baik dan membidangi bidangnya masing-masing. Iso kaya guru kae sih membidangi, njih pak lurah?” (DT 13) Tuturan (7) punika penyiar nindakaken tuturan kaliyan pak Lurah lan mangaribawahi pak Lurah supados saged mimpin kanthi sae.

(8)

“Lajeng warga masyarakat wonten tlatah Panjunan sing kakung sing putri sing ayu sing boten ayu sing enom sing tuwa sing sepuh sing cilik sing arep gedhi sing arep metu sing arep lahir sing arep digawe ugi wonten tlatah Petarukan

tlatah Pemalang saendhahing

nuswantara pandhemen Campursari Jampi Kangen” (DT 14) Tuturan (8) punika penyiar ngaturaken wilujeng, inggih punika kalebet ilokusi “mengucapkan salam”. (9) “Boten kesuwen niki Ganis wonten sekar ingkang kagem jampi sayah kagem jampi ngantuk. Ora kena ngantuk! Aja lali, sumangga…….!” (DT 15) Tuturan (9) penyiar punika ngumumaken bilih sekar ingkang badhe kaputer punika sekar saking mas Didi Kempot “aja lali”. Punika kalebet ilokusi “mengumumkan”. (10) “Pantura radio inggih punika adicara Campursari Jampi Kangen ingkang nyampleng…... Atur nembah nuwun dumatheng panjenengan

34

pandhemen Campursari Jampi Kangen sing kakung sing putri ingkang taksih setya tuhu ngantos paripurna 15 utawi jam 3 sonten punika sekaripun wonten mas Didi Kempot kolaborasi campursari kaliyan tarling aja lali kalih kulane” (DT 16) Tuturan (10) mujudaken ilokusi “mengucapkan terima kasih”, saged katingal saking ukara “atur nembah nuwun”. (11) “Njih sampun atur salam dhumateng keluwarga Pantura boten supe njih sedaya pecinta Pantura sahabat Pantura……” (DT 17) Tuturan (11) kalebet ilokusi “mengucapkan salam”. (12) “Wekdalipun Ganis maosaken atensi ingkang sampun dipunkintun ing meja siyar” (DT 18) Tuturan (12) punika mujudaken ilokusi “mengumumkan” lan gadhah pangaribawa supados pandhemen adicara campursari ingkang sampun kintun atensi punika siap-siap midhangetaken atensi piyambakipun dipunwaos ing radio. (13) “Mugiya panjenengan sami saged berkelanjutan berkesinambungan kintun atensi mendapat kawan, rencang, abdi, seduluran ngaten….” (DT 19) Tuturan (13) punika gadhah pangaribawa ngajak pamireng supados terus kintun atensi. (14) “Ayo kanca padha requesan!” (DT 22) Sami kaliyan tuturan (13), tuturan (14) punika penyiar ugi ngajak pamireng supados kintun atensi. Punika kalebet ilokusi “mengajak” ingkang dipuntengeri saking tembung “ayo”.

35

(15) “Ampuna ngantuk sumangga sing sumringah mawon menikmati hidup jadi lebih hidup!” (DT 26) Tuturan (15) kalebet ilokusi “menyarankan”. Saged ketingal saking tembung “sumangga sing sumringah mawon menikmati hidup jadi lebih hidup”. (16) “Iyo kedahe dipuncawel saling cawel mencawel ngaten niku njih…….!” (DT 28) Tuturan (16) punika gadhah pangaribawa supados pamireng punika kintun atensi supados saged cawel mencawel. (17) “Wekdalipun wancinipun Ganis nampi online 02854473962. suwatu kebanggaan tersendiri bisa menyelundup masuk bisa di nomer tersebut, dipuntampi njih……” (DT 30) Tuturan (17) punika penyiar ngumumaken bilih wekdal sapunika sampun saged nampi telpon, tuturan punika gadhah pangaribawa supados para pamireng sami mencet angka telpon ingkang dipunsebataken.

Punika

kalebet

ilokusi

“mengumumkan

lan

“memerintahkan”. (18) “Sugeng siyang, sampun dipuntampi 2 penelpon wonten mas Bowo ugi wonten Hadad Alwi ingkang sampun ngaturi ucapan selamat untuk anak tercinta . bimbinglah dan arahkanlah!” (DT 31) Tuturan (18) kalebet ilokusi “mengumumkan” lan “menyarankan”. Ketingal saking tembung “sampun dipuntampi” lan tembung perintah “bimbinglah dan arahkanlah”. (19) “Nah ya mencudhul maneh. Sugeng siyang Pantura FM” (DT 35)

36

Tuturan (19) penyiar ngajak pamireng supados nelpon, ketingal saking ukara penggoda ingkang dipun-ginakaken penyiar inggih punika “Nah ya mencudhul maneh”. (20) “Njih kangen-kangene mangke mawon pun, niki wekdale diwatesi. Dos pundi….?” (DT 37) Tuturan (20) punika kalebet ilokusi “bertanya” ingkang saged ketingal saking tembung “dos pundi” lan gadhah daya tutur supados tiyang ingkang taksih nelpon punika age-age mungkasi gunemanipun. (21) “Njih pun pengobat rasa kangen wis iso online, wis iso mlebet wonten telpon, saged kintun atensi, wis kurang apa ndeleh….?” (DT 38) Tuturan (21) kalebet ilokusi “bertanya”, penyiar nakenaken punapa ingkang dereng dipunparingaken dhateng pamireng. Penyiar ugi nggugah pamireng supados paring ide-ide enggal ingkang saged ketingal saking tembung “kurang apa ndeleh?” (22) “Nyuwun samudra pangaksami. Garing puja miwah puji jaya-jaya wijayanti jaya pinayungan sih ing Gusti” (DT 43) Tuturan (22) punika kalebet ilokusi “memohon maaf” ingkang saged ketingal saking ukara “nyuwun samudra pangaksami”. (23) “Rasa rindu yang menggebu-gebu esok hari insya Allah saged pinanggih malih wonten jam dan kesempatan yang sama” (DT 45) Tuturan (23) kalebet ilokusi “berjanji”. Penyiar berjanji bilih ngenjang saged pepanggihan malih wonten adicara ingkang sami. (24) “Pantura FM Pasti! Wassalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh” (DT 46)

37

Tuturan (24) kalebet ilokusi “mengucapkan salam” minangka salam panutup. (25) “Rawuhipun Campursari Jampi Kangen mugiya saged mresep lan ngrencangi panjenengan sami ingkang taksih ngaso ingkang taksih libur panjang” (DT 51) Tuturan (25) punika kalebet ilokusi “memohon” ingkang saged ketingal saking tembung “mugiya”. (26) “Terlengkapilah sekar ingkang dipunsuwun, mula rawuh mawon wonten Pantura FM pasti…….pasti…….pasti……” (DT 53) Tuturan (26) mujudaken ilokusi “menyarankan” ingkang saged ketingal saking ukara “mula rawuh mawon wonten Pantura FM” (27) “Atur nembah nuwun sanget ingkang sampun kintun atensi” (DT 54) Tuturan (27) punika cetha sanget kalebet ilokusi “mengucapkan terima kasih” ketingal saking tembung “atur nembah nuwun”. (28) “Ingkang sampun dipunkintuni salam njih dibales ampun Mendel mawon!” (DT 55) Tuturan (28) penyiar mangaribawahi pamireng supados sami kintun atensi ingkang saged ketingal saking tembung ” njih dibales ampun Mendel mawon”. (29) “Ingkang taksih ngaso sugeng ngaso, ingkang taksih nggambar sugeng nggambar mawon. Ampun nggambar wanita cantik!” (DT 56) Tuturan (29) penyiar punika ngaturaken wilujeng lan panyaruwe. Punika

kalebet

“menyarankan”.

ilokusi

“mengucapkan

salam”

lan

ilokusi

38

(30) “Sumangga ingkang badhe tindak alun-alun nganjuk jikalau lelah istirahatlah! Jika kepanasan berteduhlah! Bernaunglah! Jika bosan menambah memori kebahagiaan kehidupan anda diisi Campursari Jampi Kangen!” (DT 57) Tuturan (30) saged ketingal penyiar paring panyaruwe lan mangaribawahi pamireng supados midhangetaken campursari jampi kangen. (31) “Mangke saged dipunonline wonten wekdal setengah tiga” (DT 59) Tuturan (31) kalebet ilokusi “mengumumkan” lan gadhah daya pangaribawa dhateng pamireng supados sami nelpon wonten wekdal setengah tiga saengga kalebet ugi ilokusi “memerintahkan”. (32) “Jangan sia-siakan kesempatan! Jagalah dan rawatlah selayaknya! Jangan pula berlebihan dalam berporsi karena hal yang berlebihan tidak baik buat kita apalagi orang lain, yang sedang-sedang saja…. (DT 60) Tuturan (32) punika kalebet ilokusi “menyarankan”. inggih punika ketingal saking tembung-tembung perintah lan tembung larangan ingkang wonten ing tuturan punika. (33) “Taksih nengga sinten ingkang badhe mlebet” (DT 62) Tuturan (33) gadhah pangaribawa supados pamireng nelpon jalaran taksih wonten wekdalipun kangge online. (34) “Sing ibu-ibu boten nate mlebet niku kalah saing napa njih?” (DT 63) Data (34) penyiar nyindir kados pundi ingkang ibu-ibu kok boten nate nelpon, ingkang nelpon tansah kakung-kakung. Tuturan punika

39

gadhah pangaribawa supados ngenjang malih ibu-ibu ingkang midhangetaken campursari nderek mlebet wonten telpon supados boten kalah kaliyan penelpon kakung. (35) “Hidup Cuma sekali jangan dibikin susah dan jangan menyusahkan!” (DT 65) Tuturan (35) punika kalebet “ilokusi menyarankan”, saged ketingal saking tembung larangan “jangan” (36) “Sawingkingipun wonten mbak Asa wonten adicara Pop ACI “Aku Cinta Indonesia” untukmu hai pecinta musik Indonesi” (DT 66) Tuturan (36) punika kalebet ilokusi “mengumumkan” lan gadhah pangaribawa

supados

pamireng

ingkang

remen

musik-musik

Indonesia punika tansah setya tuhu kaliyan Pantura FM. (37) “Sugeng siyang sugeng ngaso sugeng leyeh-leyeh” (DT 69) Tuturan (37) kalebet ilokusi “mengucapkan selamat” saged ketingal saking tembung “sugeng siyang” (38) “Sumangga kagem jampi sayah jampi kangen sekar-sekar Campursari Jampi Kangen Pantura pasti…..” (DT 70) Tuturan

(38)

penyiar

mangaribawahi

pamireng

supados

midhangetaken sekar campursari jampi kangen wonten Pantura pasti. Punika kalebet ilokusi “mengajak”. (39) “Informasi terbaru terkini cuaca wonten tlatah Panjunan Petarukan sapunika sampun mendung” (DT 71 ) Tuturan (39) gadhah pangaribawa supados pamireng punika sedia payung lan atos-atos menawi badhe dhateng dusun Panjunan.

40

(40) “Atos-atos mawon dhumateng panjenengan ingkang taksih wonten perjalanan taksih wonten margi waspada siaga I ngaten niku njih…….! Ingkang wonten jemuran supados age-age dintasi dipunamanake” (DT 72) Tuturan (40) kalebet ilokusi “menyarankan” ingkang taksih wonten gegayutanipun kaliyan tuturan (39). (41) “Musime jawah niku wedang jae saged kangge anget-anget ngaten njih…!” (DT 73) Tuturan (41) ugi sami kalebet “ilokusi menyarankan” supados pamireng ngunjuk wedang jae kangge ngangeti badan. (42) “Wayahe Ganis nampi telpon” (DT 75) Tuturan (42) kalebet ilokusi “mengumumkan” lan gadhah pangaribawa supados pamireng age-age mlebet wonten telpunipun Pantura FM, saengga kalebet ugi tuturan ilokusi “memerintahkan” . (43) “Wonten tlatah kebojongan ugi sami grimis kados tlatah Panjunan” (DT 76) Tuturan (43) punika gadhah pangaribawa supados tiyang ingkang badhe tindak wonten dusun Kebojongan punika atos-atos. Tuturan punika kalebet tuturan ilokusi “menyarankan”. (44) “Wonten berita kehilangan. Telah hilang STNK sepeda motor supra atas nama dr. Hermawan…………..” (DT 78) Tuturan (44) punika kalebet ilokusi “mengumumkan” lan gadhah pangaribawa supados menawi wonten tiyang ingkang nemukaken saged ngubungi radio Pantura utawi saged langsung dipunparingaken

41

dhumateng tiyang ingkang kagungan STNK kasebat, saengga tuturan punika ugi kalebet tuturan ilokusi ingkang ngemot “perintah”. (45) “Ingkang taksih dhahar siyang supados langkung sedhep” (DT 79) Tuturan (45) punika mangaribawahi pamireng ingkang taksih dhahar supados sinambi midhangetaken campursari jampi kangen supados langkung sedhep anggenipun dhahar. (46) “Mugi-mugi

atensi

berkesinambungan

panjenengan dados

sedaya

sahabat

saged

Pantura

berkelanjutan yang

begitu

istimewa…….” (DT 81) Tuturan (46) punika kalebet ilokusi “memohon” supados pamireng saged kintun atensi kanthi terus-terusan. Saged ketingal saking tembung “mugi-mugi”. (47) “Ayo sapa iku sing mlebet kok ora sida merga wau kepencet?” (DT 83) Tuturan (47) kalebet ilokusi “bertanya”, saged ketingal saking tembung “sapa”. (48) “Gunakanlah kesempatan sebaik mungkin sebelum Ganis tutup!!!” (DT 84) Tuturan (48) gadhah pangaribawa supados pamireng age-age nelpon saderengipun wekdalipun dipuntutup. Tuturan punika kalebet tuturan ilokusi “memerintah” (49) “ Ganis kedah pamitan amargi wekdalipun boten cekap ngaten” (DT 86) Tuturan (49) punika cetha sanget kalebet ilokusi “mengumumkan” bilih adicara Campursari Jampi Kangen punika badhe katutup lan

42

tuturan punika ugi paring sabab ingkang dadosaken pamireng langkung mangertos. Saking pinten-pinten tuturan ilokusi ingkang sampun dipunrembag ing nginggil punika saged dipunmangertosi bilih wujud tindak tutur ilokusi ingkang wonten ing tuturanipun Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM inggih punika ilokusi “mengucapkan salam, memerintahkan, menyarankan, mengajak, menghimbau, mengumumkan, mengumumkan lan memerintahkan, mengucapkan terima kasih, bertanya, berjanji, lan memohon”.

C. Tindak Tutur Perlokusi Tindak tutur perlokusi inggih punika tindak tutur ingkang katindakaken kangge mangaribawahi mitra tutur. Tindak perlokusi dipunsebat The Act of Affecting Someone. Setunggal tuturan ingkang dipunujaraken salah setunggal tiyang asring gadhah daya pangaribawa utawi efek tumrap ingkang midhangetaken. Efek punika saged dipunsengaja utawi boten dipunsengaja. Kangge nemtokaken tuturan ingkang kalebet tuturan perlokusi, wonten pinten-pinten verba utawi tembung kriya kangge mratandhani bilih tuturan punika kalebet tuturan perlokusi ingkang panyerat pendhet saking Rustono, Tarigan lan Louise Cummings. Inggih punika: “Ada beberapa verba yang dapat menandai tindak perlokusi. Beberapa verba itu antara lain membujuk, menipu, mendorong, membuat jengkel, menakut-nakuti, menyenangkan, melegakan, mempermalukan, menarik perhatian, dan sebagainya” ( Leech: 1983 dalam Rustono, 1999: 39). Tarigan (1990: 114), verba-verba perlokusi antara lain: mendorong penyimak mempelajari bahwa, meyakinkan, menipu, memperdayakan,

43

membohongi, menganjurkan, membesarkan hati, menjengkelkan, mengganggu, mendongkolkan, menakuti, memikat, menawan, menggelikan hati, membuat penyimak melakukan; mengilhami, mempengaruhi, mencamkan, mengalihkan, mengganggu, membingungkan; membuat penyimak memikirkan tentang: mengurangi ketegangan,memalukan, mempersukar, menarik perhatian, menjemukan, membosankan. Louis Cummings (2007: 10) verba untuk menandai tindak perlokusi adalah: meyakinkan, membujuk, menghalangi.

Ing ngandhap punika kajlentrehaken tuturan ingkang kalebet tindak tutur perlokusi saking tuturanipun Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM. (1)

“Bulan Juli Pantura FM tambah nggemesi” (DT 2) Efek ingkang kaemot saking tuturan (1) punika dadosaken pamireng penasaran lan dadosaken pemireng mikiraken wonten adicara punapa mawon ing sasi Juli ing radio Pantura FM, jalaran sapunika taksih akhir sasi Juni. Data punika kalebet tindak tutur perlokusi ingkang narik kawigaten pamireng.

(2)

“Kesugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang Maha Asih mugi tansah kasarira wonten para kadang, kadang Panjenengan sedaya ingkang wonten wekdal siyang punika” (DT 3) Tuturan (2) punika gadhah pangaribawa dadosaken pamireng bungah jalaran penyiar dongakaken para pamireng supados tansah dipunwelasi dening Gusti ingkang Maha Asih.

(3)

“mba Ganis mba Ganis mba Ganis……. dalem dalem dalem……. njih langkung kathah niku boten menapa sing bagi dhewe, hehehe……..” (DT 10)

44

Tuturan (3) efekipun supados pamireng boten iri punapa jengkel kaliyan mba Ganis ingkang sampun nyebat asmanipun langkung kathah, pamireng kedah maklum jalaran mba Ganis punika penyiaripun adicara campursari jampi kangen. (4)

“Sumangga ampuna bingung menawi sampun dhahar wareg sinambi midhangetaken campursari mangke leyeh-leyeh saged ngantuk tenan! (DT 23) Tuturan (4) punika penyiar ngajak pamireng supados nindakaken punapa ingkang

dipun-ujaraken

inggih

punika midhangetaken

campursari. Tuturan punika kalebet tindak tutur perlokusi “membujuk” ingkang dipuntengeri kaliyan tembung “sumangga”. (5)

“Pantura radio pantura pasti adicara Campursari Jampi Kangen ingkang nyampleng penyejuk hati penyejuk suwasana pengikat persaudaraan wahai sahabat Pantura yang ku cinta” (DT 24) Tuturan

(5)

kalebet

perlokusi

“meyakinkan”.

Penyiar

ngeyakinaken pamireng bilih adicara campursari jampi kangen punika saged

nentremaken

manah,

nentremaken

kahanan

lan

saged

nggayutaken persaudaraan saengga pamireng tertarik kangge setya tuhu lan nderek cawe-cawe ing adicara campursari jampi kangen radio Pantura ingkang sloganipun “pasti”. (6)

“Pemirsa! Eh sajane kuwi kaya investigasi” (DT 25) Tuturan (6) punika penyiar ngajak guyonan kaliyan pamireng, penyiar nirukaken tuturanipun presenter wonten adicara Investigasi.

45

Penyiar punika nyobi damel panglipur kagem pamireng. tuturan punika kalebet wujud perlokusi “menyenangkan”. (7)

“Aja gela mas yen ora tak cawel! Aja nesu mas yen ra tak cawel!” (DT 27) Tuturan (7) gadhah efek supados pamireng maklum, boten gela punapa nesu menawi boten dipun cawel jalaran kathah sanget ingkang sampun kintun atensi.

(8)

“Ya padha karo anak putune Ganis wingi ya padha rangking siji aku ya mulane sumringah……..” (DT 32) Tuturan (8) punika pamireng supados maklum kaliyan mba Ganis ingkang langkung sumringah lan semangate makantar-kantar jalaran nembe mawon nampi pawarta ingkang mbungahaken inggih punika putranipun sami rangking setunggal.

(9)

“Sumangga dipuntampi, sapa kuwi ko ora sido? Ya wis beneran…!!! (DT 33) Tuturan (9) gadhah efek dadosaken pamireng ingkang namung miscall mawon punika ajrih mbok menawi sampun dadosaken mba Ganis jengkel. Tuturan punika kalebet tuturan ilokusi “menakutnakuti”.

(10) “Ah ya tak teken masuke nomere pokoke sing biasa mbeda sapa tak laporake komnas HAM. Tidak bisa membikin kenyamanan keadaan. Komnas HAM dirine enyong lapor kaya niku bonggan nomere sapa niku?” (DT 36)

46

Tuturan (10) punika penyiar damel ajrih pamireng ingkang miscall lan remen mbeda. Tuturan punika kalebet wujud tindak perlokusi “mengancam”. (11) “Kapankah akan diadakan nyanyi karoke? Mungkin lebih rame lagi. Oh jelas diriku juga memikirkan hal itu” (DT 39) Tuturan (11) punika paring bungah kaliyan pamireng ingkang remen karokenan jalaran wonten radio Pantura sampun ngrantam badhe ngawontenaken nyanyi karoke. (12) “Ketahuilah wahai sahabat Pantura! Di kala Ganis ngendikan bulan Juli Pantura tambah nggemesi. Wis gampangane kanggo pengobat rasa rindu juga di situ ada. Jangan kemana-mana!” (DT 40) Tuturan (11) efekipun inggih punika pamireng mikiraken adicara punapa kemawon wonten Pantura ing sasi Juli lan dadosaken pamireng langkung penasaran lan pengin enggal-enggal manggihi sasi Juli. (13) “Koleksi Campursari Jampi Kangen ingkang alus wonten sing rada kasar wonten sing krosak-krosak njih wonten, asmane mawon campursari ngaten niku” (DT 48) Tuturan (13) punika penyiar nyobi ngajak guyonan kaliyan pamireng ingkang dadosaken pamireng nggujeng. Tuturan punika kalebet wujud tindak perlokusi “menyenangkan” (14) “Sumangga sekar sanese sampun karantam wonten mriki saged dipunpundhut dipun kersakaken wonten panjenengan sami” (DT 49)

47

Tuturan (14) punika narik kawigaten pamireng supados kintun atensi punapa nelpon wonten Pantura kangge mendhet sekar ingkang dipunkersakaken. (15) “Menawi boten saged kaliyan atensi karena jangkauan ingkang tebih saged online ing 02854473962 wonten wancinipun piyambak” (DT 50) Tuturan (15) punika kalebet perlokusi “menyenangkan”, inggih punika penyiar paring pawarta bebungah bilih pamireng ingkang panggenanipun tebih ingkang boten saged kintun atensi saged nderek cawe-cawe lumantar online. (16) “Canda tawa melambangkan kebahagiaan” (DT 58) Tuturan (16) gadhah efek dadosaken pamireng mikiraken tuturan punika, jalaran boten mesthi tiyang ingkang nggujeng punika taksih gadhah raos bungah. Tuturan punika kalebet wujud tuturan perlokusi “membuat mitra tutur memikirkan tentang…..” (17) “Ayo….. sing arep rawuh wonten Pantura pintu Pantura selalu terbuka” ( DT 64) Efek ingkang wonten ing tuturan (17) inggih punika dadosaken pamireng boten lingsem rawuh wonten studio Pantura. Punika kalebet tuturan perlokusi “menyenangkan” (18) “Sawingkingipun wonten mbak Asa wonten adicara Pop ACI “Aku Cinta Indonesia” untukmu hai pecinta musik Indonesia” (DT 66) Tuturan (18) punika perlokusinipun inggih punika paring pawarta bebungah kaliyan pamireng ingkang remen musik POP ACI.

48

(19) “Ingkang nembe kondur ngasta damel, saking kantor taksih leyeh-leyeh wonten dalem. Sepenuh hati rasa keikhlasan Ganis ngrencangi panjenengan mugiya saged resep ngaten njih” (DT 68) Tuturan (19) punika kalebet perlokusi “menyenangkan”, ketingal saking tembung “sepenuh hati rasa keikhlasan” (20) “Informasi terbaru terkini cuaca wonten tlatah Panjunan Petarukan sapunika sampun mendung” (DT 71) Tuturan (20) punika saged wurungaken tiyang ingkang badhe tindak dusun Panjunan ing wekdal punika jalaran tiyang kasebat boten remen tindak wonten kahanan jawah. Tuturan punika kalebet perlokusi “menghalangi”. (21) “Musime jawah niku wedang jae saged kangge anget-anget ngaten njih……!” (DT 73) Tuturan (21) punika dadosaken bungah pamireng ingkang pedamelanipun dados bakul wedang jae, jalaran kanthi panyaruwe saking penyiar punika saged dadosaken wedang jae laris. (22) “Ingkang siyang punika dereng dhahar ndhang cepet! Gagiyan! Mengko ndhak sakit” (DT 74) Tuturan (22) punika dadosaken para pamireng ingkang dereng dhahar punika ajrih. Tuturan punika kalebet perlokusi “menakutnakuti”. (23) “Wonten tlatah kebojongan ugi sami grimis kados tlatah Panjunan” (DT 76)

49

Tuturan (23) sami kaliyan tuturan (20) inggih punika saged dadosaken boten siyosipun tiyang ingkang badhe tindak wonten dusun Kebojongan ing wekdal punika. Tuturan punika kalebet perlokusi “menghalangi”. (24) “Tiga penelpon sampun dipuntampi saking kakung-kakung. Lah sing putri-putri niku taksih padha katisen” (DT 77) Tuturan (24) kalebet perlokusi “menjengkelkan”. Inggih punika saged dadosaken jengkel pamireng putri ingkang boten raos atis. (25) “Eman-eman yen ditinggalna Campursari Jampi Kangen nyampleng tenan, eman-eman tenan yen ora dirungakna” (DT 80) Tuturan (25) punika kalebet perlokusi “membujuk” supados pamireng boten ninggalaken utawi supados pamireng tansah midhangetaken campursari jampi kangen. (26) “Sumangga taksih dipuntengga ingkang sampun mlebet ngapunten wau kepencet” (DT 82) Tuturan (26) punika supados penelpon ingkang sampun mlebet kala wau maklum jalaran boten sengaja kepencet. Saking pinten-pinten tuturan perlokusi ing nginggil punika saged dipunmangertosi bilih tindak tutur perlokusi ingkang wonten ing tuturanipun Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM punika awujud tuturan perlokusi “menarik perhatian, menyenangkan, menjengkelkan, membujuk, meyakinkan, menghibur, menakut-nakuti, menggoda, mengancam, membuat penasaran, membuat mitra tutur memikirkan tentang……, lan menghalangi”.

26

BAB IV PANUTUP

A. Dudutan Sasampunipun nindakaken panaliten “Tindak Tutur Penyiar Radio ing Adicara Campursari Jampi Kangen Radio Pantura FM” Panyerat saged mendhet dudutan ingkang wonten sesambetanipun kaliyan ancas saking panaliten, inggih punika: 1. Jumbuh kaliyan pangertosanipun, tindak tutur lokusi ing tuturanipun Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM punika awujud tuturan lokusi “memberitahukan”. Jalaran panci tindak tutur lokusi punika tindak tutur ingkang namung paring pawarta kemawon boten wonten daya tutur utawi boten gadhah pangaribawa dhateng pamireng. 2. Dene tindak tutur ilokusi ingkang wonten ing tuturanipun Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen radio Pantura FM punika gadhah daya tutur ilokusi ingkang awujud: “mengucapkan salam, memerintahkan, menyarankan, mengajak, menghimbau, mengumumkan, mengumumkan lan memerintah, mengucapkan terima kasih, bertanya, berjanji, lan memohon”. 3. Kangge tindak tutur perlokusi, efek ingkang dipunparingaken Penyiar dhateng pamireng inggih punika awujud tindak perlokusi: “menarik perhatian, menyenangkan, menjengkelkan, membujuk, meyakinkan,

50

51

4. menghibur, menakut-nakuti, menggoda, mengancam, membuat penasaran, membuat pendengar memikirkan tentang……., lan menghalangi”. 5. Saking tigang tindak tutur punika saged dipunpendhet dudutan bilih tindak tutur ingkang kathah utawi ingkang dominan wonten ing tuturanipun Penyiar radio adicara Campursari Jampi Kangen inggih punika tindak tutur ilokusi.

B. Pamrayogi Sesambetan kaliyan panaliten punika, wonten pinten-pinten pamrayogi saking panyerat. Inggih punika: 1. Wucalan tindak tutur mliginipun tindak lokusi, ilokusi lan perlokusi terutami tindak ilokusi lan perlokusi ingkang angel dipunidentifikasi punika supados langkung dipunsinaoni kanthi saestu supados saged nampi isyarat utawi ancas tuturan ingkang dipunujaraken panutur jalaran panutur nindakaken tuturan punika boten mesthi ngginakaken tembung ingkang harfiah. Kala-kala panutur punika saged ngginakaken tembung sindiran, tembung kosok wangsulan, tembung pujian lan sapanunggalanipun. 2. Anggenipun nindakaken tuturan kedahipun ngginakaken tembungtembung ingkang sae, piliha tembung-tembung ingkang trep kaliyan punapa ingkang dipunpikajengaken supados boten njalari salah tafsir lan boten dadosaken mitra tutur ngraosaken

kuciwa, jengkel lan

sapanunggalanipun. 3. Kanthi panaliten skripsi punika mugi-mugi dados inspirasi/masukan dhateng para sutresna kangge nindakaken panaliten ing salajengipun.

51

KAPUSTAKAN

Alwasilah, A. Chaedar 1993. Linguistik Suatu Pengantar. Bandung: Angkasa. Chaer, Abdul dan Leoni Agustina. 2004. Sosiolinguistik Perkenalan Awal (edisi revisi). Jakarta: Rineka Cipta. Cummings, Louise. 2007. Pragmatik Sebuah Perspektif Multidisipliner. Yogyakarta: Pustaka Pelajar. Kawuryan, Megandaru W. 2006. Kamus Lengkap Jawa-indonesia Indonesiajawa. Yogyakarta: Bahtera Pustaka. Ningrum, Fatmasari. 2007. Sukses Menjadi Penyiar, Scriptwriter dan Reporter Radio. Jakarta: Penebar Swadaya. Rahardi, R. Kunjana. 2005. Pragmatik Kesantunan Imperatif Bahasa Indonesia. Jakarta: Erlangga. Rustono. 1999. Pokok-pokok Pragmatik. Semarang: CV IKIP Semarang Press. Sudaryanto. 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa. Yogyakarta: Duta Wacana University Press. Tarigan, Henri Guntur. 1986. Pengajaran Pragmatik. Bandung: Angkasa. Usman, Husaini dan Purnomo Setiady Akbar. 2009. Metodologi Penelitian Sosial. Jakarta: Bumi Aksara. Wijana, I Dewa Putu. 1996. Dasar-dasar Pragmatik. Yogyakarta: Andy Offset Yule, George. 1996. Pragmatik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

52

DATA TUTURAN PENYIAR RADIO

Data ingkang kapendhet ing dinten selasa surya 22 Juni 2010. (1)

“Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh”.

(2)

“Bulan Juli Pantura FM tambah nggemesi”.

(3)

“Kesugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang Maha Asih mugi tansah kasarira wonten para kadang, kadang Panjenengan sedaya ingkang wonten wekdal siyang punika”.

(4)

“Lumantar Radio Pantura FM ingkang masanggrah wonten Panjunan Selatan no. 12B Petarukan Pemalang Jawa Tengah Indonesia, pepanggihan sesarengan Ganis adicara Campursari Jampi Kangen ingkang nyampleng tenan njih. Mlampah tanggalipun sampun 22 sasi Juni warsa 2010 wonten dinten selasa”.

(5)

“Rawuhipun Campursari Jampi Kangen inggih punika 2 jam, ingkang dipuntabuh 13 paripurna 15 utawi jam tiga sonten njih kawiwitan dipunbika sekaripun sepindah enten “tak enteni”. “tak enteni” pawartosipun mugiya slamet, kasugengan, karaharjan ngaten njih boten kirang setunggal punapa”

(6)

“Siyang punika cuaca nan benter, sumangga hadire rawuhipun campursari kagem menyejukan hati, menyejukan suwasana kanggo ngadhem-ngadhem. Ngadhem pikir, ngadhem awak ngaten niku njih. Sumangga mugiya kagem jampi sayah ingkang wit enjing ngantos sonten Panjenengan sami ngasto damel makarya wonten wekdalipun

kagem ngaso sinambi leyeh-leyeh utawi sinambi midhangetaken Campursari Jampi Kangen ingkang nyampleng” (7)

“Sumangga

saderengipun

Ganis

atur

salam

sawiji-wiji

asma

Panjenengan dipunsebat wonten atensi ingkang dipunkintun wonten meja siyar nggih. Saderengipun Ganis badhe maringi setunggal sekar saking mas Mus Mulyadi “Dalan paling Apik” jalan yang terbaik” (8)

“Pantura FM Pasti sesarengan Ganis ngantos paripurna 15 utawi jam tiga sonten njih, punika wonten koleksi saking mas Mus Mulyadi “dalan paling apik” nang terjemah bahasa Indonesia niku jalan terbaik”

(9)

“Njih pundhuta sesuwatu hal yang memang paling njih! Paling berarti nomer setunggal dan terpilah dan terpilih dan terseleksi”

(10) “Sumangga saderengipun Ganis atur salam sawiji-wiji di atensi Panjenengan atur salam rumiyin dumateng keluwarga Pantura njih. Wonten bapak H. Casmo Sudarsono sugeng siyang. Wonten mba Ani, mba Yanti, mba Eka, mas Dwi, mas Cipto. Punika wau sedaya ben slamet donya akhirat. Ugi mas Ello, mas Anjas, mas Bima, mas Tejo, mba Asa, mba Imelda, mas Yopi, mba Ganis mba Ganis mba Ganis…. dalem dalem dalem….. njih langkung kathah niku boten menapa sing bagi dhewe” (11) “Sumangga malih wonten klinik Sumber Waras dumatheng bapak dokter ingkang semangat le makarya le ngasto damel njih pak njih, ampun padha ngantuk!

Sumangga menawi taksih ngaso sinambi

midhangetaken campursari nguri-nguri budaya jawi”

(12) “Ugi boten supe ibu bidan, ibu perawat lan sedaya wonten staf kesehatan saking klinik Sumber Waras. Para supir, para OB, security keamanan ugi wonten juru masake njih sing uenak tenan. Sugeng siyang!” (13) “Atur dumatheng bapak Lurah saha stafipun njih, punika wau wonten tlatah Panjunan ingkang taksih ngasto damel memimpin semua segala stafnya supaya bisa baik dan membidangi bidangnya masing-masing. Iso kaya guru kae sih membidangi, njih pak lurah?” (14) “Lajeng warga masyarakat wonten tlatah Panjunan sing kakung sing putri sing ayu sing boten ayu sing enom sing tuwa sing sepuh sing cilik sing arep gedhi sing arep metu sing arep lahir sing arep digawe ugi wonten tlatah Petarukan

tlatah Pemalang saendhahing

nuswantara pandhemen Campursari Jampi Kangen” (15) “Boten kesuwen niki Ganis wonten sekar ingkang kagem jampi sayah kagem jampi ngantuk. Ora kena ngantuk! Aja lali, sumangga!” (16) “Pantura radio inggih punika adicara Campursari Jampi Kangen iingkang nyampleng. Atur nembah nuwun dumatheng panjenengan pandhemen Campursari Jampi Kangen sing kakung sing putri ingkang taksih setya tuhu ngantos paripurna 15 utawi jam 3 sonten punika sekaripun wonten mas Didi Kempot kolaborasi campursari kaliyan tarling aja lali kalih kulane” (17) “Nijh sampun atur salam dumatheng keluwarga Pantura boten supe njih sedaya pecinta Pantura sahabat Pantura”

(18) “Wekdalipun Ganis maosaken atensi ingkang sampun dipunkintun ing meja siyar” (19) “Mugiya panjenengan sami saged berkelanjutan berkesinambungan kintun atensi mendapat kawan, rencang, abdi, seduluran ngaten” (20) “Sekaripun mangke dipuntengga sawetawis sampun karantam njih!” (21) “Punika wau atensi Panjenengan setunggal-setunggal sawiji-wiji Ganis waos asma panjenengan dipunsebat. Ingkang sampun pikantuk kintunan salam njih dipunbales ampun Mendel mawon ngaten njih! pelengkap memori hidup anda. Sumangga wonten “lencir kuning” dados…” (22) “Ayo kanca padha requesan!” (23) “Sumangga ampuna bingung menawi sampun dhahar wareg sinambi midhangetaken campursari mangke leyeh-leyah saged ngantuk tenan!” (24) “Pantura radio pantura pasti adicara Campursari Jampi Kangen ingkang nyampleng penyejuk hati penyejuk suwasana pengikat persaudaraan wahai sahabat Pantura yang ku cinta” (25) “Pemirsa! Eh sajane kuwi kaya investigasi” (26) “Ampuna ngantuk sumangga sing sumringah mawon menikmati hidup jadi lebih hidup! kapiyarsa wonten wuyung menambah memori hidup anda penuh dengan keindahan wonten wuyung lajeng wonten sekar banyu kali” (27) “Aja gela mas yen ora tak cawel! Aja nesu mas yen ra tak cawel!” (28) “Iyo kedahe dipuncawel saling cawel mencawel ngaten niku njih!”

(29) “Radio Pantura FM Pasti taksih adicara Campursari Jampi Kangen ngantos paripurna 15 utawi jam 3 sonten tentunya masih bersama Ganis. Ganis Ganis…… dalem dalem……”. (30) “Njih wonten studio wancinipun sampun 14 utawi jam 2 langkung 31 menit. Wekdalipun wancinipun Ganis nampi online 02854473962. suwatu kebanggaan tersendiri bias menyelundup masuk bias di nomer tersebut . dipuntampi njih” (31) “Sugeng siyang, sampun dipuntampi 2 penelpon wonten mas Bowo ugi wonten Hadad Alwi ingkang sampun ngaturi ucapan selamat untuk anak tercinta . bimbinglah dan arahkanlah!” (32) “Ya padha karo anak putune Ganis wingi ya padha rangking siji aku ya mulane sumringah” (33) “Sumangga dipuntampi, sapa kuwi ko ora sido! Ya wis beneran” (34) “Sumangga

taksih

dipuntengga

02854473962

jangan

dibuang

kesempatan yang begitu bias menyentuh jiwa danbegitu istimewa!” (35) “Nah ya mencudhul maneh. Sugeng siyang Pantura FM. Tut…. Tut…(putus)” (36) “Ah ya tak teken masuke nomere pokoke sing biasa mbeda sapa tak laporake komnas HAM. Tidak bias membikin kenyamanan keadaan. Komnas HAM dirine enyong lapor kaya niku bonggan nomere sapa niku?” (37) “Njih kangen-kangene mangke mawon pun, niki wekdale diwatesi. Dos pundi?”

(38) “Njih pun pengobat rasa kangen wis iso online, wis iso mlebet wonten telpon, saged kintun atensi, wis kurang apa ndeleh?” (39) “Kapankah akan diadakan nyanyi karoke? Mungkin lebih rame lagi. Oh jelas diriku juga memikirkan hal itu” (40) “Ketahuilah wahai sahabat Pantura! Di kala Ganis ngendikan bulan Juli Pantura tambah nggemesi. Wis gampangane kanggo pengobat rasa rindu juga di situ ada. Jangan kemana-mana!” (41) “Sumangga bergulir waktu demi waktu pada akhirnya ketahuilah Ganis pun kedah pamitan. Merga nengapa? Wis kesel gentenan rha karo liyane masa Ganis terus” (42) “Wonten studio wancinipun sampun 14 langkung 55 menit. Mekaten adicara sekar-sekar Campursari Jampi Kangen mugiya saged resep wonten ing penggalihipun para pambagya” (43) “Nyuwun samudra pangaksami. Garing puja miwah puji jaya-jaya wijayanti jaya pinayungan sih ing Gusti” (44) “Sekar bontotan wonten selendang biru sekaligus melengserkan dirinya Ganis harus berpamitan sampai sekian dulu” (45) “Rasa rindu yang menggebu-gebu esok hari insya Allah saged pinanggih malih wonten jam dan kesempatan yang sama” (46) “Pantura FM Pasti! Wassalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh”

Data ing ngandhap punika kaserat boten jangkep kados data ingkang kawitan, jalaran tuturan penyiar punika kangge pambuka lan panutup

kaanggep sami ing saben-saben siaran. Punika data ingkang kapendhet ing dinten rabu surya 23 Juni 2010. (47) “Sepindah dipunbika wonten koleksi jampi kangen saking kang Manto sinom rujak jeruk” (48) “Koleksi Campursari Jampi Kangen ingkang alus wonten sing rada kasar wonten sing krosak-krosak njih wonten, asmane mawon campursari ngaten niku” (49) “Sumangga sekar sanese sampun karantam wonten mriki saged dipunpundhut dipun kersakaken wonten panjenengan sami” (50) “Menawi boten saged kaliyan atensi karena jangkauan ingkang tebih saged online ing 02854473962 wonten wancinipun piyambak” (51) “Rawuhipun Campursari Jampi Kangen mugiya saged mresep lan ngrencangi panjenengan sami ingkang taksih ngaso ingkang taksih libur panjang” (52) “Saderengipun Ganis mlampah langkung tebih maos atensi sawiji-wiji asma panjenengan dipunsebat sekar ingkang sampun karantam wonten mas Mus Mulyadi “aku duwe pacar” sumangga!” (53) “Terlengkapilah sekar ingkang dipunsuwun, mula rawuh mawon wonten Pantura FM pasti…….pasti…….pasti……” (54) “Atur nembah nuwun sanget ingkang sampun kintun atensi” (55) “Ingkang sampun dipunkintuni salam njih dibales ampun Mendel mawon!” (56) “Ingkang taksih ngaso sugeng ngaso, ingkang taksih nggambar sugeng nggambar mawon. Ampun nggambar wanita cantik!”

(57) “Sumangga ingkang badhe tindak alun-alun nganjuk jikalau lelah istirahatlah! Jika kepanasan berteduhlah! Bernaunglah! Jika bosan menambah memori kebahagiaan kehidupan anda diisi Campursari Jampi Kangen!” (58) “Canda tawa melambangkan kebahagiaan” (59) “Mangke saged dipunonline wonten wekdal setengah tiga” (60) “Jangan sia-siakan kesempatan! Jagalah dan rawatlah selayaknya! Jangan pula berlebihan dalam berporsi karena hal yang berlebihan tidak baik buat kita apalagi orang lain, yang sedang-sedang saja” (61) “Sumangga mbak yu Waljinah Ganis aturi wekdalipun panjenengan nembang lewat ngimpi…….” (62) “Taksih nengga sinten ingkang badhe mlebet” (63) “Sing ibu-ibu boten nate mlebet niku kalah saing napa njih?” (64) “Ayo sing arep rawuh wonten Pantura pintu Pantura selalu terbuka” (65) “Hidup Cuma sekali jangan dibikin susah dan jangan menyusahkan!” (66) “Sawingkingipun wonten mbak Asa wonten adicara Pop ACI “Aku Cinta Indonesia” untukmu hai pecinta musik Indonesia” (67) “Cekap sementen kemawon Pantura FM pasti”

Data ingkang kapendhet ing dinten kamis surya 24 Juni 2010. (68) “Ingkang nembe kondur ngasta damel, saking kantor taksih leyeh-leyeh wonten dalem. Sepenuh hati rasa keikhlasan Ganis ngrencangi panjenengan mugiya saged resep ngaten njih” (69) “Sugeng siyang sugeng ngaso sugeng leyeh-leyeh”

(70) “Sumangga kagem jampi sayah jampi kangen sekar-sekar Campursari Jampi Kangen Pantura pasti” (71) “Informasi terbaru terkini cuaca wonten tlatah Panjunan Petarukan sapunika sampun mendung” (72) “Atos-atos mawon dhumateng panjenengan ingkang taksih wonten perjalanan taksih wonten margi waspada siaga I ngaten niku njih! Ingkang wonten jemuran supados age-age dintasi dipunamanake” (73) “Musime jawah niku wedang jae saged kangge anget-anget ngaten njih….!” (74) “Ingkang siyang punika dereng dhahar ndhang cepet! Gagiyan! Mengko ndhak sakit” (75) “Wayahe Ganis nampi telpon” (76) “Wonten tlatah kebojongan ugi sami grimis kados tlatah Panjunan” (77) “Tiga penelpon sampun dipuntampi saking kakung-kakung. Lah sing putrid-putri niku taksih padha katisen” (78) “Wonten berita kehilangan. Telah hilang STNK sepeda motor supra atas nama dr. Hermawan……...”

Data ingkang kapendhet ing dinten senin surya 28 Juni 2010. (79) “Ingkang taksih dhahar siyang supados langkung sedhep” (80) “Eman-eman yen ditinggalna Campursari Jampi Kangen nyampleng tenan, eman-eman tenan yen ora dirungakna” (81) “Mugi-mugi

atensi

panjenengan

sedaya

saged

berkelanjutan

berkesinambungan dados sahabat Pantura yang begitu istimewa”

(82) “Sumangga taksih dipuntengga ingkang sampun mlebet ngapunten wau kepencet” (83) “Ayo sapa iku sing mlebet kok ora sida merga wau kepencet?” (84) “Gunakanlah kesempatan sebaik mungkin sebelum Ganis tutup!” (85) “Ganis kedah pamitan amargi wekdalipun boten cekap ngaten……”